AKEH anak turune wong Jawa sing kurang bener enggone nulis basa Jawa.Akeh-akehe padha kleru enggone nulis sing kudune "a" ditulis "o" lan kurang bisa mbedakake anane vokal t lan th sarta vokal d lan dh.
Conto : meja , sega ,lara , mara , saka , ora kena ditulis mejo ' sego , loro , moro, soko. Yen lara ditulis loro, terus kepiye yen nulis loro (dua). Lara (sakit) lan loro (dua) jelas yen beda panulise. Yen enggone nulis kleru : Ibuku irunge loro. Lha, dadi lucu, endi ana wong irunge loro (dua). Tembung mrana ya kudu ditulis mrana, ora kena ditulis mrono. Kejaba panulise kleru, mrana lan mrono iku beda tegese.
mrana = ke sana (menyang papan sing adoh)
mrono = ke situ (menyang papan sing ora adoh utawa sing rada cedhak)
mrene = ke sini (papan cedhak)
Lan ya dadi lucu yen tembung cara, ditulis nganggo o, dadi coro. Cara lan coro jelas beda.
"Piye ta carane supaya bisa mlaku? (Bagaimana caranya supaya bisa berjalan?)
Yen enggone nulis kleru : " Piye to corone supoyo biso mlaku?"
Merga tulisan iku dianggep lucu, ya diwangsuli," Ya dudulen ta, corone, ngko rak mlaku. Wong coro ya wis bisa mlaku, bisa nggremet. Kanggo mbedakake panulise "t" lan "th" kanthi ngrungokake swarane lambe nalika tembung iku diucapake.
Conto : ( t ) ; sepatu , soto , tatu, tangi, takon, ketiga, ketabrak, patut, ta, putu lan sapanunggalane. (ora kena ditulis sepathu, sotho, thathu, thangi, thakon, kethiga, kethabrak, tha, puthu)). Sing lucu kanthi salahe tumpuk-tumpuk, tembung "ta" sing kudune ditulis "ta" ing fesbuk kene akeh sing nulis "tho" Salahe dadi dhobel. Kejaba salah ora perlu nganggo "h" kok ya ditulis "o", dadi saya tambah salahe. Putu yen ditulis puthu, ya lucu awit putu sing maksude cucu, dadi puthu, arane panganan.
Conto : ( th); cathut, kathok, gethuk, penthung, pethel, senthir, thukul, thethel lan sapanunggalane. (Ora kena ditulis catut, katok, getuk, pentung, petel, sentir, tukul, tetel)
Conto : (d) ; dadi , durung , kedumuk , kedudul ,kedadak , lan sapanunggalane.(Ora kena ditulis dhadhi , dhurung , kedhumuk , kedhudhul , kedhadhak )
Conto : (dh) ; dhadhu , bedhug , gludhug , bledheg , gedheg , mbedhal , mbedhil , dhudhuk , ndhodhok , lan sapanunggalane ( ora kena ditulis dadu , bedug, gludug , bledeg , gedeg, mbedal, mbedil , duduk , ndodok).
Sepisan maneh, kanggo supaya ora kleru panulise, antarane t ; th ; d lan dh , bisa kanthi ngrungoake swarane cangkem (vokal) nalika ngucapake tembung kasebut. Tembung didik ing bahasa Indonesia, yen ing basa Jawa katulis : dhidhik.
Lan ukara bsing kudune katulis "i" akeh uga wong Jawa kleru nulise, nganggo "e". Conto : pitik (pitek ), cilik (cilek), wis (wes), grimis ( grimes), nangis (nanges), mampir (mamper), apik (apek). Sing ana ing njero kurung kleru panulise.
Mengkono pangerten ngenani panulise basa Jawa sing bener. Sing akeh, klerune ing bab kasebut. Yen prakara iku bisa dikuwasani, kesalahan fatal nulis bisa disingkiri. Ora ana alane wong yen ngerti ing sabenere, katimbang kleru. Wong Jawa,prayogane ya kudu ngerti Jawane. Merga ya dadi wong Indonesia, ya kudu ngerti panulise bahasa Indonesia sing bener.****
assalamualaikum, ajeng nyuwun pirsa, sak derengipun kula nyuwun ngapunten ingkang wonten salah penulisan nggih ^_^
BalasHapusdateng malioboro penulisan malioboro ing aksara jawa maosipun malihabara, menawi ajeng nulis jogja utawi yogyakarta menapa ditulis jagja utawi yagyakarta nggih? matur nuwun