Jumat, 20 Agustus 2010

ISI NANGING KOTHONG , KOTHONG NANGING ISI ( 2 )

WONG kang nduweni kasenengan kang wis manjing ing jiwane, kasebut ISI. Isi kuwi mau, kanggo gampange rembug amrih gampang ditampa , bissa kaumpamakna warna. Apa isine IJO ; apa isine ABANG ; apa isine PUTIH , lan sapanunggalane. Mengkono uga tumrape wong kang nggilut sawenehing agama, arane ing jiwane wong mau ya ISI agama. Agama apa, ya gumantung agama sing dianut jalaran akeh wernane agama. Agama iku ageman. Ageman iku sandhangan, hiya sandhangane ngaurip , kanggo sampurnane urip yen padha temen mituhu nindakake Dhawuh (Sabda) kang kinandhut jroning agama . Kabeh agama apik awit padhadene nggegulang kautaman. Isi tuntunan marang perlune nindaake sing becik lan nyingkiri kang ala kareben ora rusak uripe. Krembyah tumandang nindakake sakehing Dhawuh iku nduweni aji kang luwih dhuwur tinimbang mung rame ing ucap ,ngecuwes mung kanggo pepantes, mung bengak-bengok karo ndhodhok, laku-lakune nggayuh kautaman ora dilakoni. Agama iku ageman, yen ageman iku ora dienggo (kaya mung dicantheklake cagak) arane banjur kepiye? Wuda ote-ote, saru dinulu.

Mangkono Sang Guru mbacutake enggone nggegulang pangerten marang cantrik-cantrike ing padhepokan pucuk gunung kang hawane seger. Ora ana kewan galak sing wani saba ing sakupenge padhepokan, kalah dening prabawane Sang Guru, wong linuwih sing wis bisa ngregem gelaring jagad dadi kari samrica jinumput.(Seluk beluk seluruh isi dunia dan kehendak yang Kuwasa telah digenggamnya). Ya amarga saka enggone wis sugih ing kautaman, remen nindakake darmaning ngaurip minangka pangabektine marang Kang Akarya Jagad : sawernane godha padha lunga; kewan galak wedi nyedhak.....Yen sira isi ABANG, sira iku ABANG, sira ora bakal ngilangake


HONG WILAHENG SEKARING BAWANA LANGGENG
KEMBANGE JAGAD HIYA KEMBANGE LANGGENG


Langgeng asmane kaya kembang mekrok sing ora bakal alum, dadi patuladhan. Senajan bener akeh kemruwet cacahe wong ing ngalam ndonya, mung sethithik kang atekat waja nggeguru mungggah pucuking arga, kepencut ngupadi kawruh ISI NANGING KOTHONG...
kang bisa gawe jiwa mencorong ( penuh cahaya aura ).



..............................
..............................


Sang Guru mbacutake mejang ilmu :

APA kang dadi isinira, kang manjing ana ing jiwanira ,senajan ta sira banget senenge marang isinira., iku ora kena kanggo poathokan maido liyan.Sira kudu bisa mardika ( bebas) kanthi "nyelehake " isi iku. Aja kleru ing panampa, tembung nyelehake iku ora ateges mbuwang utawa nyingkirake. Anane ISI isih meger-meger ing jiwamu jalaran pancen wis manjing ing jiwamu. Tegese, yen sira iku isi IJO, apa ABANG , apa PUTIH...,sira kudu bisa ngothongake jiwamu kang ateges : sira tanpa warna.

Mara coba, waspadakana...., semambunge Sang Guru karo nuduhake kaca bening kang aran Kaca Wirangi, kaca pengilon kang banget bening. Wong kudu bisa "ngothongake" jiwane kaya Kaca Wirangi iku. Kanthi mengkono, yen warna abang mara, kaca uga bisa abang (senajan sabenere kaca iku ora abang). Warna IJO mara, kaca uga bisa IJO (senajan sabenere kaca bening iku ora rupa ijo).

Mengkono uga padha pangrengkuhe marang warna-warna liyane. Putih, kuning, biru lan liya-liyane bisa ditampa kanthi becik, ora ana sing ditampik. Tanpa nganggo mbedak-mbedakake, tanpa nganggo milih endi sing disenengi lan endi sing digethingi.

Wong urip, yen enggone nyawang gelaring jagad kanthi pathokan apa sing disenengi,anane mung bakal kemrungsung,jalaran weruh apa-apa sing ora padha karo sing disenengi. Malah uga sing kosok-balen (bertentangan) karo apa sing diugemi,sing disenengi. Dadine malah saya kemrungsung mengkap-mengkap dhadhane, nesu, dhemo,rumangsa diina.(Mangka sabenere,ya ora ana sing ngina.Ya mung merga beda kesenengan).

Patrape wong kang wis bisa ngothongake isi mengkono iku, anane mung meneng saka beninge pikir lan alusing rasane.Kaca ketekan bajingan, ya bisa ditampa,kaya ya ana bajingan ing njero kaca, senajan sabenere bajingan iku ing sajabane kaca. Weruh pelacur,begengggek,balon apa upruk arane yen cara Bojonegoro, kaca bisa nampa upruk, katon kaya upruk,nanging si kaca dudu upruk. Kuwi tegese, wong urip sing wis bontos kawruhe,alus rasane, awas pandulune..., bisa nampa sakabehing kang ana ing ngalam ndonya, tanpa gething lan uga tanpa rasa seneng. Nyelehake ati ing antarane seneng lan gething, yaiku pasinaon gedhe sing banget angel lakune nggayuh yen ora ngerti cara-carane.

---------------------------------------

(bersambung)