Senin, 30 Agustus 2010

GAK JEGOS

JAM 10 bengi ing sawijing hotel, ana tamu lanang wadon sing tekane bareng. Mangka kamar kosong sing ana mung kari siji. Arep nulak salah siji atine ora mentala awit wong iku ya wis omong yen kabeh hotel liyane wis ora ana kamar kosong. Kepeksa sing duwe hotel nawakake cara yen padha disetujoni, yaiku , ranjang njero kamar sing anane mung siji, diwatesi guling tengahe, ora kena nglanggar menyang wilayah sing dudu wilayahe. Kekarone, tamu lanang wadon sing ora kenal iku manut, katimbang oleh enggon nginep.

Nalika padha mapan buk, omong-omong, lagi takon-tinakon, sapa jeneng endi omah lan arep menyang endi sesuke, awit enggone nginep mung suwengi. Sing wadon sing ngaku jeneng Atik, muni yen sesuk arep numpak sepur menyang Semarang." Sami menawi ngaten,mBah, kula nggih badhe nyepur ngilen, dhateng Cirebon," tembunge Wisnu, wong lanang iku, umur watara 40 taun.

Atik sing awake seger mbranyak, umure luwih enom sethithik. Ayu, rambute brintik. Awake padhet, singset, lambene dipulas abang manda-manda lan kladuk mandul-mandul dhadhane yen dienggo mlaku. Mung wae, mripate Atik pijer kethap-kethip. Glebagan ngiwa-nengen kaya angel turu. Miring, mengkurep, mlumah kaya ora kepenak kabeh. Wisnu sing bisa terus mak-seg, saka kesele.

Esuke, kekarone padha mlaku bareng menyang setasiyun sing pancen ora adoh saka hotel. Lagi wae munggah sepur, ndadak Atik muni yen dhompete keri ing hotel, ngisor bantal. Dene sing dienggo tuku karcis sepur iku mau, dhuwit recehahe ing njero sak, blas ora kelingan dhompete sing keri. Ora sranta Wisnu mencolot mudhun, mlayu sipat-kuping menyang hotel. Dhompete ketemu. Senajan napase kaya meh pedhot, isih bisa mlayu rikat, mbalik menyang setasiyun, wedi yen kepancal sepur. Sepure wis wiwit mlaku, Atik ngobah-obahake tangane karo bengak-bengok . Ora sranta pager sing dhuwure karotengah meter dilumpati Wisnu, mak-bleberrrrr...., ngoyak sepur awit yen ndadak liwat lawang peron akeh kerine.

Kanthi kangelan, Wisnu sing maune gandhulan sepur,bisa munggah. Nanging Atik malah mrengut enggone nampani dhompete sing diulungake.. Ora muni matur nuwun senajan Wisnu ya ora njaluk dimaturnuwuni, butuhe mung tetulung. Sawuse Wisnu aso napase, Atik sing lungguh kursi jejere, kumecap, " Lha hiya, nglumpati pager semana dhuwure,isa. Mlumpat guling ae kok gak jegos. Mangkel aku!*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar