APA sing digoleki wong urip ing ngalam ndonya iki ? Wangsulane mung satembung : SENENG .Ora ana wong urip kok golek sengsara, kelara-kelara..Kabeh golek seneng. Selagine tekan puputing umur, mati, ya isih ngarep-arep bisane oleh seneng, mlebu swarga. Lan batine ya seneng yen ing kana bisa ketemu karo kabeh sedulure kanthi kahanan becik.Mung ana ing empering swarga ora dadi apa,ya wis seneng , tinimbang diuncalake mrana kae.
Senajan bener kabeh golek seneng, nanging seneng iku ana rong werna, 1) seneng sing mbarokahi, 2) seneng sing mitunani. Miilih sing endi, ya nyumanggakake.Wong urip pancen wenang milih ing antara rong pilihan :
Milih keset apa milih sregep
Milih bener apa milih luput
Milih apik,apa milih ala
Milih beja apa milih cilaka
Milih mulya apa miolih sengsra
.....................................
Kabeh iku kari gumantung ing pilihane dhewe-we. Mung wae yen kleru enggone milih, kok banjur sara awake, ya aja nyalahahe wong liya. Piye lan piye, apa dadine, ya saka pilihane dhewe.
Yen milih salah, ya dadi bubrah
Yen milih ala, ya dadi cuwa, cilaka
Yen pilih penak, ya kudu ngajar awak ( sinau , gelem kangelan).
Yen pilih ayem, ya kudu sing temen
.........................................................................
........................................................................
WONG urip kudu awas marang lakuning uripe i sing kebak begalan,kebak goda werna-werna sing mencutake. Ngalam ndonya sing katone padhang njingglang iki, ing sanyatane mituruit pamawas batin, KEBAK ANGIN GEDHE, BARAT BANTER, PRAHARA.Sing ora ngati-ati, bakal katut ubenge lesus..., kebenthus-benthus. Konclang disawatake angin, embuh parane.... Uga kena diarani KEBAK GUMULUNGE OMBAK SING NGGEGIRISI ,KEBAK ULEGAN SING BISA NGGERET KELEM WONG SING KURANG PRAYITNA. Angin gedhe lan ombak iku wujude kesenengan-kesenengan maksiyat sing marahi bujat.( Nanging pancen nyenengake ing wiwitane,akeh wong sing ora kuwat nahan saka banget kepencute.)
Akeh pejabat, wong pangkat, wong terhormat.....mlebu tipi ngandhani rakyat.Nanging rakyat wis ora butuh weruh dhapure, apamaneh krungu swarane,salin chanel...Luwih seneng nyetel sing klucu-lucu,lawakan, kanggo nglipur ati, tinimbang weruh rupane pejabat sing njemberi. Mengkono iku nandhakake yen jenenge pejabat wis ora kajen blas awit luwih nengenake enggone "ngeruk dhuwit" tinimbang mikir rakyate.Akehe pejabat sing korup iku, mula bukane ya golek seneng. Wong burip seneng gopelkmdhuwit, wis carane,nanging yen klerundalane..,entek-entekake ya dadi ora seneng. Apamaneh kebacut diukum, saya getun.
Seje karo kuli batu sing golek seneng sing mbarokahe, senajan mung sethithik olehe,ning ya seneng. Senenge ya akeh, ora mung seneng nalika nampani opah, nanghingbuga seneng atine bisa mnehake dhuwit iku marang bojone. Dienggo blanja, weruh anake mangan telap-telep saka kayane nguli, ya seneng.
Nindakake pasa wulan Romadhon mengkene iki, senajan weteng kothong ngintir-ngintir, ya seneng bisa nindakake kuwajibane minangka wong Islam. Weruh srengenge ngarepake surup, ya wis seneng. Krungu DHENG, buka, ya tambah seneng.Sukur bisa tutug sewulan, saya tambah seneng. Dene kok nganti mokak, saka kepeksa, ya isih golek seneng yen bisa ngijoli...Dadi, kabeh wong urip ing ngalam ndonya iki sing digoleki SENENG.Bedane, seneng sing kepiye? Seneng sing mbarokahi apa seneng sing mitunani..Tekan fesbukan ngene iki sing digoleki ya seneng. Seneng kanca kenalane akeh, saya akeh saya seneng, tambah gayeng , senajan embuih mengko pira mbayare Spidy ing Telkom. Mbayar pira-pira,gak masalah, senengok!*
Tidak ada komentar:
Posting Komentar