Sabtu, 11 September 2010

TIKUS LAN KUCINGE PENYAIR

             TIKUS lanang aran Kuslan wis apal marang lageyane Istik yen meteng tuwa. Janji wis njaluk digawekake susuh, tandha yen ora suwe maneh bakal babaran. Mula bareng Kuslan weruh ing jogan ngisor meja njero kamar ana kertas kumlemprak, banjur dijupuk.
            Senajan ing kamar iku ana wong lanang turu mbangkong, Kusan wani nekat. Kertas diseret mrambat pojok kamar. Mlembar nurut blandar, digawa nyepit-nyepit engga tekan ndhuwur pyan. Kertas sing maune wujud folio wutuh, malih lencu ketekuk-tekuk.

            Kuslan ketarik marang kertas iku singb ana tulisane kang muni :kucing. Eling-eling kucing iku musuhe, ora aneh yen Kuslan dadi adtreng enggone kepengin ngerti isi surasane tulisan iku. Kertas gage dijereng. Diwaca. Kuslan ngguyu ngakak sarampunge nyemak, njalari Istik kang turu liyer-liyer ing wuwungan melek kaget. Bedor, Kenci  lan  Picis mara gemrudug. Miterang, apa sing diguyu ngakak mengkono kuwi?
            Bedor, Kenci lan Pecis nyemak kupeng. Bedor ngguyu sora bisa nggagapi surasane puisi asesirah : Kucing. Kenci lan Picis ora mudheng. Semono uga Istik, ora dhong. Istik (Istri Tikus) malah banjur ngatag sisihane supaya kertas iku enggal digawa mendhuwur, arep direwangi nata.
           "Kertas iki aja, iki. Ngko takgolekake kertas liya. Isih akeh kertas. Iki arep ana kanggone," wangsulane Kuslan.
           "Ckkk...,arep dienggo apa?" semaute Istik.
           "Bareng ruh isine apik, takpikir mathuk dienggo lek-lekan. Mathuk dienggo jagong bayen yen anake dhewe wis lair."
           "Hiya! He'e! Aku setuju! Ha ha ha ha ha...! Mesthi gayeng. Ngko aku sing maca. Ha ha ha ha ha...!" semaute Bedor.
           "Ckkk, gak usah! Kok neka-neka!" tumanggape Istik bali munggah menyang wuwungan.
           "Ning anu dhe, Kus..., apike kudu akeh sing diundang. Kurang gayeng no, nek mung ngundang sakupeng kene," semaute Bedor.
           "Ye, genah. Bakal akeh sing takulemi."
           "Ora...,apike tulisan iki ing nggon ndi ta?" greneng pitakone Kenci ora ana sing nyauri.
           Kenci lan is bali nungkuli kertas isi ukara patang larik kuwi. Rong larik, larikan ngarep dhewe, mratelakake anane kucing candramawa. Yen kucing-kucing iku gelem mentheleng, tilkus-tikus mati tiba.
          Kenci golongan tikus jirih, ketarik marang kasektene kucing candramawa ing ukara iku. Mula Kenci banjur pitakon marang Picis, apa kucing candramawa iku ana temnan?
          "Apa kowe ngalup kepengin dipethuki?"
          "Ah, ya ora. Pethuk kok pethuk kala, ya milih  orane."
          "Jare-jarene, ulese ireng mulus. SDorot matane mencorong landhep ngegeteri ngemu daya ghaib. Yen weruh tikus mung dipandeng wae. Dipandeng manther tanpa tolah-toleh, tikuse lumpuh dadakan kaya kena setrum. Gemeter, ngoplok, ngewel, lemes entek dayane. Durung uwis enggone mandeng nek durung nggregeli ceblok."
          "Eh, medeni."
          "MUlane akeh sing dha ipat-ipat, aja ketema-ketemu sakanak turune."
          "Ampuh tenan."
          "Apa rumangsamu nek wis ceblok terus dipangan? Gakkkkk..."
          "Apa ora doyan?"
