Selasa, 28 September 2010

KRETEG EMAS JURANG GUPIT

            BANYU kali ngisor jurang Gupit mili santer, kemrasak nggegirisi kaya swarane angin. Ketiga rendheng ora ana bedane, saben dina nggempalake saurute gampeng kali dhaerah wetan. Pendhudhuk wetan kali anak turune wong mlarat, panggah mlarat kaya embah-embahe.
           Wiwit jaman embah-embahe wis padha ngajab, kepriye bisane ngalih urip menyang kulon kali kang subur tanpa ninggal tanggane. Nanging merga kepalang jero ambane kali kang iline santer, anane mung padha kelop-kelop, temlawung nyawang mengulon kanthi ati giris, wedi nyabrang.Pendhak-pendhak ana kang nekat nantang ombak, nglangi nyabrang, ilang ing ulegane banyu, jisime kumampul ing ngisor jurang Gupit. Iku mantut kapercayane pendhudhuk, mBah Bolo kang mbaureksa jurang Gupit jare njaluk bawon.


           Jurang Gupit.
           Cerung wingit.
           mBah Bolo abala dhemit.
           Jim setan gendruwo wewe.
           Meden-medeni ngganggu gawe.
           Njaluk pangan, njaluk sate.
           He he he he he he he he.

           Mula ing mengkone kareben ora diganggu gawe, PT Pribumi pelaksana bangunan kang bakal ngedegake kreteg ing jurang Gupit kono hiya bakal nyepaki sesaji.
           "Kreteg ingkang ngeramaken badhe kabangun ing mriki, sedherek. Cetha badhe ndamel gawoking ngakathah. Langkung-langkung kreteg ngaten menika dereng nate wonten ing lumahing bumi. Nyata hebat, luar biyasa! Kreteg emas! Emas murni!" sesorahe lurah Sendikoprojo marang rakyate ngebaki bale desa, lanang wadon mblabar tekan latar, amber dhesel-dheselan tekan ratan.
          "Wah wah wah wah..." swara gemrenggenge wong gumun, nyawang padha kancane, gedheg-gedheg kaya bakal meruhi kaelokane jagad.
         "Ah, iku omong kosong! Ngayawara!" cluluke saweneh swara gawe kagete Lurah.
        "Heh! Sapa muni kuwi?! Keparat!  Bajingan!" pisuhe Lurah mendelik nguwasi arahing swara, ora sungkan misuh kasar ing ngarepe rombongan saka kabupaten. Nanging ora kaweruhan sapa sing mentas nyuwara mengkono mau. Lurah agahan prentah menyang jagabaya Tambur supaya nggoleki nganti ketemu.
        Tumatane wong lungguh kedadak kisruh. Ungkrap ngadeg, mundur suk-sukan wedi yen Tambur salah dumuk. Ing mangka swara mau cetha, swarane wong lanang. Andekpuna wong-wong wadon sing horeg dhisik, gage nyandhak anak-anake kang sakawit dieculake saka gendhongan. Iku njalari akeh bocah nangis merga kedheseg. Ana kang kebacut mothah ora meneng-meneng. Hansip bengak-bngok bali nata, ngothang-athungake kenthese ireng gilap.
         "Ditata ben dha kepenak uripe, kok ana sing moyoki.Omong kosong jarene. Ngayawara jarene. Ngayawara dhengkule mlocot kuwi!" guneme Lurah." Pa kupinge buntet. Pa goboge ra tau krungu yen brang kulon kejaba subur ya akeh pelikane emas."
         "Bahane king mrika nggih, Pak?"
         "Ya, mesthi," wangsulane cekak tanpa noleh.
         "Klakon nek butuh nggrembyong nganggo kalung gelang gedhe, kari nethel," clemonge Gotar sing lungguh ngarep.
         "He! Iki ana tunggale cangkem angger njeplak! Arep ngrusak kowe!" panyentake Lurah menthelengi Gotar.
         "Ah, guyon kok,Pak," wangsulane Gotar ndhredheg.
         "Takcathet gunemmu! Awas..., yen nganti ana sing ilang thethel utawa cuwil...,kowe sing dikecrek polisi."
         Gotar mengkeret nggetuni rembuge. Tambah wedi awit Lurah ngolor dawa nurut kabel pengeras suara. Diumumake yen tembunge Gotar mengkono mau bisa disebut wis nggembol trencana pengrusakan. Masyarakat dijaluk paseksene.
         "Sampeyan rila mboten, kreteg niku rusak thethel utawi cuwil?" semambunge Lurah.
         "mBoten rilaaaaa..."
         "Soale niku kreteg sampeyan. Kretege rakyat. Kretek ingkang ajeng ndamel makmure sampeyan sedaya."

