Kamis, 26 Agustus 2010

GURITANE SIMBAH

simbah gawe guritan
kanggo kabeh anak-putu ing paran
jare simbah :
paran ya ing sadawane dalan
ya dalane menyang lan mulih
ngambah alas setra gandamayit
sing kebak begalan dhuwit

nanging simbah ora bisa nulis
nyambat tanggane nulis ukara rong baris :
O...ALLAH, NGGER, KOK PADHA TELER
YA BEJAMU, YA CILAKAMU

jare simbah :
beja sugih mbrewu, kaya wis dadi takdirmu
kasar kethuling rasamu, dadi cilakamu.

(Bojonegoro, 2010)



Cathetan :

Gawe guritan ora angel, kabeh wong bisa yen duwe niyat. Ukarane cekak-cekak nanging diangkah mentes, ana isine. Ukara guritan (puisi) nimbulake imajinasi ing pemaose. Mikir-mikir, nggrayangi, apa maksude ukara iku? Bisa wae pemaos nduweni imajinasi sing beda karo imajinasine penulise. Malah bisa uga, saka 10 pemaos, ana imajinasi cacah 10 sing uga beda-beda siji lan seijine. Iku kena wae, ora masalah kanggone karya seni.

Ana penyair sing seneng nggunakake ukara dhakik-dhakik sing angel digrayangi pemaose. Kaya-kaya sing ngerti mung sing nulis dhewe.Kang mengkono iku ya kena-kena wae, sah-sah wae, awit saben penyair nduweni gaya (cara) dhewe-dhewe kanggo nyuntak gagasane rupa karya tulis.

Lan ya ana sing seneng nggunanake ukara sing mayar-mayar, gampang ditampa saengga bisa gampang enggone nggrayahi isi ing njerone. Ukaraku ing guritan kasebut ndhuwur, ya mayar-mayar wae, niyat taktulis ing kene kanggo kanca-kanca fesbuker. Karo kena kanggo tambahe pangerten marang sing kepengin ajar nulis guritan (puisi). Pokoke bebas tenan ngesok gagasan ing fesbuk ngene iki, ditulis dhewe, diredakturi dhewe, disebarake dhewe....,tur ya bebas tanpa sensor. Murni, tus, asli, gak ana tangan liya nggladhig ngedhit utawa nyampuri enggone berkarya.

Dene Guritane Simbah ing iku, genahe mengkene :

Simbah sing buta hurup, bisa tutur apik marang anak-putune sing urip ing paran. Sing diarani paran, ya ing ngalam ndonya iki, sing diliwati wong urip kanggo bali mulih menyang asal-mulane, mbesuk. Sing ati-ati, awit lakune urip ngliwati alas setra gandamayit sing kebak sawernane godha. (Ing crita wayang purwa, alas Setra Gandamayit iku diratoni dening Bethari Durga (Buta Wadon panjilmane widadari, Dewi Uma saka Kayangan). Ing alas kuno, akeh lelembut lan buta sing dadi reh-rehane, bangsane ilu-ilu banaspati, gendruwo, wedhon, thethekan, jrangkong, glundhung pringis, jim periprayangan lan liya-liaye. Sapa sing liwat, wis mesthi diganggu...). Kok ing guritan iku ana tembung : sing kebak begalan dhuwit, wis genah, yen alas Setra Gandamayit ing guritan iku, pasemone jaman saiki sing kebak wong mbegal dhuwit ( korup ; pungli lan sawernane sing kadonyan, melik darbeke liyan ).Yen enggone mbegal butuh dhuwit, ya wis genah yen iku dudu bangsane jim-gendruwo-wedhon sing ora katon.Genmah yen ana wong sing uga wis dadi andhahane Batahari Durga.

Senajan wis ora kurang-kurang pituture Simbah, kok ya meksa ana sing teler,mendem kadonyan. Nganti Simbah muni : ya bejamu, ya cilakamu. Beja uripe ing ngalam ndonya dene bisa sugih bandha-donya. Nanging bandha-donya sing gawe beja iku, l uga gawe cilaka saka kethuling rasane dene ora ngerti ing kautaman.

Mengkono cathetan sethithik bab guritan iku sing sabanere ora perlu takbeberake kaya mengkono. Ora tau ana, gawe guritan kok dibeberake dhewe. Perlune, kaya sing wis taksebutake ing ngarep, sing maune wedi gawe guritan, kareben suda wedine yen gawe guritan iku sabenere ora angel. Gebres wae ya bisa dadi guritan.


Hassssszzzzzinggggg !!!
Apa?! Anjing, katamu !

Hassssszzzzinggggg !!!
O....,kurasa menyindirku anjing!

Hassssszzzzzinggggg !!!
Bajingan kau!
Ingusmu mengotori dasiku !

Tidak ada komentar:

Posting Komentar