Selasa, 17 Agustus 2010

PANYUWUN

ING saumpama Gusti Allah iku bisa ditekani sarta bisa diajak wawanrembug, 
bakal ana crita kaya mengkene : 

ANA wong papat, Suto, Noyo, Dhadhap lan Waru marak sowan menyang ngarsane Pangeran kanthi  karep  kang padha, yaiku : nyuwun dawane umur.Ing mangka dawa lan cendhake umur, ora kena kanggo ngukur ala lan apike uwong. Umur dawa yen ngamale ala, ya  ala. Cendhake umure, yen ngamale apik, hiya  apik. Senajan kang mengkono iku bener, kabeh wong urip, termasuk Suto, Noyo, Dhadhap  lan Waru ,luwih seneng yen duwe umur dawa.

Dening malaikat Jibril, diadhepake,nanging ora kena ngadhep bareng-bareng. Antri, ngadhep  siji-siji . Sarampunge ngadhep ,kudu terus  lunga,  ora kena  nyedhaki  kancane sing durung ngadhep, perlune , kareben ora cocog-cocogan gunem.

Suto ngadhep dhisik, matur apa perlune lan ditakoni,  apa alasane kok nyuwun panjang umur?

"Sageda tutug anggen kula momong anak,putu."
"Terus..."
"Nggih namung niku, singkat mawon."
"Umurmu wis Ingsun tulis 40 taun, ora bisa owah."

Suto sing wis umur 35 taun  njegreg. Malah ana rasa getun enggone ngerti yen umure mung kari sethithik. Iku sing ndadekake lemesing awake.Mundur kluntrung -kluntrung,drop sakala semangat uripe sing mung kari sak-Pemilu.

Gilirane  Noyo ngadhep. Ditakoni, kanggo apa dawaning umure? Kok padha nyuwun, apa dawaning umur iku penting banget?

"Namine tiyang gesang...,sinten kemawon nggih kepengin  panjang umur. Sageda  tutug momong anak putu,dugi buyut.Panjang umur, sehat, rejeki lancar..,ngoten.".

" Umurmu  52 taun .Matimu ketrabrak sepur."

"Wadhuh, mati aku...," sambate Noyo mbayangake awake ajur ketabrak sepur."Nek saged ,mpun ngantos ah,  ketrabrak sepur. Mesakake anak-anak kula nek ngantos njumputi awak kula sing ting kececer...." semambunge Noyo nyuwun owah-owahan pepesthening  patine sing kaya mengkono. Pokoke  aja ketabrak  sepur sing ngeres-eresi..Dadine Noyo  malah getun banget  enggone  ngadhep. Bakune karep ora keturutan, malah krungu  garis patine sing ala. Nek ngono, aku ora arep cedhak-cedhak sepur, grenenge nglipur awake dhewe. Cedhak ril sepur ae moh, takeling-eling tenan. Mati kok sara. Aku ruh wong terak sepur awake ajur,njumputi, kok  terus aku sing ya arep nglakoni. Sara.

Sabanjure,gilirane  Dhadhap.Apa alasane nyuwun umur dawa lan arep digunakake kanggo apa wae dawaning umure?

"Anak kula kemriyeg, utang nggih nggrembel teng pundi nggen."
"Kuwi Ingsun wis pirsa, ora perlu sira sebutake," pamunggele Pangeran supaya Dhadhap ora nyimpang saka bakune ngadhep,prakara umur.

"Sedaya bang thithil  nggih kula sambuti. Utang blanja teng warung- warung nggih nggrembel, kangge buka, kangge saur... Kalih nggih gadhah setoran bang kredhit,nyuwun sajadah,  "semambunge Dhadhap nekat mbacutake gunem, nyebut enggone nglakoni pasa Romadhon tekan  kridhit sajadah supaya Pangeran remen sarta melasi enggone nyuwun dawane umur. " Nek umur kuila mboten panjang, napa nggih saged kula menangi mentase anak-anak kula, wong sakniki taksih alit-alit, kemriyeg. Nggih sageda kula  maleni, sami nikah, nindakaken Sunah Nabi . Tur nggih sageda tutug nggen kula momong anak putu mbenjingipun. Ngoten."

