WONG urip kok ora ngerti marang dununge urip. Yen ora ngerti jenenge dudu wong urip, nanging mung wong -wongan utawa mung urip-uripan.. Nanging apa hiya, kula,ndika lan sampeyan gelem diarani mengkono? Wis genah emoh! Yen emoh diarani mengkono, banjur kepiye supaya ora diarani wong-wongan?
Wangsulane, kudu seneng ngakeh-akehi gawe kabecikan. Eling marang dhawuhe Kanjeng Nabi, yen sing diarani wong becik iku, ya wong sing ana gunane kanggo liyan.
Sing sugih mbantu sing miskin ; sing pinter mbantu sing bodho, sing rosa mbantu sing ringkih ; sing gedhe mbantu sing cilik, lan sateruse... Mengkono iku arane nindakake wajib , jalaran Pangeran,Allah...,ngodratake nasibe umate beda-beda (kosok-balen) kaya mengkono kanggo ngubengake laku jantraning ndonya, ubeng ingere urip, umate. Sing sugih kudu rumangsa yen enggone kinodrat sugih amrih bisa mbantu sing miskin, mengkono kersane Pangeran (Sing ngawaki, menungsane, kudu bisa rumangsa dhewe). Ora kok malah kumenthus rembuge," Lho,kok penak, trima adhong-adhong ngenteni diwehi wong? Sugihku saka olehku nungsang njempalik rina-wengi...,Ya kesel tenan, gemrobyos, melar-mingkus ambeganku..Perkara ewek-ewek, menehi, ya sak-sukaku. Menehe apik, ora ya apik. mBokarani pait, medhit, pelit....,ya arep mboyak. Apa ya terus dosa nek medhit? Kaji-Kaji kae rak ya akeh sing pait. Paite ora mung kaya butrawali,ning nemen, ngungkuli paite jadham Arab.
Sing rumangsa pinter hiya kudu rumangsa yen enggone kinodrat pinter, kareben bisa mbantu sing bodho.Ora kok malah dienggo minteri uwong, ngakali uwong, mblithuki uwong...Ya genah ora bakal slamet wong-wong sing padha nyimpang saka kautaman, maksiyat...Lawas utawa enggal, wis mesthi bakal ketiban "sing ora kepenak" saka Gustine. Iku wis mesthi, wong urip bakal ngundhuh wohing pakarti,wohing panggawe. Ya yen ora kepenake dilakoni dhewe. Yen sing ketiban anak,puitune...,apa ora gawe sengsara turune? Biyen embah-embahe tau mateni wong....,mulane, saiki, putune ya ana sing dipateni wong. Biyen,embah-embahe, kondhang dadi maling sing julig,mulane,saiki...,ya ana putune sing dadi bandhol rampog. Mengkono iku, tegese, wong urip kudu tansah ngati-ati ing samubarang tumindake, jalaran bakal ana sambunge karo nasibe anak-turune. Yen seneng nindakake kabecikan, kejaba awake dhewe bakal oleh kabecikan, anak-tuirune ya bakal oleh kabecikan (saka ngundhu h tandutane embahe), oleh pitulungan, ya embuh saka kersane Pangeran. Budhala golek gawe...,ya ndilalahe ana sing tetulung mapanake, ora kesurang-surang entek sangune, mulih nganggur,balki ndhoglog neng omah, kelop-kelop.... (Jebule, mbahe utawa bapake, seneng ngapusi wong. Lha ya wis pas, mathuk yen anak-ptuine nemoni nasib ala,, saka adiling Sing Kuwasa).
Dadi, gampange rembug, wong urip iku kudu bisa rasa-rumangsa. Ora kok rumangsa bisa (angkuh,gumedhe enggone bisa sugih ; pinter ; kuwat ; gedhe....) Saka rumangsane, bisane mengkono iku, mung saka pambudidayane dhewe. Ora gelem mikir-ngrasake yen "kaluwihan" iku ing satemene saka panguwasane Pangeran kanggo nata gelaring ndonya, jagading menungsa. Sing kesampiran AMANAH, kudu rumangsa wajib nindake ing urip sadina-dinane.* (Djajus Pete)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar