Selasa, 14 September 2010

WAYANG TOBOS

           KRINGETE mbah dhalang Karidin mruntus mentas nindakake adegan perang ing lakon Kangsa Adu Jago. Sumuk kringeten, klambi jase banjur dicopot, kari nganggo hem, klambi rangkepan njero. Kringet ing praupan, gulu lan githoke, diseka nganggo andhuk cilik. Sateruse nuli suluk. Suluk pathet sanga wantah jam rolas bengi.           Swara suluke wis ora bisa nggalur landhung kaya ing jaman enome awit umure saiki  wis 70 taun. Senajan wis umur semono ,nanging ragane  katon nggangseng jalaran otot bebalunge isih ajeg dienggo olah tetanen. mBabitake pacul, ngluku-nggaru tekan meceli tunggak-tunggak jati ing alas kanggo kayu bong.
          Dhalang ndesa, nyambi tani wis carane. Yen ora mengkono bisa kethetheran jer asiling pakaryan ndhalang ora kena dijagakake kanggo nyampedi butuh. Apamaneh saiki wis tuwa. Wis kepaten pasaran. Anane kari mugen tetanen.
          Sawuse rong  puluh taun blong ora ana sing nanggap, lagi ing bengi iku mbah Karidin njejak kepyak maneh ing omahe Harjo Jenggot, blantik wedhus. Harjo Jenggot duwe gawe kaulan. Ujar kaule Harjo Jenggot dibukani nganggo tembung lamun-lamun. Tembunge, lamun anake sing lara nemen bisa waras, bakal ditanggapake wayang sewengi dhalang Karidin.

         mBah Karidin nyempala kothak sarampunge suluk pathet sanga wantah iku. Ngancik adegan Gara-Gara. Gendhing sampak manyura muni ngungkung. Semar Gareng Petruk wayahe metu. Nanging merga Semar Gareng lan Petruke ora enggal ketemu, bingunge mbah Karidin saya ndadi njalari kringete metu brol-brolan. Kepeksa takon marang peniti wayang, endi Semar, Gareng lan Petruke?
        "Elho, napa mbah Din wau mboten mbeta?!"
        "mBeta apa?!"
        "Halhah-halhah. Bar!" semambunge Diyun peniti wayang, wong kang kejibah ngetutake wayang saka pakone sing duwe wayang yen wayange kanggo ing sewan." mPun dangu,mBah, kothak-kothak wayang mpun mboten enten Semar Gareng Petruke. Sedaya dhalang mpun sami ngertos. Mila dhalang-dhalang menawi ajeng ndhalang nggih sami ngempit Gareng Petruke piyambak. Kula kinten mbah Din wau nggih mpun mesthi mbetane," semambunge Diyun.
         Jantunge mbah Karidin kaya arep copot saka kagete.Lambene kumedhut nahan esmosi jalaran kang mengono iku gawe bubrahing pakeliran. Nanging merga eling marang tatakramane dhalang, ora kena nesu ing papane, mula mbah Karidin isih bisa meteg dhadhane kang kemrungsung mengkap-mengkap. Gendhing sampak manyura kang kudune nguntapake metune Gereng Petruk kaya mbanting-mbanting dhalange.
         "Langsung perang Cakil mawon,mBah! Beres!" Wondo panjak kendhang aweh pamrayoga.
         "Hus. Wis kadhung njantur Gara-Gara kok sing metu Cakil. Ya ora mathuk ta, Le."
         "Lha lajeng pripun?"
         "Aku iki dhalang. Ditonton lan dirungokake uwong. Sing diwetokake ing pakeliran ya kudu cocog karo sing wis diucapake. Yen ora, harak aku sing disuraki wong akeh."
        "Sing ajeng nyuraki sinten. Njawi sepen, mBah. Setugela mboten enten sing ndelok. Sami larut teng lapangan ningali kampanye. Mrika enten ndhangdhute, enten biskupe, reyog, akrobat lan rupi-rupi," semaure Sampir panjak kempul.
        Sepining penonton ora ngendhokake semangate jalaran wewarahe gurune biyen wis kadhung rumesep ing sanubarine yen ndhalang iku, ana sing nonton utawa ora, kudu tetep grengseng nindakake kuwajibane. Sing gawe mlengoking atine, kena apa kothak wayang wis ora ana Semar Gareng lan Petruk?
          "mPunlah mBah, langsung perang Cakil mboten napa-napa. Butuh kula mpun lega, saged ngluwari ujar. Anak kula saestu sampun waras," tembunge Harjo Jenggot  saka waliking kelir.
           "Sing apik yen padha keturutan butuhe, Jo. Butuhmu klakon, butuhku ya kecandhak. Sing takbutuhake saiki, Semar gareng lan Petruk kudu ana," wangsulane mbah Karidin puguh ngugemi pangucape sawarna dhalang. Mula ing sateruse, mbah Karidin banjur kongkonan Ruwat panjak slenthem supaya  nyilih Semar Gareng Petruk ing omahe dhalang Gondo Simun.
           Ruwat gage mancal sepedha onthel. Petengan, sepedhae tanpa lampu. Bele sing wis ora bisa muni kring, diunekake krak-krek ing saurute dalan supaya ora nubruk wong liwat. Nanging nubyak-nubyake Ruwat nempuh jarak karotengah kilometer tekan omahe Gondo Simun, mung nemoni lawang gembogan saka njaba. Batine Ruwat mesakake mbah Karidin yen baline ora nggawa wayang punakawan kang dibutuhake. Mula Ruwat banjur bablas menyang lapangan nggoleki dhalang Gondo Simun sing manut pangirane nonton ing lapangan sakanak-bojone.
           Sajrone nunggu baline Ruwat, gendhing sampak manyura wis diwalik, ditibakake menyang gendhing-gendhing hiburan. Jroning gendhingan, mbah Karidin lagi kober takon, nglarah ilange Semar Gareng Petruk kang ora dingertenii. Peniti wayang lan pengrawit kang ngerti perkarane, wangsulan saur-manuk yen Semar Gareng lan Petruk lagi mangsane laris. Dikandhakake yen akeh wong-wong pinter kang pating bleber, pesen Semar Gareng Petruk saakeh-akehe marang para juru tatah sungging wayang kulit. Sing padha duwe wayang sakothak uga ditekani, saperlu dituku Semar Gareng lan Petruke.
           Nandangi pesenan pirang-pirang, akeh juru tatah sungging sing enggone gawe Semar Gareng lan Petruk  kanthi numpuk lulange.Tumpukan lulang ditatah bareng. Jedhar-jedhor swarane saka banter enggone natah supaya tembus lulang paling ngisor. Krungu carane gegaweyan kaya mengkono, mbah Karidin gedheg-gedheg saka gumun lan kagete. Pangertene mbah Karidin miturut kawruh kang nate dirungu, tatahan wayang iku dumadi saka rong perangan. Perangan njaba lan  perangan  njero.
            Perangan njaba, hiya perangan ing saurute pinggir wayang sing ngatonake anane wangun utawa wujud, hiya wujude tata lair kang kasat mripat tumrap manungsa. Perangan njero kang kebak tatahan ngrawit, gambaraning njero atine manungsa kang remit. mBah Karidin ngandhakake prakara iku." Mulane, nggarap tatahan njero iku kudu sabar. Tlaten njlengut ngati-ati, ora kena groboh grusa-grusu waton natah. Lha kok lulange  malah ditumpuk. Ditatah bareng. Asiling tatahane terus kepriye?" semambunge mbah Karidin.
          "Halhah,  nggih mboten perduli, mBah. Butuhe asil. Waton mpun bleger Semar Gareng Petruk mpun pajeng, terose. Sing pesen nggih mpun purun."
          "Lha ya kojur yen ngono. Dupeh lagi laris, dupeh lagi payu, kok terus mboyak-mbodhil, ora nggatekake marang wewatone natah."
          "Menawi mbah Din taksih remen ndhalang, sarate nggih kedah gadhah Semar Gareng Petruk piyambak kangge cepengan. Pesen mawon teng nggene Tamsir. Damelane sae. Porem-porem."