          "Sing nggames doyan tikus iku rak bangsane kucing-kucing lumrah ngono kuwi. Candramawa sing tenan, emoh. Ruh wis ceblok mati ya terus ditinggal, wong tugase mung ngresiki tikus. Terus inget-inget maneh."
          Krungu critane Picis sing ngethuprus lan weruh pasemone Kenci kang kamiweden, Kuslan mlengeh lan banjur nanggapi. "Kucing candramawa iku sabenere ora ana. Iku mung dongenge mBah-mBah buyut  supaya anak-putune ngati-ati. Awit  piyea wae, arepa kucing lumrah, ya tetep mbebayani mungguhing aku,kowe."
           Kuslan tuwa-tuwane tikus ing sajembare wewengkon kono. ugih crita lan wareg pengalaman saka enggone urip blayangan ing sadhengah papan. Nate urip ing kantor-kantor. Kemput mubeng njajah menyang sekolahan-sekolahan. Pindhah menyang gudhang-gudhang, negalih menyangpasar-pasar, menyang stasiyun, menyang terminal sarta  menyang papan-papan liyane. Bareng wis tuwa terus netep ing pomahan. Tikus-tikus enom padha sumuyud sungkan. Sarembug-rembuge Kuslan digugu. Mula Picis uga ora mbantah panermun Kuswlan ngenani kucing candramawa kang mung ana ing dongeng.
           "Weruh sesawangan njaba kuwi perlu. Aja mung nglutheg ing papan sakupeng kaya  Kenci kuwi. Memper yen Kenci sok giris  krungu crita sing serem-serem. Bedor kuwi sing rada seneng plancongan, weruh kana-kana," semambunge Kuslan.
            "Tau aku urip suwe ing kantor koperasi, Dhe. Manggoning gudhang Dholog ya tau. Ing kanthor gadheyan ya tau," guneme Bedor  kang sateruse kandha yen dheweke sedhela maneh  arep metu saka omah kono.
           "Manggon ing plabuahn aku tau, Dor. Pencolotan menyang kapal-kapal, wis kulina. Mula aku ya weruh pulo kana-ana . Nanging aku panggah ora tau mrangguli  kucing sing aran candramawa. Siong ana ya mung kucing lumrah sing doyan tikus."
           "Malah kodhok barang ya doyan, Dhe. Kadhal ya arep. Bathang-bathang ula ya memel. Ha ha ha ha ha...!" Bedor ngguyu ngakak.
           " Kowe ngerti, kena apa kodhok, kadhal, bathang-bathang ula dipangan? Soale wis ora bisa ngoyak tikus. Ha ha ha ha ha....!"
           "Kuwi ya mung saka ngragase. Saka cluthake," panyelane Picis.
           "Mangka daging kadhal kuwi hawane panas. Lha...,geringen kaya klebon racun. Mengak-mengik trus modar!" maneh gunem Bedor.
           "Malah apik nek dha nggragas. Nek padha lara klebon racun, uripa ya ora bisa trampil ngoyak awake dhewe. Ya ta? Paling bisane mung kari ngeang-ngeong," guneme Kenci.
           "Lha...,wiwit mlaku pikiranmu," guneme Bedor  ndudul bathuke Kenci. Sateruse, Bedor gupuh nakokake kertas puisi. "Endi kertase dhe ,Kus? Aku taksinau dheklamasi, Dhe."
            Kuslan, Kenci lan Picis nyawang Bedor, butuh ngrungokake. Bedor ngadeg. Tangan kiwa nyekeli kertas puisi, tangan tengen nglawani adege awak kanthi cekelan kayu sunduk kang nyangga wuwungan. Bedor nata napase. Kucing (Bedor maca judhule), dening : Ratmanto. Meneng sawetara sekon, banjur kumecap nerusake.

           kucing kuwi satemene kucing candramawa
           yen ta gelem mentheleng, satemah tikus-tikus mati tiba
           teka kuwagange mung kari ngeang-ngeong
           tiwas mung ngentekake cadhong.

