IKI kawruh sing ora baen-baen. Mapane kawruh iku adoh nglangut ing pucuk gunung sing rekasa unggah-unggahane. Rumpil lan lunyu akeh keplesete yen kurang santosa tekade marsudi. Mengkono yen kena disebut nganggo tembung saumpama, mapan ing pucuk gunung dadi gegebengane pendhita linuwih sing wis gentur tapane. Sing kepengin necep kawruh saka banget kepencute, meguru menyang papane Guru,hiya pendhita kuwi, lunyu rumpil dalane lan kebak grumbul peteng sing akeh pepalange. Kewan galak pating kliwer, ula mandi pating tleser, gegremetan mawa wisa mblader.
..........................................................
HONG WILAHENG, SEKARING BAWANA LANGGENG
JAGAD PADHANG ORA KATON PETENG
HIYA JAGAD PRIBADINE DHEWE
SAKEHING NAPSU DISELEHAKE
TIDHEM PREMANEM
ADHEM, AYEM
---------------------------------------------------------
Pendhita waskitha sing sing awas paningaling batin, kanthi sareh mejang kawruh : KOTHONG NANGING ISI, ISI NANGING KOTHONG, hiya kawruh sing dadi entek-entekake kawruh, wis ora ana kawruh liyane sing ngungkuli lungite kawruh iku.
--------------------------------------------------------
HONG WILAHENG SEKARING BAWANA LANGGENG
PARA CANTRIK LUNGGUH MENENG
-------------------------------------------------------
Ing nalikane Sang Guru mbeber ilmu marang sawetara cantrik sing bisa tekan pucuk gunung kanthi kebak tatu saka tiba-tiba glundhung jurang, sepi nyenyet tanpa ana swara liyane. Manuk-manuk sing adate padha ngoceh, padha meneng,
kaya ora kepengin ngganggu pangandikane Guru.
Tekan gegodhongan ora ana sing obah, samirana datan lumampah.
Mendhung tumiyung ing sandhuwuring gunung hiya padha miyak sumingkir mamprung.
------------------------------------------------------
Guru : Kabeh wong urip wis mesthi duwe kesenengan,kang mengkono iku ora kleru mungguhing urip. Ana sing seneng IJO, ana sing
ABANG, ana sing seneng PUTIH, ana sing seneng BIRU, ana sing seneng KUNING ,lan sapanunggalane. Lumrahe, wong sing warnane IJO, sing diarani apik ya sing warnane ijo. Yen ora ijo, diarani ala. Uga sing warnane ABANG, yen ora abang ya diarani ala, merga ora padha karo kesenengane. Sing PUTIH, sing BIRU, sing KUNING, uga kaya mengkono panganggepe. Warna-warna iku yen kumpul, padha ngelem warnane dhewe, nacat marang warna liyane, anane mung bakal dredah, congkrah. Mangka sawernane warna iku mau, godhong kang IJO, sulaking srengenge sing ABANG, mega sing PUTIH, langit sing BIRU lan rembulan sing KUNING, saka endi asale warna-warna iku mau? Mara coba grayangana saka weninging pikirmu, alusing rasamu. Iku kabeh asale saka Pangeran, hiya Gusti kang murbeng dumadi. Dadi ora kena poyok-poyokan, gegethingan. Urip ora kena mengkono kejaba kudu bisa ngajeni marang sawernane warna isen-isenening ndonya.
Wong-wong sing padha duwe kesenengan warna dhewe-dhewe iku mau, sebute padha karo duwe ISI, ya isi kesenengan sing manjing ing jroning jiwane. Bedane warna iku mau, ora beda kaya wong sing beda-beda enggione nggilut agama.Siji lan sijine sing ora padha agamane, kena wae ngelem agamane dhewe sing paling apik, nanging aja pisan-pisan nacat ala marang anane agama liya. Nanging angel mungguhing wong kanggo nampa anane sing liya, yen ora sinartan kawruh kasampurnan. Kepiye laku-lakune, mengko yen wis padha ndunung, gegemen sing bakuh, aja pisan-pisan ceblok ilang saka sembranamu nggonmu nggegem.
-----------------------------------------------------
HONG WILAHENG SEKARING BAWANA LANGGENG
HIYA KEMBANGE JAGAD KANG MEKROK NGGANDA ARUM TEKAN JAMAN LANGGENG
-----------------------------------------------------
(BERSAMBUNG)