"Umurmu  53taun."
"Semonten niku  rak mpun nggawil,.." semaute Dhadhap sing wis umur 50 taun. " Nyuwun kanthi sanget,  Paduka  tambahi pitu mawon. Suwidak pas, ngoten.Suwidak niku, sukur dipunlangkungi kedhik-kedhik, tiga,napa sekawan." tembunge Dhadhap mundhak-mundhak panjaluke.

"Ingsun sing ngratoni jagad saiisine. Lan ya Ingsun sing netepake dawa-cendhake umur.Senajan Ingsun  bisa ngowah saka kang wis Ingsun tetepake, nanging umurmu lan umure kancamu loro mau, ora bisa owah saka pesthi  kang wis Ingsun tibakake."

Dhadhap unjal ambegan, wis ora duwe harapan.Mundur lemes,ganti gilirane Waru,ngadhep.
Kaya kanca-kancane sing wis ngadhep dhisik, Waru  matur nyuwun panjange umur. Panjang sing dikarepake iku pira, Waru ora nyebutake angkane. Waru  kumecap matur,kanthi tembung," Anggen kula nyuwuin panjange umur, sageda kengging kangge ngathah-ngathahi ndamel kasaenan."

Pangeran mesem, katon remen mireng  mengkono iku. Beda karo kancane telu sing dhisik,dawaning umur mung kanggo ngurusi anak-putu, alasan sing  wis umum, wis lumrah kabeh wong. Dawaning umure sing dijalkuk kok mung kanggo awake dhewe. Seje banget karo alasane Waru sing kanggo nindakake kautaman minangka darmaning urip. Rembug alasane Waru kang mengkono iku banget elok, ora kabeh wong bisa nggunakake dhasar kaya mengkono ing dawaning umure.        

"Umurmu Ingsun tambahi 10 taun. Ingsun wenang nambahi jalaran ora ana sing luwih kuwasa kejaba Ingsun,.Nanging yen sira ora netepi apa kang wis sira ucapake ing ngarsaningsun, bakal Ingsun jabel  tambahe umurmu lan sira bakal Ingsun bendu saka enggonira ora netepi ucapira." (*)

------------------------------------------------------------------------

(Wosing crita, sing aran umat, uga kula ndika lan sampeyan sing tansah nyuwun   marang Pangeran, yen enggone nyuwun dikantheni  resiking ati, wis mesthi  tuwuh welasing Gusti.Tanpa  nyuwun wae, sabenere  Pangeran uga wis pirsa , apa kang dibutuhake umate ing sadina-dinane. Lan wis mesthi paring pepadhang, paring kemudhahan, marang sing padha  netepi sarat-sarengate panjaluk kepiye bisane antuk sih welasing Gusti.Hablum minanas, hablum minallah . (Gawe kabecikan marang sapepadhane lan  bekti marang Pangeran).

Ukara : hablum minanas, hablum minallah iku, bisa gawe njondhile wong  sing cethek pengertene. Ing batase Pangeran, Allah,kok asmane    kersa ditulis mburi dhewe, nomer loro. Iku kepiye nalare? Mangka akeh umate ing ngalam ndonya sing emoh yen dadi nomer loro. Ya sing NOMER SIJI sing dioyak.  Gusti Allah wae gelem  nomer loro ,kok menungsane  kemaki,njaluk apa-apa sing nomer siji. Apa mengkono?

Nalare : gawe kabecikan marang sapepadhane iku, uga wis ateges nindakake dhawuhe Pangeran.  Kanthi mengkono,nindakake dhawuh prentahe sing Kuwasa, uga wis ateges mapanane sing KUWASA ing ngarep. Dadi ora ana sing jenenge nomer siji, nomer loro. Ya ing ngarep,ya ing mburi, wutuh mengkoni ing sajembaring jagad, ndonya-akherat.-

Tidak ada komentar:

Posting Komentar