Senin, 30 Januari 2012

SANEPAN

Sanepan ( 1 )
NALIKA aku durung bisa mikir, angka 0 iku takanggep kosong  ora ana isine. Jebul ora mengkono. Angka 0 iku angka sing paling gedhe, gedhene malah ora kira-kira, bisa mundhak-mundhak.
Angka 1 yen ketambahan 0 = 10. Ing kene 0 nduweni isi 9.
Angka 2 yen ketambahan 0 = 20. Ing kene 0 nduweni isi 18.
Angka 3 yen ketambahan 0 = 30. Ing kene 0 nduweni isi 27.
Angka 4 yen ketambahan 0 = 40. Ing kene 0 nduweni isi 36, lan sateruse...

Rabu, 05 Oktober 2011

SEPA SEPI LIR SEPAH SAMUN

(1)      UKARA kasebut klebu basa rinengga, kejaba becik tata-rakiting ukarane, uga ngandhut purwakanthi sastra. Purwakanthi sastrane, yaiku (kasebut ing njero kurung) :

(se)pa  (se)pi  lir  (se)pah (sa)mun = ana pengulangan ing suku kata  :  sa.
se(pa)  se(pi)  lir  se(pah)  samun  = ana pengulangan ing suku  kata :  pa.

Basa rinengga mengkono iku kejaba becik, edi-peni tata-rakiting ukarane, yen diucapake uga kepenak dirungu. Apamaneh mujudake ukara kang mentes, nduweni makna kang jero . Carane  panganan,  kang rumangsa ketarik, ora uwis-uwis enggone mamah, dirasak-rasakake lan krasa mirasa tumrap sing  lantip panggraitane.

Sabtu, 02 Juli 2011

Tembang : Caping Gunung

dhek jaman berjuang njur kelingan anak lanang
biyen takopeni ning saiki ana ngendi
jarene  wis menang keturutan sing digadhang
biyen nate janji ning saiki apa lali
neng gunung tak cadhongi sega jagung
yen mendhung taksilihi caping gunung
sukur bisa nyawang gunung desa dadi reja
dene ora ilang nggone padha lara lapa.

Selasa, 28 Juni 2011

Tembang : IBU PERTIWI


ibu pertiwi, paring boga lan sandhang kang murakabi
peparing rejeki manungsa kang bekti
ibu pertiwi, ibu pertiwi, sesutresna ing sesami
ibu pertiwi kang adil luhur ing budi
ayo sumungkem mring ibu pertiwi.

(Mengkono cakepane tembang Ibu Pertiwi, riptane Ki Narto Sabdo (swargi) dhalang kondhang sing nalika sugenge dedalem ing kutha Semarang ).

         Tembung 'pertiwi' asline saka tembung 'pretiwi' (basa Kawi), sing tegese : lemah utawa bumi.Ibu Pertiwi, tegese, lemah sing disebut kaya sawijining ibu, awit lemah iku nduweni watak asih kaya wataking ibu sing tresna marang anake. Ora ana sawijining ibu sing mentala ngumbar anake kaliren, senajan bapake ora mblanjani. Ya embuh kepiye budi-akale supaya bisa masak, bisa adang, supaya anake ora keluwen.

Tembang : KLINCI UCUL

ngubengi kutha, sateruse menyang desa-desa
merga aku anggoleki sing taktresnani, klinciku ucul
lunga mengetan, Surabaya, terus menyang Bali
mengulon lunga nyang Bandung, ora ketemu, aku terus nyang Jakarta
jebul ora ketemu, adhuh klinciku, aja mbeda aku
terus bali menyang Semarang klinciku wis ana kandhang
jebulane grusa-grusu, keburu napsu
wekasane montang-manting, wragate akeh, aku dhewe sing kebanting.

GRENENGAN : BOJO

(1)
          BOJO iku paringane Pangeran,kanggo ing salawase urip. Iku mau yen bisa lestari tekan tuwa, anak-anak mutu tekan mbuyut. Nanging  saka  anane godha utawa saka sabab warna-warna  jroning urip sing nyrimpeti lakune wong jejodhohan, ora sethithik jejodhohan sing banjur ambyar-bubar, pegatan. Kegawa saka umure kang isih enom banjur padha omah-omah maneh. Akeh  uga sing ora tutug, pegatan maneh lan padha omah-omah maneh.  Yen isih pegatan maneh, suwe-suwe dadi  randha  - dhudha wing wis tuwa mambu, ora payu.

Sabtu, 18 Juni 2011

14 Pedoman Hidup

(1)  Musuh terutama manusia adalah dirinya sendiri.
(2)  Kegagalan terutama manusia adalah kesombongan.
(3)  Kebodohan sifat terutama manuisia adalah  sifat menipu.
(4)  Kesedihan terutama manusia adalah rasa iri hati.
(5)  Kesalahan terutama manusia adalah mencampakkan dirinya.