Senin, 27 September 2010

KAKUS

             KAKUSE Parikah klebon dhuwit emas, dhuwite Sangkoro, Pengawas Bangunan saka tingkat I kang lagi mriksa proyek bangunan kreteg jalan propinsi ing desa iku.Saka kebelete kang mbangeti, pejabat propinsi iku mau terus  medang-medong mlayoni kakus cedhak kreteg.Saking kesusune nongkrong, dhuwit emas  telung iji ing sak clana kemrutuk  ceblok.
           Ajine dhuwit  iku karotengah yuta rupiyah, dumadi saka mata uang Rp 250.000,-  Rp 500.000,- lan  Rp 750.000.-Sangkoro wani ngopahi 20 persen marang Jan Ganco sakanca kang saguh ngerah dhuwite. Kancane Jan Ganco telu : Man Ireng, Dul Belong lan To Imin. Yen kepeksa kudu mbongkar kakus iku, Sangkoro uga wis rembugan menehi ganti rugi limang persen marang sing duwe kakus.
           Sakala kakus iku dadi tontonan. Kakus mas, kakus emas, ngono swarane wong-wong kang ngrubung grombol-grombol saka kadohan.Butuhe mung kepengin weruh, dhuwit emas iku kaya ngapa wujude yen ketemu.

          Kakus dibongkar. Laler mudal gemrumbyung. Weruh isine kang mempleg-mempleg kebak set pating kruwel,To Imin  langsung mundur ora tahan. Mungkug, blokekan ing ngisor wit gedhang. Diparani Surti, bojone.
         "Aku  rak wis menggak. Apa gak mangan yen gak nyemplungi konokan. Ayo mulih. Tambah dadi gawe yen wetengmu kebacut lara," paidone Surti karo mijeti githoke sing lanang supaya kendho enggone mutah-mutah.
          Suwe-suwe Jan Ganco cungar-cungir. Irunge mingkup, ak, uk , pringisan karo meneg wetenge kaya ketularan arep mungkug. Banjur kandha marang Sangkoro yen ora kuwat nglakoni. Senajan Sangkoro wani nngundhaki limang persen, nanging Jan Ganco sakanca panggah mopo. Kanthi cuwa, Sangkoro ninggalake papan iku. Parikah kresah-kresuh  ngelokake sing wurung tandang.
         "Emoh kok ora mau-maune. Kadhung kokjeblong kaya ngono, aku rak ya cotho."
         "Kowe ora bakal cotho, Kah. Kowe malah oleh ganti rugi tikel  ping telune. Aku Kah, sing nikeli," wangsulane Jan Ganco karo ngringkesi pirantine,linggis, pacul, ember, tali plastik lan kayu-kayu lonjoran. Jan Ganco bisa nggagas, Sangkoro omahe adoh ing kutha propinsi. "Mongsog wonge arep ndhoglog nunggoni kakusmu, Kah. Gak mungkin. Ngerti yen dhuwite angel dierah, mesthine ya terus dianggep ilang," semambunge.
          Sawise rong minggu punjul Sangkoro ora muncul, Jan Ganco lagi nganggep yen petunge ora mleset. Kakus klakon dikedhuk sarana timba nganggo ember kang ditaleni  tali plastik. Ember didedel mengisor nganggo kayu lonjoran supaya embere ambles. Ember diangkat, isine ditumpleg, digaruki, dieker-eker. Saya akeh sing diunggahake dadi ler-leran, klenyite ganda saya ngabrat balerongan. Sing nonton padha mundur saya adoh. Apamaneh bareng ana silire angin, ganda ngeneg-enegi iku saya  tekan ngendi-endi nganti ana bakul lonthong mara nglabrag, ngundamana Jan Ganco.
          "Biyangane! Kowe aja mung mikir butuhmu dhewe, Jan!" panguwuhe mbah Senthir bakul lonthong.
          Sing diswarani ora ngrewes.
          "Ambune nggadag tekan warungku kaya nemplek  ing gedheg. Akeh wong mblenger ora sir njajan!"
          Kesel nyenthe-nyenthe, ora digape, bakul  lonthong umur 60 taun iku terus mulih kelingan warunge sing disuwungake. Mlaku ngunclug seblak-seblak lembeyane, pisuhe ndhridhil turut  dalan.
