WONG urip yen wis tuwa (ngenteni metune nyawa), lagi nggetuni marang sawernane elakone kang ala. Getun anane, lagi bisa mikir jero : kok sing ngana-ngana kae, bangsane sing maksiyat nganti taklakoni mung saka nuruti rasa kemrungsung. Tibake, suwening-suwe, akhiring wong urip ing ngalam ndonya iki kok ya mung kaya ngene. Tuwa, ringseg, lara kabeh. Asil kesenengan saka sawernane laku maksiyate wis embuh parane, abot dadi sesanggane atine. Apamaneh anak-anake sing biyen digedhekake lan disekolahane ( dikuliahake) nganggo dhuwit sing ora bener, padha ora ngreken sing tuwa saka (mung) nuruti repote dhewe-dhewe...Anane mung kari getun-keduwung, kethip-kethip mripate nyawangi wuwung sing ngejojor kaku, sing ya bakal mengkono iku awake, kaku digotong kang ateges wis rampung engggone dadi wong.
Yen digagas luwih landhung...,kok isih apik wuwung omah iku tinimbang awake sing tansah nerak-nerak,nabrak-nabrak, ora weruh ing sarak (larangan). nDadekake uripe ora kepenak, tiba babak-bunyak, tambah rusak...,lara ngglethak, tangga-tanggane emoh nyedhak, saka wis padha weruh watake sing mulang-sarak, kemethak ora weruh tangga lan sanak. Bojone uwong ya digasak.
Oalah...,tibake kok ya mung kaya ngene entek-entekane.
Sakehing dosane bakal ditanggung dhewe.
Untu ompong : tandha yen wis arep digotong. Rambut putih : tandha yen wis arep mulih. Mripat bawur : tandha yen wis cedhak lawange kubur. Awak kesel : tandha yen wis arep dibuntel ( saka wis tuwane,ora kuwat ragane, gampang kesel). Oalah.., nyuwun ngapura dhuh Gusti Allah .Sakathahing dosa kula ingkang sak-ambrah-ambrah. Lan nggih nyuwun ngapura dene kula mboten nggulawenthah, ngantos anak-anak kula sami mblangkrah.
Oalah..., Mah, Kimah... Kowe saiki neng ndi, apa isih urip?, grenenge kelingan Sriamah, randha cedhak kantore biyen sing tau ngentekake bayare lan korup dhuwit kantor. Saiki, watuk cekah-cekeh, dhadhane seseg, kok ya isih kelingan Sriamah sing biyen ayu nduleg.Randha anak siji asal saja Ponorogo. Biyen, umure Sriamah watara 30 taun, untu dhuwur sisih kiwa ana sing gingsul. Yen ngguyu, manise saya dudu-dudu, gawe sirahe ngelu. Cekot-cekot, cintane tambah abot. Cleng-cleng, saya gawe gendheng. Pikir peteng, dana bantuwan desa ya di-pleng, mung kanggo nuruti seneng.
Oalah, Mah, Mah...
Guyumu kok ya renyah
Rai padhang, sumringah
Dadine saya tambah kelingan Sriamah
Wis ora mbacutake enggone njaluk sepura Gusti Allah
Saya tambah kelingan Sriamah
Wis ora mbacutak\take enggone njaluk sepura Gusti Allah.
Ya kuwi sing arane tuwa tuwas, tuwane ampas ampas.
Sedhela maneh amblas, bablas.
Uripe ora duwe tilas.*
------------------------------
------------------------------
Cathetan :
wuwung = (bubungan rumah), perangan omah sing melu berjasa kanggo ngayomi wong sajrone omah.
tilas = tipak (bekas kaki), maksude : uripe ing ngalam ndonya ora duwe tipak tinggalan sing apik.-