Sedhela maneh Idul Fitri kang uga sinebut Hari Lebaran, saka tembung "Lebar" kang tegese wis bar enggone nindakake pasa wulan Romadhon. Idul Fitri, Lebaran, uga sinebut Ariadi. Ari (hari ) = dina ; adi = becik. Dina becik kanggo apura-ingapura, nglebur kaluputan. Adate sing enom sowan marang sing tuwa, nyuwun pangapura, bisoa lebur kaluputane ing dina becik iku, minal aidin wal faizin.
Senajan sing enom ora bisa sowan , embuh karana apa..., sing tuwa jroning batin ya wis bisa ngapura. Kasugihane wong tuwa ing prakara pangapura iku ora mung dicakake ing dina Lebaran wae, kepara malah wis diecakake ing urip sadina-dinane.Iku tumrap wong tuwa sing wis bisa netepi jejering kautaman yen wong tuwa iku kudu jembar segarane. Tembung sanepan (perumpamaan) wong tuwa kudu jembar segarane iku wis kaprah keprungu ing satengahe bebrayan Jawa. Yen ana wong tuwa kliwat teker enggone nesu nganti milara anake sing luput, yen ana wong tuwa liyane sing nengahi, tembunge," Sabar. Kokpatenana anakmu ya mati. Piye ra piye, wong tuwa kudu jembar segarane, arepa dikaya ngapa lupute anak."
Akeh anak-turune wong Jawa sing ora mudheng marang tembung sanepan iku, kepiye nalare jembaring segara digunakake kanggo sanepane wong tuwa. Segara iku, kanggone wong sing ora ngerti, mesthi reged, rusuh, akeh larahane sing asale saka katut iline banyu-banyu kali sing kabeh nyemplung segara. Ing sanyatane ora mengkono. Segara iku resik saka sawernane larahan. Kabeh larahan sing mlebu segara gage diuncalake minggir dening ombake,dibuwang menyang gisik, pesisir. Larahan iku sanepane piala utawa kaluputane wong sing ngenani awake, sing tumuli dibuwang kareben ora ngrusuhi atine. Yen durung bisa kaya mengkono, tegese, durung bisa dadi tuwa sing sugih pangapura.
Lakuning ombak (lakuning rasa) yen mung kanggo mbuwang rereget, iku aran ombak sing becik. Yen anane ombak becik, mung kanggo ngresikake banyu, kapal-kapal lan prau sing lelayaran uga slamet. Seje karo yen ombak gedhe-gumulung , segara kaya kinebur, kapal-kapal lan prau njempalik, kerem. Ya mengkono iku sanepane wong tuwa sing durung bisa dadi tuwa. Sing durung bisa lerem, ngumbar hawa napsune keliwat-liwat, gawe kapitunane ngakeh. (*)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar