Kamis, 19 Agustus 2010

WEDOKAN

IKI ana prakara wigati sing perlu disumurupi dening kabeh kanca lanang. Prakara wanita, sing pancen werna-werna watake. Nanging aja pisan-pisan keprojol marang wong wadon, mundhak aku diujar-ujari, dianggep mbukak rahasiane.
"Alah..., paling-paling mung arep omong saka buku nek sing rambute brintik , watake, akeh geleme dijak slingkuih. Kuwi wis mbokomomg," semaute Sular, kancaku, wong PLN.
"Ora kuwi kok."
"Sing cangkeme mblawah amba, watake, moh dikalahna wong lanang. Kabeh wong lanang mesthi mengkeret, kalah karo bojone nek cangkeme bojone mblawah amba," semambunge Sular.
" Ayo omong neng warunge lik Mo, karo ngopi kothok," tembungku karo mancal spd montorku sing mogak-mogok.
Takkandhakake yen sing arep takomong saka buku kuna sing diwaca Pakdheku , nganggo aksara Jawa sing ora kabeh wong bisa maca. Isine ngenani watake wanita sing beda-beda ing bab asmara.
"Wah,penting iki. Seneng aku. Piye, piye...," Harno sing nggames wedokan langsung ngangseg kaya ora sabar krungu bacuting kandhaku.


Senenge wong wadon marang wong lanang iku beda-beda,kaya wis kinodrat, gumantung saka watake dhewe-dhewe. Ana watak lima cacahe, aran WIRYA : RAHSA : GUNA : DANA lan WARNI.
"Wadhuh...,tekan Warni barang. Seneng aku. Warni ki rak anake lik Warno, sing ayune sadubilah, ra umum.Ayu mblongor, menthur, entute ya gak mambu blas," semaute Harno,kancaku wong Perhutani." Aku ya tau diujar-ujari Warni. Ning aku ya mung ngguyu. Ora apa-apa, gela ya ora, nek sing ngujar-ujari ayu."
"Ya, wong rupamu kaya wedhus. Ra isin." Sular ngelokake.
" Ha ha ha ha....." guyuner benghkah. Ora isin ngaku, malah nyekakak.
Terange mengkene :
1. WIRYA tegese kaluhuran. Wanita iku seneng marang wong lanang sing duwe drajat-pangkat sing ngungkuli pangkate sing bojone. Apamaneh bojone mung tani, utawa mung ngojeg, kok dikedhap-kedhepi wong pangkat, mangka watake wong wadon iku seneng marang drajat- pangkat , bisa akeh katute, jebol imane. (Jane nalika isih prawan, idham--idhamane kepengin duwe bojo wong pangkat,ora klakon....).
2. RAHSA tegese rasa. Senenge marang wong lanang kegawa saka bangete seneng marang rasa, jalaran pancen wis dadi watake wiwit lair procot ing ngalam ndonya, dhemen marang rasa. Merga wis bosen, kurang marem karo bojone. Lha, dadi gampang katut, kepencvut wong lanang liya. Oraa duwe pangkat ya gelem, cah angon ya gelem, wong butuhe mung rasa.
3. GUNA utawa kagunan, tegese, kepinteran. Lair procot wis cinorek watake, seneng marang kapinteran. Wong wadon kang mengkono iku ,seneng marang wong lanang sing pinter, sugih kawruh, sing ngungkuli kapinterane bojone. Bojone SDMe rendhah, kok neng ndalan, dicethot wong lanang pionter, lha, ra isa turu, kethap-kethip karo mecucu nyawang bojone sing ora duwe guna kapinteran.
4. DANA utawa sardana, sing tegese sugih dhuwit, sugih bandha-donya. Sing lair procor watake kadonyan, ya seneng marang wong lanang sing sugih. Kok bojone mlarat, catho-cartho uripe...,halhah..., iming-imingi dhuwit, akeh semrinthile. Nanging nek mung wong pinter utawa wong pangkat, nek gak gableg dhuwit, ya akeh emohe,wong watake mung seneng dhuwit.
5. RUPA, tegese, seneng marang rupa bagus, rupa nggantheng, sing baguse ngungkuli rupane bojone. Wong wadon sing watake gampang kepencut marang rupa bagus, malah gelem torog, cucul dhuwit utawa apa wae ora eman, kanggo nyenengake wong bagus sing diedani, digandrungi .Ora butuh njaluk dhuwit, butuhe diladeni, saka nuruti senenge ati.

....................................................................................

Senajan wis jlentreh kaya mengkono, Sular ya ngengkel, unine," Kabeh wong wedok ya seneng dhuwit. Gak enek sing ora seneng. Nek ruh dhuwit ya ijo matane.Bojoku ya ngono, malah nemen. Ruih dhuwitku limangatusan ngglindhing nyang sor amben, ya gage dibrosoti."
" Pancen ora ana wong wadon sing ora seneng dhuwit, merga kabeh wong wadon ngubetake butuh .Sing takrembvug iku mau prakara beda-bedane watak, ora prakara dhuwit. Dadi aja mbokgebyah-uyah padha asine yen wong wadon iku mesthi gelem diiming-imingi dhuwit .O...,kleru nganggo banget. Nggodha wong kok ngawur..., ketanggor sing ora seneng dhuwit, ya diujar-ujari tenan. Soale sing digodha iku watake seneng marang kapinteran. Menenge nek digodha wong pinter, nglumpruk,manut. Tanpa dhuwit ya gelem. Metu bareng, yen njajan, ya genti-genten sing ndhuwiti."
"Kula taktangklet,kadose kok gayeng sale rembagan," wong tuwa Harjo Kamin sing ngopi ing pijokan,sumela.
"Nggih, pripun,mBah?"
"Sedaya niku wau leres. Lampahing tiyang gesang menika gumantung ing watakipun. Ewasemanten, menawi kiyat imanipun minangka betenging manah , digodha rak nggih mboten mesthi gampang."
”Leres, mBah... Gumantung betengipun, moral, iman. Nanging wonten bedanipoun awit saking wontenipun watak menika wau."
"O...,dos pundi?" pitakone sawuse ngakep udute ,rokok klobot.
"Ingkang watakipun remen rupi bagus, kok digodha pak Camat, senajan duwe pangkat, ya emoh wong rupane camate pecos. Ora butuh dhuwit, ora butuh pangkat, senenge rupa bagus. Senajan imane wong wadon iku mau sabenere ringkih, ya ora katut pak Camat. Olehe emoh iku ora kok merga kuwat imane, nanging merga moh weruh pecose. Nanging bareng weruh wong bagus, mangka wong bagus iku ora nggodha, malah dheweke sing klabakan nyegat-nyegat, mbuk ethok-ethok apa, isa ae. Apamaneh nek sing bagus iku sing nggodha, bar tenan, dhadhal sakala., ambrol..... Kaya oleh gempuran sing hebat , mematikan. Serangan sing memastikan mbutuhake benteng moral sing luwih dene kuwat... Ya bisa, ning abot banget sanggane." tembungku akeh ngokone kaya taktujokake kanca-kancanku.

mBah Harjo manggut-manggut, buleg rokok mbrubul metu saka irunge.
Taksruput wedang kopiku, jam sepuluh bengi ing warung pojok desa. Swara Tadarus kempyung saka langgar-langgar, wulan Romadhon iki. Takbacutake rembugku, yen KESENENGAN iku padha karo KELEMAHAN. Yen kepengin weruh kelemahane wong, sawangen apa KESENENGANE wong iku. Seneng ngombe; seneng main kertu; apa seneng wedokan kaya Harno iku. Harno kok dithuki inuman arak ,bir,jeneweer...,ya ora diambus. Jajal nek dithuki wedokan, manut, wong neng kono kuwi kelemahane. Kok pengin njatuhnya Lurah, umpamane, setitekna, apa senengane Lurah. Kok seneng main kertu,ya dipancing, jak main kertu, wus mesthi geleme....Ora ngertiya wis ngontak polisi. Tangkep polisi, bar...,wis. Kurang bejane, ilang beslite, ilang bengkoke,* (Djajus Pete,Bojonegoro)