ORA mung buku lan wejangane guru sing kena kanggo pasinaon, nanging apa wae kang katon. Kekayon, kewan, sakehing gegremetan, segara, bumi lan langit saisine, kena kanggo nggegulang gawe padhang tumrap sing bisa mikir.Matun mbubuti suket, uga mujudake pasemon sing kena kanggo pasinaon. Kanthi dibuwangi sukete, bisa gawe lemune tandur.Suket-suket sing urip ing antarane tandur, ngganggu uripe tandur, iku sanepane ALA . Yen sing ala-ala iku diumbar urip, tandure saya kuru. Nanging yen sing ala-ala iku dibuwangi, tandure bisa BECIK, bisa lemu. Kanthi mengkono bisa diringkes ing pangerten yen mbuwang ala iku bisa nemu becik.
Ing pangerten ilmiyah, sari-sarining makanan (rabuk, lsp) sing kudune mung dipangan tandur, uga dipangan suket, njalari pangane tandur kurang, dadi lan kurune. Nanging yen sarine pangan wutuh (ora kalong saka gangguane suket sing melu mangan) , bisa gawe lemune tandur.Pangerten mengkono iku , ora beda pralon banyu sing bocor tengah. Bocore pralon sing manthur ngurangi dhaya pancur pokok rmenyang arah sing baku. Saya akeh bocore, saya kurang dhaya pancure. Supaya dhaya pancare becik, alane pralon bocor ya kudu ditutup. Akeh conto liyane sing kena kanggo pasinaon perlune mbuwang sing ala amrih nemu becik. mBuwangi kemladheh ing wit-witan ,nyapu mbuwangi larahan amrih nemu resik gemrining, mbuwangi rasa keset, lan sapanunggalane.
Dadi wose, yen ngudi becik , ya kudu sregep mbuwangi sing ala. Ora beda kaya wong matun kuwi mau, kareben tandure bisa becik, bisa lemu seger ledhung-ledhung, ngasilake pari (woh) sing becik, mentes. Kanggone wong sing sinau nggayuh kautaman, carane hiya kanthi seneng mbuwangi sing ala. Jalaran wis ora bakal kleru, mesthi benere yen mbuwang ala iku nemu becik oleh-olehane.. Suwalike (sebaliknya), sapa sing seneng mbuwangi sing becik-becik, wis mesthi nemu (nglakoni) sing ala-ala.
Uga tanduran mbako tandurane wong tani, kena kanggo sinau ngasah pangerten jero tumraping urip. Tanduran mbako perangan ngisor, dirempeli,dibuwangi awit godhong-godhong ngisor iku godhong sing ala. Kabeh wong tani sing kulina nandur mbako, ngerti. Sing ala dibuwangi , ya kareben ora ngganggu trubuse godhong-godhong apik ing sandhuwure. Nanging wong-wong sing padha nandur mbako lan sing padha matun ing sawah iku, bisa uga ora mikir yen apa sing lagi ditandangi ing tata lair, kena kanggo pasinaon nggayuh beciking urip.
Saya sregep mbuwangi sing ala, saya akeh nemu sing becik. Saya akeh becik sing ditemu, saya seger, saya sumringah padhang pasemone (aura).Ya ing kono dalane nemu karaharjan, katentreman, akeh slamate, ing ndonyane ya ing akherate.*
Tidak ada komentar:
Posting Komentar