Jumat, 20 Agustus 2010

CANGKEM

MANGSA ketiga, panas sumelet, apamaneh ing tengah sawah. Banyu ngombe sangune Joyo Kadut sing maune kari setengah botol mung kari sethithik awit dijaluk nDimun, tangga sawah sing ngelak ngorong. nDimun diakon ngombe dhewe ing botol Aqua njero gubug, mula Joyo Kadut ya ora weruh kari sepira banyune ing botol. Bareng kepengin ngombe, weruh banyune mung kari sacingkir, Joyo Kadut nggremeng misuh-misuh.

"O....,asu! Kok ra dientekna pisan, diulu sakbotole!" pisuhe Joyo Kadut sing dhangir kacang.'Sabane sawah kok gak nggawa dhewe. Njagakna jalukan, ya penak! Banyu cara saiki tuku, isi ulang, kok njaluk!"

Pisuhe Joyo Kadut iku yen digagas sabenere ora ana gunane. Malah mitunani awake dhewe .Enggone eklas dijaluki banyu ngombe, ora ketang sepira, bakal oleh pituwas (sembulih/ganjaran). Malah bisa uga kabecikane tulung banyu iku wis dicathet ing buku-NE, kana. Bareng misuh-misuh kaya mengkono, cathetan apik ing buku bisa uga terus ditip-ex. Kanggone wong sing bisa mikir, mengkono iku rugi, ilang cathetan apike. Mangka arepa enggone misuh ping suwidak jaran punjul kebo, sisa banyu ngombene ya ora bakal owah, ora bakal tambah. Kudune, yen miturut piwulang becik, ora perlu ngresula weruh sisane banyu, trima meneng. Sukur ngucap alhamdulillah..., dene banyune kok isih ana, isih disyukuri , tinimbang entek resik.

Gunemen ala lan guneman apik iku, sabenere padha-padha ngobahake uwang. Padha-padha mangape. Omong ala,mangap. Omong apik ya mangap. Tinimbang ya padha mangape, ya luwih prayoga yen omong sing apik.Tinimbang ngrasani alane wong, ya luwih apik ngrasani apike uwong, wong ya padha mangape. Omong sing apik-apik, sing migunani tumrap awake dhewe lan ya migunani tumrape wong sing diajak omong. Ora kok malah cathetane sing apik malah ditip-ex utawa disuda bijine, saka klerune.

Akeh wong sing maune eklas tetulung, lillahi taala. Nanging bareng atine kagelan, terus ngundhat-undhat. "Apa matamu ra melek nek tau taktulung rena-rena...Merema matamu, ya eling utegmu! Kok ming kaya ngono walesmu nyang aku! nDang muni, nek pengin takjejeli watu cocotmu!"

Pisuhe ya ndhridhil, lepas kendhali. Ilang kabeh cathetane sing apik-apik enggone tetulung biyen, ditip-ex sakala. Mangka gawe kabecikan iku angel yen ora diniyati, cathetane sing apik kok dibuangi dhewe. Apa mengkono iku ora gawe rugine awak dhewe? Gela kena, nesu kena, ora maido, arane wong urip. Mung wae aja ngundhat-undhat enggone nate aweh pitulungan.

Ya anane prakara sing cilik-cilik mengkono iku sing ndadekake wong sembarana,ora mikir rugine. Tekan sing jenenge genduren, ya ana sing salah weweng. Genduren cara desaku, kejaba oleh brekat, nganggo diaturi dhahar yen kajate gedhe, sunatan apa mantenan.Kancaku sing lungguh ing sandhingku, nalika arep mangan, lambene ya muni, bismillah...Bareng wis nyendhok sega, nyamuk-nyamuk...,sakala misuh nyandhak iwak oleh rongkong, akeh balunge." Pathake siset. Joh-njaran. Balung ah, nggonku." pisuhe alon kaya nggremeng."Nggonmu apa?" semambunge karo nginguk piringku.

Lha hiya, mangka sabane ya langgar. Lha terus ing endi dununge tembung bismilllah kuwi mau? Bismilllah ing cangkeme kok kalah karo balung rongkong. Ngono kuwi ya ana ,jenenge cangkem uwong. Mangka tembung CANGKEM, jarwadhosoke : nek dicencang, mingkem, mengkono jarene. Dicencang, maksude, ditaleni ( dikendhaleni ) , aja nganti waton ngucap yen enggone ngucap gawe rugine dhewe. Becik mingkem, meneng, awit wong memeng iku akeh bathine tinimbang mangap sing akeh klerune.*