          "Ckkkk,  gak, Le. Kejaba aku mung dhalang ndesa, kelugon, wis ora payu, tur aku ya wis tuwa. Iki wae yen ora ana wong kaulan, aku ya ora nyandhak wayang maneh."
          "Eee..., mboten ngertos nek enten sing kaul-kaul melih," semaute Wondo panjak kendhang.
          Saweneh panjak liyane ngrasani Ruwat sing ora bali-bali. Ruwat,ing lapangan, njaluk tulung marang MC panggung ndhangdhut.
          "Halho! Panggilan! Pangilan! Mas dhalang Gondo Simun ditunggu mas Ruwat di belakang panggung ini. Penting dan sangat mendesak, katanya."
           Ramene lapangan kaya pasar malem tiban. Masyarakat padesan sing ngelak hiburan tumpleg-bleg  sacindhil-abange. Umbul-umbul gendera rontek pating klebet. Sawenehing gambar kontestan pemilu ditancep-tancepake ing saurute dalan,ing tengah lapangan, uga ing panggung-panggung hiburan. Ing panggung ndhangdhut, penyanyi Cicih sing ayu manis, lagi goyang erotis, bokonge mlenis. Blouse potongan cingkrang, keclap-keclap katon perangane weteng yen dienggo goyang.
          Ruwat sing ana ing samburine panggung ndhangdhut wis setengah jengkel nunggu Gondo Simun. Imbuh kupinge cumpleng krungu sound sistem sing  bantere ora ilok-ilok. Merga Gondo Simun durung muncul, MC iku manggil-manggil maneh njalari nom-noman sing padha joged pating brengok.
          "Sabar mas. Sabar. Kita nggak bisa hidup sendiri,tapi hidup bersama. Saling bantu, saling tolong. Begitulah," tumanggape MC.
          Senajan Gondo Simun sing lagi mara methuki Ruwat krungu tembunge MC yen urip iku perlu saling bantu, saling tolong, nanging dheweke wegah mulih njupukake wayange awit batine wis selak kudu mbalik menyang beberan dhadhu. Pawadane, kabeh wayange lagi dianyarake cete ing panggonane Tamsir, juru tatah sungging wayang kulit.
          "Mesakake mbah  Din. Wis tuwa, kejeglong ing pakeliran saka ora ngertine. Kok ya ora ana sing ngelingake sore-sore mau. Aku dhewe kok ya blas ora mikir tekan semono. Terus piye ngene iki?" grenenge Ruwat.
           Weruh ing lapangan kono ana wong dodolan wayang tobos, wayang kerdhus sing lumrah kanggo dolanan bocah, Ruwat duwe pikiran tuku wayang punakawan. Wayang-wayang tobos iku didhasarake pating trancep campur plembungan, kitiran, slompretan, thot-thet lan topeng-topengan. Sing ana mung Gareng lan Petruk. Semare ora ana.
            Playune sepedha dikebat.Bele diunekake krak-krek sadalan-dalan kaya nalika mangkat.
            "Namung angsal ngeten niki, mBah. Nek kula dhalange, niki saged kula ngge.Kenging kangge tambel butuh katimbang mboten wonten," tembunge Ruwat karo ngulungake  wayang tobos iku liwat ndhuwur kothak.
            Wayang tobos iku dipulas nganggo jingga abang ijo lan ireng minangka cete. Bathikane jingga kaya mung saangger, jinggane setengah mblobor. Demekane wayang rada anyep merga kadhemen ing dhasaran kena kepyuring ebun wengi.Karang mung wayang dolanane bocah,nganti ukuran endhek-dhuwure ora digatekake dening sing gawe. Dedege Gareng lan Petruk meh padha. Kejaba ukurane wayang iku mung cilik, gapit lan cempurite sing mung saka silatan pring njalari wayang tobos iku angel disolahake dening mbah Karidin kanggo adegan Gara-Gara. Katone dadi aneh setengah lucu nganti para pengrawit lan sing jagong padha ndomblong, mlengeh. Ruwat sing duwe idhe tuku wayang tobos iku melu seneng atine. Kejaba idhe gagasane bisa narik kawigaten, uga kena kanggo nambal wirange mbah Karidin.
            mBah Karidin, sasuwuke gendhing, nuli ngobahake tangane Petruk karo kumecap," Awake dhewe klakon bisa metu netepi wajib, kang Gareng. Bisa netepi ujar kang wis kawedhar."
            "Ya, Truk."
            "Iki banget wigati. Gathuk antarane lambe lan ati. Ora kebacut dielokake mencla-mencle. Esuk dhele sore tempe. Njaba ngono kok njerone ngene. Aku emoh. Aja nganti."
            "Ya. Aku mathuk,Truk. Pancen kudu ngono."
            "Saka suweku njintel ora metu. Rong puluh taun lawase. Niklu nggarap lemah lan saba ngalas nganti aku orav weruh owahing kahanan njero kothak. Lha kok isine kothak wis ora ganep wutuh kaya biyen. Aku dadi mikir, yen wayang sakothak iki bisa nyuwara, isine rak mung swarane para bendara lan para yaksa bajingah sing uripe murka ngangah-angah njaluk tadhah sak-hohah. Swarane rama Semar ora ana. Swarane kang Gareng ora ana. Swaraku ya wis ora ana. Mangka aku lan kowe iki klebu baku. Luwih-luwih rama Semar. Jagad wis ngakoni yen rama Semar iku dadi pamonge para satriya, dadi pujanggane bebener."
            "Ya, wis cetha yen iku. Aku wis ngerti. Ora perlu koksujarahi ngandhar-andhar."
            "Yen rama Semar ora ana, nyatane wektu iki rama Semar pancen ya ora ana, iki terus kepiye? Sing arep tutur ngelingake marang satindak lakune para bendara supaya ora nyimpang minger saka garising bebener njur sapa?"
            "Ah, ya  mbuh,Truk. Yen kuwi aku ora ngerti,"wangsulane Gareng banjur ngajak Petruk, diajak marak menyang ngarepe  bendarane.
            Gareng lan Petruk lumaku jejogedan. Jogede pating kethuwil saka angele tangan wayang tobos iku disolahake dening mbah Karidin.
            "Atos-atos,mBah!  mPun ngantos suwek! Kejawi nek mpun bar, saged  dibucal!" clemonge Ruwat panjak slenthem. Banter enggone omong jalaran mbarengi karo swarane gamelan.
            Petruk kang ngetutake lakune Gareng nuli mandheg. Olehe mandheg karo nyandhet pundhake Gareng,njalari Gareng melu mandheg.
            Gendhing dipathet. Gareng pitakon. "Ana apa?"
            "Ana swara thik ora penak dirungu. Sengkring rasane,kaya nujes pulung ati. Atos-atos,mBah, mpun ngantos suwek. Kejawi nek mopun bar, saged dibucal. Apa awake dhewe iki mung dienggo kalane dibutuhake ing pakeliran? Banjur dibuwang sebrung yen butuhe wis rampung. Apa ngono?"
            Gareng ora semaur.
            Gareng nutugake laku.
            Petruk ngetutake.
            Mlaku bareng tanpa omong.
            Kaya wis ora ana sing diomong.

            Sing keprungu omong, Ruwat panjak slenthem," Yen dhong kanggo, Semar Gareng Petruk gawane dhalang ya mleba-mlebu kothak. Yen wis tancep kayon, ya terus diracut dhalange. Dikempit mulih wong pancen wayang kempitake  dhalang. Kabeh panjake kari nampani dum-duman."
            "Dikempit cedhak kelek ya arep muni piye? Arep muni ambune penguk ya ora wani. Paling ya mung cungar-cungir thok," semaute panjak liyane.
           Gendhing kasirep lirih kanthi sasmita gewdhogan kothak. Gareng lan Petruk ngadhep Permadi, bendarane. Permadi, endah edi bathikaning busanane. Gapit lan cempurite saka penyu kang becik. Seje karo gapit lan cempurite Gareng Petruk mung saka silatan pring. Blegere ora pakra, bathikaning penganggone  mung  saka  jingga.[]


           Cathetan :
           Crita "Wayang Tobos"  kasebut kepacak ing
           majalah Panyebar Semangat,   No.30,   ta-
           nggal 29 Juli 1995.-