           "Swaramu kampengn, Dor. Balenana nganggo swara sing anteb," tembunge Kuslan.
           Kucing (Bedor mbaleni maca judhukle ). Durung nganti  kumecap mbacut, Bedor lan kabeh tikus kaget njenggirat krungu swara jumebles pernah ngisor pyan. Picis  nginceng mengisor liwat pyan kepang sing pating cromplong. Bolong-bolong ajur nggegregi dipangan umur. Picis ngandhakake yen sing duwe omah teka saka pasar, mbukak lawang. Geblage lawang nywara jumebles natap gebyog.
           "Sttt..." Kuslan aweh isyarat marang Bedor supaya leren enggone sinau dheklamasi. Awit adate,  yen sing wadon teka saka pasar, terus nggugah sing lanang, diwenehi sarapan.
           "Mas, tangi. He, he. Mas! Jare butuh nyang kantor pos?" keprungu swara wadon.
           "Lho, tenan. Bojone terus digugah," grenenge  Kuslan lirih.
           "He. Mas. Wis awan. Wis meh jam sepuluh. Iki lho, sarapane. Sega tahu."
           "Tenan ta, diwenehi sarapan.Aku wis niteni. Adate nek digugah nganggo panganan ngonomkuwi, gelis melek. Ning ya kerep wae bar mangan ngglimbung maneh yen olehe mbangkong durung wareg. Doyane mbangkong ora jamak. Kesel, lha nek bengi ngancil wae."
           "Ya, ajeg  angger bengi. Maca-maca, njenggruk nulis, ngetk -ngetik  kaya ora ana bare. Turu-turu nek wis esuk, mula ya arang weruh anak-anake mangkat sekolah," ujare Bedor.
           "Bojone barang sajake ya pangerten, emoh ngganggu. Yen butuh menyang pasar ya terus kulina ngunci lawang saka njaba."
           Sateruse, sing duwe omah, lanang-wadon, keprungu rembugan ing omah pawon. Cukupan dohe omah pawon saka omah ngarep awit pawone mapan ana ing mburi dhewe. Mula tikus-tikus sing isih mlumpuk ing ndhuwur pyan omah ngarep, wiwit wani rembugan rada banter.
           "Rencanamu mau sidakna, dhe Kus. Jagong bayen karo maca puisi mau," grenenge Bedor.
           "Ckkk...,kok misih kuwi wae sing digunem.  Nggon kaya ngene kok dinggo kumpul-kumpul. Gak usah!" semaute Istik sing ngisis ing wuwungan cedhak gendheng mlorot.
           "Ora ing kene. Pyan ajur ngendhelong kaya ngene, ya ambrol diemoti pirang-pirang. Turmaneh ing kene ya kurang aman. Mula yen anakmu wis lair, ngene ,Dhe...,aku taknemoni kancaku ing gudhang Dholog lor kono. Kancaku kuwi apikan kok. Seneng mbantu-mbantu."
           "O...,dadi aku mbokkon moyang-moyong ngusungi anak-anakku mrono, sing perlune mung dijagongi? Aku emoh!"
           "Kowe ki menenga,Tik! Criwis ae!" panyendhune Kuslan kang banjur noleh marang Bedor."Terus piye kandhamu mau?"
           "Gudhang Dholog rak bawera. Cocog dinggo nekakake uleman pirang-pirang. Panggonane resik tur garing. Lesehan ae, cedhak tumpukan karung endhek-endhekan."
           "Ya, mathuk. Kenalanku ing kantor-l\kantor, ing sekolahan-sekolahan,ing gudhang-gudhang, pasar, stasiyun, terminal lan ing pelabuhan takulemi kabeh."
           Kuslan wiwit mbayangake akehe pawong-mitra, sanak-sedulur, tangga-teparo lan kanca tepungan kang bakal teka. Nanging Bedor kang sauntarameneng, dadak duwe pikiran anyar, gupuhb enggone kandha.