          Rakyat keplok rame.
         Gembirane, gembirane.
          Mekar gedhe.

         "Kanthi wontenipun kreteg ing sanginggiling lepen menika, sampeyan tamtu mikir...,wah seneng, bisa nyabrang  ngulon. Ngaten sedherek?"
         "Ngggihhhhh..."
         "KLentu! mBoten ngaten!" semaute Lurah kesusul guyune rakyat.
         Semaur nggih saiyeg ambata rubuh, jebul kleru. Rombongan saka kabupaten melu ngguyu. Bayan Gladhag mundhuk-mundhuk nyeleh rokok ing meja ngarepe rombongan iku. Saben wong siji dicepaki rokok sak-pag sakoreke.
         "Dhaertah mriki badhe sakelangkung reja, kadugen ombyake tiyang kathah ningali kaelokan. Menika sedherek, marginipun rakyat mriki luwar saking panandhang, ngambah kamulyaning gesang saturun-turun," Lurah nyambung sesorahe. Kandhane Lurah, sacedhake kreteg kang bakal dibangun iku, bakal digawe petamanan asri watara patang hektar. Banyu kali bakal disedhot munggah kanggo nguripake petamanan ing tlatah garing kuwi. "Mila ing salajengipun, sabinipun rakyat mriki nggih badhe koncoran toya. Kejawi saged panenan sae, ngiras ceceker ing papan reja, mapag dhatenging arta. Mila sampun kelajeng-lajeng anggeniopun sami ngresula. Mrika-mriki akhiripun sami, rata, sami makmuripun."

          Rakyat keplok rame.
          Gembirane, gembirane.
          Nglalekake weteng luwe.

         Tiba gilirane Camat, karepe diselingi nglucu, nanging ora ana sing ngguyu amarga dhagelane wagu.Banjur disambung sesorahe wong kabupaten, Kabag Pemerintahan. Dikandhakake gambar rancangan kreteg garapane arsitek kondhang weton Eropa. Modhele kreteg dibangun endah ngrawit, modhel kreteg kurung. dawane 150 meter, ambane wolung meter. Cagak pinggir sarana beton cor, cagak telu saka wesi gligen alapis emas. Kabeh rangkane kreteg kang saka wesi dilapisi emas kandel. Ing wayah rina yen kena soroting srengenge bakal mencorong anelahi nanging ora mblerengi mripat. Luwih-luwih ing wengi padhang rembulan, elok banget. Kena cahyaning lintang wae uga wis murub mubyar mbabar kaendahan kang ngelam-elami.
         Ing mengkone, ing sawise kreteg  rampung dibangun, sesambunge sing sesorah, rakyat dipadha eling lan waspada. Awit saka daya pangaribawane kreteg emas kuwi, kejaba bakal murah sandhang pangan, sakabehing wong bakal cedhak marang karmaning tumindak.
        "Bilaine wong luput, cilakane wong nerak sarak, angel tinulak. Nggih niku adil-adile jaman, mungkure jaman edan. Laku slingkuh, senajan ora ana sing weruh, ngerti-ngerti bakal abuh. Nyimpang minger temahan bakal klenger. Todhong copet, kejet-kejet. Garong maling, kaku gering. Sapa salah  bakal seleh, bakal sengkleh."
         Swara sesorahe wong kabupaten anteb mrebawani. Rakyat tidhem, meneng ngrungokake kaya krungu swarane Malaikat.
         "Apamaneh mau kathik ana sing omong, butuh gelang kalung gedhe kari nethel. Langka kelakone, tangeh lamun keduga melik. Lagi kemlawe wae, wo....,kwalat, tiba nggeblak kebacut sida tahlilan."
         Gotar ayem atine krungu wewalate kreteg emas. Nanging Kodrat, tangga cedhak barengane mlaku mulih, kedumelan.
         "Gene isih nganggo pikuwat wesi. Ngono dielokake ngayawara nesu-nesu."
         "Kowe ta, sing ngelokake mau?"
         "Dupeh kuwasa nesu wae, mendelik-mendelik. Emas murni patlikur karat iku isih miyur. Digawe ali-ali wae  nganggo dicampuri tembaga kareben atos. Endi kathik ana kreteg sing jare digawe saka emas murni. Omong kosong ta ngono kuwi?"wangsulane Kodrat isih terus kresah-kresuh.

         CAGAK beton kang wiwit digarap, bola-bali pijer ambrol. Iku manut pituduh kang banjur rame dadi  rembug rerasane masyarakat wetan kali, jare diganggu mBah Bolo. Jare, mBah Bolo sing mbaureksa jurang Gupit, njaluk ditanggapake tayub telung dina,telung bengi.PT Pribumi kang wis cucul dhuwit akeh kanggo sesaji sambat kabotan yen isih kudu tayuban.
         Masyarakat kang adreng kepengin kretege enggal dadi, ora eman ngumpuilake dhuwit. Pepak komplit sakehing wragad disangga rakyat. Rokok suguh tamu, bir anggur wiski tekan olah-olah gemledheg tekan sarampunge. Nyewa kursi, nyewa tarub, diedegake ing sacedhake jurang Gupit kanggo tayuban.

         Gumyak regeng.
         Tamu undhangan andher.
         mBah Bolo, sabalane.
         Jim setan gendruwo wewe.
         mBeksa pelog slendro.
         Sapa weruh.
         Sapa tambuh.
         Ngombe, ngombe.
         Ngombe, ngombe.

         Lurah Sendikoprojo kebacut mendem, ngoceh sauni-unine. Ketotoran, ngulungake sampur marang modin Abdul Gho'ib. Modin kipa-kipa ,nanging terus diglandhang menyang kalangan kasukan.
        "Kudu!  Pokoke kudu!  Mutlak, harus! Kudu rukun sama kanca!" ocehe Lurah kang banjur sumambung marang tayube sing ayu menthur."Ayo, nDhuk, bikin itu gendhing yang uinus...! Ini mbah Moidin sukak padhang pasiran."
        Modin precang-precing, kewuhan nata awake, sampur kang ngiket gulune isih dicekeli Lurah. Gendhing Goyang Semarang muni. Lurah butuh ejeg. Modin gage mberot, bablas metu kresah-kresuh selagine Lurah njejeg-njejeg kudu rubuh, manyuk-manyuk cedhak raine tayub sing ayu mlempuh.
        "Stop! Hop! Di mana Modin? Modin ilang saya kok ndhak ngerti?" Lurah ngangkat tangane ngendheg lakune gendhing irama sigrak, clilengan nguwasi njaba   nggoleki Modin  menyang arahing wong grombol-grombol sing nyekukruk kemul sarung, nonton, adhem kepyuran ebun.
        Ilange Modin mberot diguyu penonton, nanging ilange mur lan sekrup alapis emas sakadut gedhe sabubare tayuban telung dina, telung bengi gawe kagete rakyat.Mandhor PT Pribumi lapur polisi. Kesusul wesi-wesi lonjoran kang uga alapis emas kalong cacahe.
        BINGUNGE rakyat sing piya-piye, saben natap Lurahe, oleh wangsulan ajeg. "Kuwi wis ana sing ngurus. Mung kari ngenteni ngakune Gotar. Ra ngaku, mbulet-mbulet terus, ya lara awake, tambah digembuki!"
        Tambah kaget, tambah njomblak, gumune ora entek-entek dene saweneh dlurunge bobot patang ton nusul ilang. Pangirane ngakeh, kabeh mau kaya langka kelakone yen ora saka trekahe sing mbaureksa jurang Gupit. Ibut golek sarat sarengat, mondhong kasedhihane rakyat, diebrukake ana ing ngarepe kyai Zuber Alam Buchori. Iku tuwa-tuwane wong desa kono, umure 100 taun, gedhe tirakate. Saweneh ana sing nemoni Modin Abdul Gho'ib sing pinter ngaji.
        "Yen ana wong mati wae takreksane. Uga yen anakmu butuh dadi manten, aku sing ngunggahake nyang Naiban," wangsulane Modin munggah langgar nindakake sholat Magrib.
        Kyai Zuber ditekani  Kodrat, Sonto Kasbi  lan  Markut. Tetelune sing butuh golek sisik melik diakon sesirik sawetara dina.

        MIYAK grumbul  jurang Gupit ngenut laku semedine kyai Zuber Alam Buchori. Mengkono padha nyipati gelaring kanyatan kang tinemu. Wesi-wesi kuning mencorong perangane kreteg kang ilang ing kono, uga dlurung dawa gedhe njegadhah. Direncak rame-rame, dithetheli emase.
       Kodrat muntap,cekekal tangi. Sonto Kasbi kesenggol kaget. Markut katut rusak semedine. Kyai Zuber kang wis menep ati lan pikirane, bisa nyencang laku enering cipta, sarampunge.
       "Kula mboten trimah, Kyai."
       "Pun-obrak-abrik kemawon."
       "Yen ora dirante pisan, genah yen isih bakal ngganggu."
       "Kyai rak sugih jimat, kemat, ilmu kangge nglumpuhaken dhemit."
       "Kuwi dudu garapanku.Tur uga ora mempan ketiban sarat-sarengat. Ana sing wenang nggarap lan mesthi bakal digarap tanpa nuwuhake kacuwan," tembunge kyai Zuber sareh.
       "Sinten tiyang menika, Kyai?" pitakone Kodrat, adreng.
       "Aja ngronce panggrantes. Lalekna cuwaning atimu. Ana siji-sijine kang ora bakal ulap,  bisa tumindak saadil-adile, tanpa nuwuhake kacuwan. Sing sareh, aja nyurung lakune srengenge," semambunge kyai Zuber metu saka wewengkon kono, dikinthil Kodrat sakancane.
       Mlaku urut kacang ing sangisore rembulan surem, nurut enggak-enggoke kali, nyingkiri gegampeng kang padha rengka.
       "Atos-atos, Kyai, gampeng ngajeng menika meh longsor," panguwuhe Markut kang mlaku ing mburi.
       "Janji atimu ora katut longsor ing ulengane banyu. Aqbil  'alan-nafsi  was -takmil fadloo-ilahaa,  fa-anta birruuhi laa bil jismi insaanu. Regemen jiwamu lan gegulangen kang utama, jalaran kowe diarani menungsa kuwi ora merga saka jasadmu, nanging awit saka jiwamu," wangsulane kyai Zuber ing sisihe swara kemrasake banyu kali.
        Swara jumlegur keprungu ora adoh saka papan kono. Lemah horeg kaya keterak lindhu. Iku swara kang wis diapali dening pendhudhuk wetan kali, swara gempale gampeng jugrug.**



        Cathetan :
        Crita kasebut kepacak ing majalah Jaya Baya,No 47 / tgl 20 Juli 1986.
        Judhul crita kasebut uga digunakake kanggo judhule buku kumpulan crita-cekake Djajus Pete,terbit th 2001.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar