Ana sawijining penyair sing kesengsem sawuijining wanita kang sepisanan diweruhiing sawetane kandhang. Wanita iku omahe ing saelore bengawan Sala. Sawuse bisa tepungan lan asring didolani menyang omahe, penyair iku nulis guritan(puisi Jawa) kanthi ukara mengkene :
CATHETAN ( I )
ing sawetane kandhang ati kebimbang
pikir mblayang kedharang-dharang
takluru tekan papan dunungmu
dhuh wong ayu, jebul wis ana sing ndhaku
oalah
ati semplah
pikir liwung nandhang wuyung
turut lurung kesandhung-sandhung
gragapan tangi, setengah ngimpi
wis kebacut cumithak ing telenge ati
ayu mblongor ing brang lor, pupuran wangi
apa bisa ketemu ing dina mburi?
CATHETAN ( II )
madu ing lambemu
wis kadhung takulu
campur lan getihku kang umob
manjing ing ragaku
manjing ing jiwaku
tekan puputing umur
tekan lawange kubur
nanging aku ora ngerti
apa kuburku bakal koktangisi?
CATHETAN ( III )
ing pinggir bengawan
takuncalake kangenku katut iline banyu
kumampul nyanthol-nyanthol lan kelem
gawe ati njarem.