           "Anu, Dhe...,takpikir kok ngene.... Nekakake uleman pirang-pirang, nek butuhe mung trima jagong bayen, sing adoh-adoh kiraku wegah mara. Mula apike nggawe acara sing genah. Sawuse pembacaan puisi, diterusake acara ceramah bab perkucingan. Ya bab kucing candramawa sing manut panemune dhe Kus mung dongenge mbah-mbah buyut mau ta."
           Kuslan manthuk-manthuk.
          "Saka pengalaman lan nalare dhe Kus, kiraku dhe Kus bisa nggawe makalah sing bomber tekan thek-kliwere kucing umume."
          "Wah,hiya, hiya, he"e. Lantip pikiranmu, Dor. Aku bareng wis tuwa ngene iki, wis ora pati kreatip."
          "Acarane disebutake cetha ing undhangan. Baca puisi, ceramah perkucingan ngiras jagong bayen. Sing adoh-adoh mesthine merlokake teka. Dhe Kus ya bisa crita akeh-akeh tekan kelemahane kucing."
          "Bisa, bisa! Apik tur perlu. Kelemahane kucing perlu dibeber,kareben tikus-tikus sing isih bodho  ngerti carane nylametake awak, "greget saute Kuslan kebak semangat.
           "Tur ya irit. Konsumsine cukup ngowot-owot beras ing gudhang kono. Ha ha ha ha ha...!"
           Bedor munggel guyune sing keseron awit diploroki Kuslan karo tuding-tuding mengisor. Bedor nilingake swara, krungu klesete srandhal tumuju menyang omah ngarep. Saka bolongan pyan, Kuslan weruh klebate wong lanang mlebu kamar.
           "Apa kancamu kuwi bisa mbantu temenan?" pitakone Kuslan lirih,ngetutake Bedor menyang omah tengah.
           "Akeh gelme. Acara ceramah kuwi trak kanggo kepentingan umum. Kanggo kepentingan bersama supaya bangsa tikus  awet seger urip, saturun-turun. Mula acara jagong bayen kuwi mau ngandhul wae."
           "Ya, ora apa-apa, Dor. Kowe dhewe ngerti, budhemu  ya  ngotot emoh moyang-moyong," wangsulane Kuslan isih ngetut Bedor butuh rembugan satutuge. Kuslan butuh bantuwane Bedor kang dianggep lantip.
           Kuslan lan Bedor weruh wong wadon umak-umik, ngetang-ngetung wetyune dhuwit kasng dienggo blanja.Kari sisa sawetara dhuwit receh diwetokake saka dhompet kempes.
          "Blanja ra mingsra, ngentekake dhuwit akeh. Apa-apa larang," grenenge nuli menyat, marani sisihane." Iki lho, kari nem atus, pitu lima. Nek sida butuh tuku prangko, iki cukup apa ora?"
          "Ya, sik. Arep kirim artikel. Duwe puisi anyar sirku arep takbarengake. Wis takketik apik, mau bengi, saiki kok ora ana. Hmmm...,neng ndi ta ya?" wangsulane Ratmanto kresah-kresuh, ngadhul-adhul isine stopmap.
          Tumpukan koran, tumpukan majalah lan kertas-kertas, kstuit diungkrah-ungkrah. Sateruse lagi kelingan yen naskah puisi Kucing, mau bengi, isih diseleh ing sisihe mesin tulis. Mau bengi, wis parak esuk, terus ditinggal turu saka kesele.*



          Cathetan :
          Crita kasebut,kepacak ing majalah Jaya Baya,
           No. 8, tanggal 21 Oktober 1990.-

Tidak ada komentar:

Posting Komentar