          Saumpama bakul lonthong iku ora kesusu bali, saumpama isih ana ing kono watara sepuluh menit maneh,  dheweke  bakal nyukurake Jan Ganco sing diparani lan diseneni dening Lurah Mungit. Jan Ganco sing mara diawe Lurah, bisa wangsulan yen enggone kepeksa glepot mengkono iku merga anak-bojone kaliren.
         "Lho, lho,lho...,kowe aja gampang-gampang muni kaliren."
         "Mungel ngoten kok mboten angsal. Nek kaliren saestu napa nggih kedah mungel wareg?"
         "Saiki wis ora umum wong muni kaliren, jalaran hasil pemerataan pembangunan wis bisa ningkatake kesejahteraan rakyat. Swasembada pangan ya wis tercapai. Malah kabupaten dhewe, taun iki,  dadi juwara satu program supra insus  tingkat nasional.Tiap hektare ngasilake sepuluh ton gabah kering," semambunge lurah Mungit sing sirahe nggandhen iku. Yen guneman kepatuh nganggo basa campuran.
         "Ckkk, sing sugih gabah niku rak sing sabine  wiyar, Pak.  Lha kula sakanca niki tetep mawon buruh tani. Namung adhong-adhong buruhan macul nek wonten."
         "Kowe ki nek diomongi apik-apik mesthi ngengkel."
         "Barese niku ngoten, Pak."
         "Nanging bau busuk sing kokungkar-ungkar kuwi mencemari lingkungan. Ambune menusuk kaya ngene. Eh, eh...,ora lumrah. Ngelin, aleg-aleg, eh...,": Lurah nampeli pucuk irunge.
         "Celengane Parikah niku lebete kalih meter,Pak."
         "Aku ra takon jerone."
         "Isine mpun meh kebak.Mongsok pak Lurah mboten mesakake kula sakanca. mPun kadhung glepot kulakerjani sepalih langkung," semambunge Jan Ganco.
         "Kathik kokeler kaya ngono. Laler saka ngendi-endi padha teka kaya weruh ambeng gedhe. Mangka laler iku penyebab penyakit kolera sing rawan menimbulkan kematian. Wis, leren! Aja diterusake!"
         Parikah kang nginceng ngrungokake saka njero omah banjur metu. Lurah dimanggakake mlebu omah.Jan Ganco diakon mlebu pisan. Man Ireng lan Dul Belong leren ngenteni ana ing ngisordhapuran pring ori.
        "Niku menawi mboten saged dipunlajengaken, sing tuna kula lho, Pak. Lik Jan Ganco ngoten, namung bandha bau," tembunge Parikah ,randha umur 25 taun.
        "Tunamu pira?"
       "Gangsal welas persen,Pak, ganti ruginipun. Kalih atus selangkung ewu rupiyah."
       "Umpamane takijoli dhuwitku ngono piye?" gunem Lurah gemagah, guyon parikena tembunge.Partikah msem ngujiwat njalari  pikire Lurah sakala  kaco awit pancen wis suwe enggone mambu ati marang randha enom kuwi.
       Eling-eling arang nyekel dhuwit kandel, njalari Lurah kurang wani nyedhaki. Bener dheweke  kesampiran drajat Lurah,nanging tata panguripane morat-marit. Isih keblegan utang kanggo njago Lurah rong taun kepungkur. Bengkoke kecemplung gadhen.
       Saiki, bareng Jan Ganco kandha yen arep nyiprati sepuluh persen, Lurah rumangsa duwe pawitan kanggo nyenengake atine Parikah. Mula Jan Ganco  dililani nutugake gawene. Lurah nuli kumecap, tembunge isih gmagah," Sepuluh persen bageyanku mengko,pek'en, Kah. Pira ta sepuluh persen kuwi, wong mung satus seket ewu wae."
       Senajan Rp 150.000,- iku mung lagi swara, suprandene tangane Lurah wis wani nggrathil. Tangan wis kadhung kumlawe arep nyethot bokong semok, nanging cabar awit kesaru tekane mbah Senthir, bakul lonthong. Krungu yn ditekani Lurah, mbah Senthir butuh wadul,ngandhakake dodolane sing ora kepayon.
        "Sedaya wande wetan-wetan mrika nggih sami ting kresuh. Kok njenengan malah betah teng mriki. Napa njenengan mboten mambet?"
        "Ngene lho,mBah..." Lurah ngakep rokoke, ngreka  ukara, banjur sumambung," Iki mau Jan Ganco wis taktanting. Wonge ya terus saguh yen separone persen sing ditampa, arep disumbangake kanggo desa. Sirku arep taktukokake pasir grasak, nggo ngurug lurung jemek cedhak warungmu kuwi."
        "O...,ngoten. Sae nek kangge mbangun-mbangun."
        "Nek dalane apik, warungmu ya dadi reja ta, Dhe," Parikah sing kulina ngundang Dhe, numpangi gunem.
        "Ya, nDhuk, angen-angenku ya terus ngono," wangsulane lega, manthuk-manthuk, seneng rumangsa digatekake tekan dalane golek sandhang pangan. Mula karo mlaku mulih. mbah Senthir ing batin kober ndongakake, muga-muga dhuwit emas iku enggal ketemu.
        Dikedhuk wiwit jam pitu esuk tekan jam rolas awan, durung ketemu siji-sijia. Iku ora gawe nglokrone Jan Ganco jalaran dheweke percaya yen Sangkoro ora ngapusi. Bisa uga dhuwite metel mengisor, kedhosok ember kalane ember dipetelale, ngono pikire.
        Ing dina cebloke dhuwit, kabeh wong maune setengah ora percaya marang anane dhuwit emas. Yen ana temenan, geneya ora ana wong kono sing ngaku nate weruh wujute. Sangkoro kepeksa nerangake yen dhuwit emas iku ora kena kanggo tetuku ing pasar kaya salumrahe dhuwit.
        "Lha lajeng, kanggenipun?" ana sing takon mengkono.
        "Kejawi kangge simpenan, arta emas niku kenging kangge jaminan pados sambutan arta wonten bang. Umpami sing gadhah arta niku mpun bosen nyepeng, naminipun tiyang, saged kemawon bosen...,kok lajeng betah arta mboten sarana utang, dipunlintokake arta wonten bang  ugi saged."
         Sateruse dikandhakake rada jlentreh, bisane nduwe dhuwit emas iku kudu pesen luwih dhisik menyang Bank Indonesia sing nyithak dhuwit  iku. Pesene ora kena ijen-ijen,nanging kudu sakset. Butuh pirang set, kena. Saksete isi telung iji sarana urut kaya dhuwite sing kecemplung kakus iku,  Rp 250.000,-  Rp 500.000,-  lan Rp 750.000,-
        Kelingan aji kertane dhuwit ana sing nganti telung prapat yuta rupiyah, Dul Sabrang sing ngeker-eker naimin, nyuwara," Bih, dhuwit siji wae ajine ora mekakat. Sayange sing ceblok kok  ming telu. Kok ora sing akeh pisan. Iki mengko janji ketemu, terus takambungi."
       "Ora kokumbah dhisik?" pitakone Man Ireng karo ngulur pluntur ngangkat ember.
       "Dhuwit gedhe, glepota naimin ya seger wae, Man."
       Sing nonton saya akeh. Grombol-grombol mapan ana sakkulonekakus jalaran angine midid ngetan. Angin saya banter gemrubug, kekayon mobat-mabit, pucuk pring montang-manting. Pang-pang ciik padha sempal, gegodhongan gogrog ngleyang katut angin. Sateruse malah ana lesus mubeng seser ing pernahe kakus. Jan Ganco sakanca ketotoran.
        Lesus iku njalari arah lakune angin dadi ora genah. Lesus mubeng mumbul mendhuwur nyebar ganda menyang keblat papat. Ngalor, ngidul, ngetan lan ngulon. Kang mapan ing sakulone kakus tan wurung keserang ganda. Ambyar bubar pating braok padha plekiken. Akeh sing terus mblokek, mutah shar-shor...,pucet raine, lemes awake. Ana sing kebacut muring, nyawati Jan Ganco nganggo brongkalan.
       Man Ireng ketiban sawat buthunge. Senajan mung kena sawat sapringkil, karepe murina, mara mampang-mampang karo nyangking ember kebak isi arep dipopokake raine wong sing nyawat dheweke. Nanging Man Ireng banjur mbalik dibengoki Jan Ganco.
      "Ora usah kokreken. Kowe butuh golek dhuwit apa arep gelut? Gelut tiwas kesel, ora ana asile," tembunge Jan Ganco sing dadi pengarepe.
      Ora kabeh wong nesu-nesu nyalahake Jan Ganco. Saperangan malah nyurung Jan Ganco supaya nerusake gawene. "Tutugna,Jan! Saumpama ora ana wong sugih kapesan ing kene, wong-wong cilik ing kene ora bakal weruh dhuwit emas!"
       "Ah, ora usah! Ora usah!"
       "Ajamaneh kok weruh lan bisa nduweni. Krungu yen negarane dhewe nyithak dhuwit emas ya lagi iki."
       "Nanging wong kene bisa murus kabeh iki mengko."
       "Wong cilik kaya awake dhewe iki rak wis kulina murus,mumet, gerah ngelu. Jempalikan ngoyak butuh  ora ngerti panas udan, gludhug nyamber-nyamber. Sirah dienggo sikil, apane sirah gak mumet. Tutugna,Jan!"
       Jan Ganco ketragal enggone nutugake gawene jalaran ketekan polisi loro boncengan sepedha motor. Serka Cokot lan Koptu Pandil nesu-nesu nliti lokasi kakus. Jan Ganco sakanca digiring menyang Polsek. Weruh mengkono, ana sing alok," Oalah..., wong ki yen wong cilik. Barange durung kepangan  wis dadi urusan."
       Suirti wis kebacut nangisi,To Imin, bojone. Wedi yen bojone dikatutake. Parikah dhelog-dhelog, luput angen-angene olah ganti rugi.Lurah Mungit ngetutake pendhudhuke. Merga Jan Ganco sakanca ditakoni padha ora cekel  dhuwit, Lurah kepeksa cucul dhuwit, golek rokok patang bungkus. Diwenehake Serka Cokot lan Koptu Pandil loro edhang.
       Nanging rokok iku ora bisa ngilangane cerenge Serka Cokot kang nyureng nguman-uman Jan Ganco. "Kowe maune emoh, ya ta? Kandhamu ora kuwat nglakonii, ya ta? Tibane koklimpe! Bajingan kowe! Apa kokanggep kupinge polisi ora krungu?!"
      "Yatrane wong nggih dereng kepanggih kok ,Pak,"wangsulane Jan Ganco ngglayem, katon tatag. Seje karo Man Ireng lan Dul Belong, njeketet ndhingkluk.
      "Nanging pokalmu wis ngganggu ketenangan umum! Meresahkan masyarakat! Mengotori lingkungan! Kowe wis patut disel!" sentake Serka Cokot sing trengose njenthar.
      Dul Belong sing getapan, entek atine krungu gumerite lawang sel dibukak Pandil. Apamaneh bareng kelingan yen ing sel kono mentas ana wong tahanan mati ngendhat, ati lan pikire saya kuwur. Kisruhing atine lagi lerem sawise ngerti yen Pandil butuh ngetokake  wong tahanan sing ditiliki sanak-batihe.
      Luwih ayem maneh bareng padha dieculake. Kanthi ditunggoni lurah Mungit, Jan Ganco sakanca maculi lmah sakiwa-tengene kakus. Lemah diuncal-uncalale ngurug ler-leran supaya ambune ora sumeblak nganggu pendhudhuk.
      "Nek ngene rak apik ta, Jan. Rapet ora mambu. Masyarakat ora rame nek ora ana ambune. Sing rapet lho, Jan. Sing rapet," guneme Lurah wanti-wanti.
      Sing mentas digunemi malah wegah nutugake urug-urug. Bali ngedhuki kakus karo Dul Belong.Weruh kakus bali dikerjani, wong-wong mara maneh, grombol-grombol maneh. Butuhe mung padha kepengin weruh dhuwit emas. Lurah Mungit wis ngluyur tanpa omong. Sing keprungu omong swarane Jan Ganco,nyaruwe Man Ireng sing isih ingkak-ingkuk maculi lemah.
       "Tinggalen kuwi ,Man!  Iki lho sing  penting!"
      Man Ireng nguncalake pacule sajak anyel. Anyel nggrundel bisa ngetung sisane dhuwit kari telung puluh lima persen, Rp 250.000,"Kene sing jebrot ra karuwan, malah mung oleh koretan. Jebul kabeh padha wae, rusuh kaya isine kakus iki," Man  Ireng humag-humeg karo njejak ember kebak isi kang mentas ditarik munggah dening Du Belong.
      Ing ember kang isine dijejeg iku, dhuwit kuning gilap kuwi ketemu. Dul Belong ngluwari ujar, dhuwit diambungi. Sawuse dhuwit ketemu kabeh, lagi dikumbah resik ing banyu kalen sacedhake.
      Wong-wong mara gemrudug temu gelang. Gumun eram pating cranguk nyawangi dhuwit emas kang diubengake Jan Ganco. Dhuwit diseleh ing epek-epek tangan loro, diduduhake mubeng kaya  patrape bakul jamu nuduhake dagangan ing kalangan.Ana tangan semlonong kepengin  ndemek,  Jan Ganco mundur ngendhani karo alok," Lhooo..., aja didemek, aja didemek. Ora pareng, ora paremg. Ha ha ha ha ha..." Jan Ganco nggleges, seneng mbayangake ijol dhuwit emas iku menyang bank sing sateruse bakal diedum.
       Parikah lan lurah Mungit kena ndemek,ngiling-ilingi. Mripate Parikah amba lero-lero nyawang dhuwit emas. Gemes, dhuwit emas digegem-gegem, dipeteg-petegake ing dhadhane. Mripate lurah Mungit ngayer seneng ngematake saparipolahe randha Parikah.
      Dhuwit emas telung iji iku terus diacungake mendhuwur dening Jan Ganco supaya sing jinjit-jinjit ing mburi bisa weruh. Ciri bathikane dhuwit, gambar tekan sakehing angka lan tulisan ing lumah-kurebing dhuwit  uga dikandhakake.
      "Mung wae aku ora ngerti, dhuwit iki siji-sijine bobot pirang gram emas," semambunge Jan Ganco.
      "Ingkang pitungatus seket niku bobote sedasa gram emas, pak Jan!" ana swara nrambul, nerangake.
      Jan Ganco kebacut njenger bareng weruh yen sing guneman mengkono iku Sangkoro. Sing nonton miyak nyisih kaya menehi dalan marang wong iku mlebu kalangan.
      "Sampeyan tetep kulaperseni selangkung persen,pak Jan. Tigang atus pitung dasa gangsal ewu rupiyah,nggih ta? Pundi sing gadhah kakus? Tampi gangsal persen, pitung dasa gangsal ewu rupiyah."
      Parikah nampani dhuwit ganti rugi. Nanging Jan Ganco durung gelem nampani dhuwit sabengkeg kang diulungake marang dheweke. Weruh mengkono, sing nyawang padha gumun, gemrenggeng swarane. Saweneh wong aran Harjo Mangun kober ngelokake Jan Ganco."Diperseni  semono kok  isih kemlewa. Opahmu nek mburuh macul sedina pira?"
      "Halhah,pira...,sewu mang atus,mangan ping telu, rokoke mlintir," ana sing semaut numpangi gunem, aweh wangsulan.
      "Ya, kabeh ngerti, pira  opah buruh macul. Nanging kowe kabeh padha ora ngerti, geneya aku isih perlu rembugan karo kancaku perkara dhuwit persenen iku,"guneme Jan Ganco karo njawil  Man Ireng lan Dul Belong, diajak nyingkrih rada adoh.
       Jan Ganco ora ngerti yen Sangkoro wis ninggal welingan marang mandhor kreteg. Yen dhuwite ana sing ngerah,mandhor diakon nginterlokal dheweke. Sangkoro diinterlokal jam wolu esuk mau. Tekane Sangkoro mbarengi tekane Jan Ganco saka kantor polisi.
       Kelingan polisi,pikire Jan Ganco malih semrawut ,janjine marang lurah Mungit lan Serka Cokot dirasa ngebot-eboti pikirane.Ing kantor polisi mau, Cokot moh diwenehi bageyan  20 persen. mBekengkeng njaluk 40 persen jare merga kancane akeh. Patang puluh persene ketemu Rp 600.000,-
       "Janjine kene nyang polisi  rak yen karotengah yuta iku kecekel kene. Mangka persen  sing diulungake iku mau, minangka opah kringete awake dhewe," tumanggape Man Ireng.
        "Senajan mengkono, nanging aja mbokanggep mayar. Kene wis kadhung muni. Cokot wis kadhung seneng mbayangake oleh dhuwit akeh. Ngerti yen awake dhewe tampa persen, apa wong loro iku ora njaluk?"
       "Nek padha nggujeg...,ya diuncali sithik , rong- ithik.  Tukon rokok ngono, karo ngijoli rokok patang bungkus kae mau nyang pak Lurah," grenenge Dul Belong.
       "Yen njaluke akeh, kowe uman apa? Kowe kari uman gela. Bisa wae njaluke nganggo ngancam. Yen kowe eman dhuwitmu, lawang sel dibukak...Alasane maton, kowe ditudhuh ngganggu ketenangan umum, meresahkan masyarakat. Apa kowe ora modar?"
       "Ah, kowe ki... Kok terus tekan sel."
       "Othak-athikku ngono, Dul."
       "Alah....othak-athikmu ya kabuk ngono thik. Apik-apike pak Sangkoro, kene isih tetep diperseni. Kowe malah bingung nampani," guneme Dul Belong ngemu laras maido.
       Sing  ruamangsa dipaido, semaur,"Lho..., yen batinmu eman marang opahan kuwi, tampanana, Dul. Pek-pek'en wong loro. Aku ora usah. Tenan, aku ra njaluk. Aku pengin madhangake pikirku supaya ora ngalami gela.Ora ana sing ngancam werna-werna,nyoh iki, ulungke pak Sangkoro. Nanging kowe aja sambat yen ana sing nguber-uber," Jan Ganco ngulungake dhuwit emas telung iji marang Dul Belong.
       Dul Belong malah njegreg nyawang Man Ireng. Ngerti yen Man Ireng ora grenjet nampani dhuwit emas iku,Dul Belong akhire kumecap,"Ora siji ya ora kabeh. Kowe pengarepe kok  malah emoh. Sing othak-athik ngajak ngepek dhuwit  iku rak ya kowe. Aku lan Man Ireng kari manut. Ya ta, Man?"
       "Ya."
       "Saiki pokoke aku ya manut kowe. Ya ta,Man?"
       "Ya."
       Jan Ganco lagi jumangkah menyang pernahe wong nggrombol. Banjur celathu," Arta emas niki namung nyusahaken kula sakanca, pak Sangkoro!"
        "Lho, pripun? Kadospundi pak, Jan?"
        Jan Ganco pijer nggedhegake sirahe yen diulungi dhuwit opahe, Rp 375.000,- sing diothang-athungake Sangkoro .Panggah ora ditampani.
        "Tampani, Lik?" Parikah nyela.
        "Ora!  Aja!  Bener kowe, Jan!" tembunge Lurah nimbrung."Bener, aja kesusu koktampani ing kene. Pak Cokot kudu ngerti. Ayo kabeh dha nyang Polsek, diselesekna neng kana. Ayo,Dul...,ayo,Man...Parikah barang melu. Mangga,Pak. Soale anu...,arta niki jadi urusan yang berwajib."
        Man Ireng lan Dul Belong sing disurung baune dening Lurah, gojag-gajeg diajak mangkat. Kekarone nyawang Jan Ganco, gelem apa ora diajak menyang kantor polisi.Weruh  lurah Mungit ngajak Sangkoro nyingkrih, rembugan nglegeneg, atine Jan Ganco saya ora kepenak. Jasn Ganco mundur, butuh rembugan marang kancane.
        "Gagasen, apa kira-kira sing digunem kae. Sawangen, Sangkoro katon manthuk-manthuk sajak seneng dikojahi Mungit. Yen ing kantor polisi perkarane njur diwalik, aku lan kowe dianggep ngrampog dhuwit iki, apa ora modar tenan."
        Man Ireng lan Dul Belong saya bingung. Kekarone bisa mbayangake, bisa wae kedadeyan sing tanpa kenyana klakon , kedaya  saka anane dhuwit. Man Ireng uga mentas wae nglakoni  ngambungi segere dhuwit senajan tinemu rusuh.
        Lurah Mungit unuk-unuk mara, meksa ngajak menyang kantor polisi." Pak Sangkoro ya wis manut. Nek ana persoalan diselesekna neng kana."
        Tanpa wangsulan, Jan Ganco terus nguncalake dhuwit emas telung iji iku menyang papane sakawit. Sangkoro nututi. Parikah njelih. Lurah Mungit ndlongop kaget. Wong-wong sing nyipati  katut mlongo.
        Ler-leran naimin gage dikeruki Jan Ganco sakanca nganggo pacul. Diuncal-uncalale menyang kakus kareben dhuwit iku kependhem kaya maune.
        "Dhuwit emas iku wangune dudu pangane wong cilik kaya awake dhewe iki, Dul. Nyatane rekasa enggone ngerah, alate mung linggis pacul, ember amoh," grenenge Jan Ganco padhang pikire.*


       Cathetan :
       Crita cekak KAKUS, kepacak ing majalah Panyebar Semangat,No. 44,  tgl 31 Oktober 1992.
       Crita kasebut antuk hadhiyah sastra saka majalah kasebut  minangka crita cekak terbaik ing antarane crita cekak sing kepacak ing PS 
       sajrone patang taun, taun 1989 tekan taun 1993.