Selasa, 07 September 2010

BEJA

                    WONG BODHO KALAH KARO WONG PINTER. WONG PINTER KALAH KARO WONG BEJA. Yaiku adiling  Pangeran, hiya Kang Murbeng Dumadi, hiya Kang Maha Kawekas,hiya Kang Maha Agung, ya Allah Swt.Mulane sing rumangsa pinter, dhuwur sekolahe, aja kumingsun, gumedhe, ngendelake dupeh awake  luwih pinter, nyepelekake   wong sing dianggep bodho, kurang sekolahe utawa kepiye....Bodho lan pinter iku, ora beda kaya wong kang tinakdir sugih lan miskin. Yen tinakdir bodho, arepa digembleng guru dina-dina...., undhake kepinterane sethihtik banget, ora sumbut karo panggemblenge guru. Arepa enggone nyambutgawe nganti jungkir-walik..., yen pancen wis tinakdir ora bisa sugih, ya ana wae jalarane kutah saumpama banyu. Seje karo sing takdire sugih, satiba-malange sarwa kepanak lan bisa mlumpuk pengasilane, dadi lan sugihe.

                   Bodho lan  pinter,  sugih lan mlarat, wis tinakdir kudu ana kanggo tetimbangan  ubenge  wong urip ing ngalam ndonya. Siji lan sijine padhadene mbutuhake. Sing sugih mbutuhake wong mlarat sing gelem rerewang ing omahe  sarana dibayar. Sing mlarat gelem nandangi saka butuh bayarane kanggo nyukupi kabutuhane uripe.Mengkono uga wong bodho lan wong pinter, padhadene mbutuhake.

                   Wong bodho, ing endi wae, ora bakal menang mungsuh wong pinter. Iku wis mesthi. Nanging merga saka adiling Pangeran sing andum nasib, wong  pinter bisa kalah karo wong beja.  Bodho yen awake beja, nasibe apik, sing pinter kalah.
                   Akeh lelakon mengkono mau ing ngalam ndonya. Sing ora dhong bisa ndongong, gumun....,kok akeh  wong pinter  gagal, ora dadi, malah entek dhuwite kanggo ngoyak pepinganane sing ora kecandhak.
                  Sing pinter mesthi dadine, mesthi menange...., terus endi bageyane sing bodho, kurang pinter?  Saka asihe Pangeran sing  maringi bodho, sateruse nibakake  peparing liyane sing aran BEJA marang sing bodho kuwi.  Lha, dadi menang, bodho duwe kabegjan.Wong  pinter sing saiki kalah karo wong beja  iku, ya ora mesthi kalah ing sateruse. Ing liya wektu bisa uga menang mungsuh wong bodho sing ora kedunungan beja.
                  Bodho kok selawas-lawase, ora kedunungan beja, ya kudu ditrima yen pancen mengkmono garis uripe. Katimbang bodho, isih ana  pangarep-arep apik yen pinter. Mulane sing aran kepinteran banget diudi, awit sing digoleki wong urip ing ngalam ndonya iki mung werna telu, yaiku (1) golek kepinteran  (2) golek bandha-donya, (3) golek drajat-pangkat.*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar