Selasa, 17 Agustus 2010

MAKNANE ILIR-ILIR

lir, ilir,lir, ilir,tandure wis sumilir
takijo royo-royo, taksengguh penganten anyar
bocah angon, penekna blimbing kuwi
lu, lunyu, ya penekna,kanggo masuh dodotira
dodotira, kumitir bedhahe pinggir
jumatana, dondomana, kanggo seba mengko sore
mumpung padhang, rembulane
mumpung jembar kalangane
ya suraka..., surak hore.

          Tandur sing ijo royo-royo iku sanepane bocah sing katon seger awake. Tandur  iku terus kepiye ing sabanjure,bisa ngasilake woh (pari) sing mentes apa gabug. Iku kari gumantung ing pangrumate.( Sing kuwajuiban ngrumat, ya sing nduwe tanduran, wong atuwane. Kepiye olehe ndhidhik,nggulawenthah, mulang-wuruk).
          Senajan sing maune bocah iku ing sateruse dadi penganten (dewasa), iku ya  ora beda kayadene bocah angon. Kaya isih boca sing,durung pinter, ndadak kudu angon...., hiya ANGON HAWA NAPSUNE. Angon hawa napsu iku banget angel,akeh lan gedhe pepalange,  ora beda kaya menek wit blimbing sing lunyu, mlorat-mlorot.. Wohing blimbing plimpingane lima,ya lakonana sholat limang wektu, sranane.  Angon hawa napsu sing memtokake beja lan cilakane urip. Yen bisa angon, ya beja,  slamet uripe,kanthi nindakake sholat. Sholat ya  kudu weruh dununge, weruh i inti maknane : dilakoni, diamalake. HABLUM MINANAS,  HABLUM MINALLAH, gawe kabecikan marang sapepdhane urip lan bekti marang Pangeran,Allah Swt.
          Senajan bener wis  nglakoni, nanging sing aran menungsa, ya isih kedunungan luput, kedunungan dosa awit wis kinodrat yen menungsa iku dudu makluk sing sampurna.Wis mesthi duwe salah, kanggonan dosa jroning angon hawa napsu sing pancen rumpil,angel.  Dosane, ing tembang iku, disanepakake kayadene SUWEK DODOTE. Dodot iku sandhangane wong  Jawa jaman biyen saka jaruit, dibebetake. ora beda kaya sing diagem Kanjeng Sunan Kalijaga. Suweke dodot  sing KUMITIR BEDHAH pinggir, dondomana kareben ora katon ala,kanggo  SEBA MENGKO SORE (bali menyang jaman akhir, marak  seba ing ngarsane Gusti).
         Mumpung saiki isih urip ,mumpung isih padhang rembulane, ya enggala  ndondomi sandhangane sing suwek  iku.  Nyuwun ngapura, tobat, saya ngakehi-akehi gawe kabecikan. Yen nganti kasep,rembulane wis surup, peteng, kok lagi eling durung dondom...,lha, kojur...Ora wurung enggone  seba kanthi sandhangan suwek pating slawir,ala dadine... Nanging yen wis bisa tata-tata ing sadurunge, bisa slamet, tembunge : padhang dalane, jembar kubure........ YA SURAKA....,SURAK HORE. Surak seneng nemoni kamulyan.
         Termbang sing ngandhut makna pasemon mengkono iku mau, ya gumantung masing-masing kepiye enggone ngonceki, kepiye enggone maknani. Iku gumantung ing kadewasan pikir lan rasane dhewe-dhewe.  Bisa wae sanak-kadang liyane  kagungan oncek-oncekan sing beda, Ya nyumanggakake lan prakara  ngonceki (napsiri) mengkono iku ya ora kena kanggo bebantahan.( Turmaneh enggonku  ngempyangi melu fesbukan mengkene iki, butuhe ya mung melu ngrejakake. Bisa sambung enggone memitran karo sanak-kadang, mitra kinasih, mumpung isih padhang rembulane. Mumpung isih padha weruh padhange jagat, jagad kang gumelar tekan  jagading MAYA,  melu golek sing sakira  mupangati ).(Djajus Pete,Bojonegoro)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar