Jumat, 03 September 2010

OREK-OREK MONTORE MABUR

ING gendhing Orek_Orek, ana ukarane sing populer, yaiku ukara parikan sing unine mengkene :

orek-orek montore mabur
montor mabur gedhe rodhane
aja ngenyek wong gedhe dhuwur
gedhe dhuwur larang regane.


Tembung larang regane ing parikan iku, maksude : wong lanang gedhe dhuwur iku bisa narik kesengseme wanita sing nyawang. Senajan ora kena diarani kabeh, racake wong wadon, gampang ketarik marang wong gagah, gedhe-dhuwur. Kathik ya nggantheng ,isih jaka, duwe brengos pisan, katon ngengkreng. Akeh prawan sing puyeng, gendheng. Dadi rebutan. Ora beda jaka-jaka yen weruh prawan ayu, menthur..., jor-joran, saingan.


Prawan kang klakon dikawin sing gedhe dhuwur iku, mulya (bahagia) banget atine. Nanging suwening-suwe..., bareng nyandhak perkara kabutuhan, dadi wiwit kisruh, saka watak kesete sing lanang sing wegah nyambutgawe. Omah-omah butuh ragat, sembarangkalir nganggo dhuwit. Selagine wong turu wae ya nganggo wragad (obat nyamuk), apamaneh wong melek, eling lan weruh kebutuhan thenthek-mbengek.. Sabune entek, wedhake ya entek, durung berase, lawuhe apa, lombok, uyah, trasi.....ya wis koret-koret. Arep utang maneh ing warung kok monga-mangu, wong sing dhisik durung dibayar, tekan sak-rokoke sing lanang....

Bahagiane oleh bojo wong lanang gedhe-dhuwur,kaya wis ora pati dirasakake. Apamaneh metu anake, saya akeh butuhe lan ya saya kerep tukarane merga sing lanang keset nyambutgawe. Mung ocas-acus adol bagus, entek-entekake bojone njaluk pegat saka wis ora kuwat..Terus budhal menyang Hongkong, apa menyang Taiwan, apa menyang Arab, golek dhuwit gedhe. Tilik omah, tumpakane MIO gres.

Dhasar ayu rupane, turah-turah dhuwite kanggo ngadisalira. Sore-sore, nganggo kacamata,rambuten kledher-kledher keterak angin, numpak MIO anyar gres.Wengggggggg.....,liwat ngarep gerdhu sing dienggoni cangkruik tilasane.

":Lho...! Bojomu, Har! Halhah-halah, kaya bintang sinetron saiki," cluluke kancane cangkruk.

"Wong mandhak buruh ae, kok. Pacakane kok kaya bojone Camat," wangsulane ora ngrumangsani luputing kesete, nganti diemohi bojone, lara atine.

"Umpama isih dadi bojomu, ya sengara isa tuku Mio jreng!" tembunge kancane antep, kaya watu gedhe nibani awake,nganti ora bisa thengel-thengel saka benere ukara iku.' Sakinge kowe sing keset, ra isa ngrumat bojo ayu....,ya malah kowe sing terus diguwak. Apa ra isin nek kowe diliwati, wenggggggg....ngono kuwi maeng?"

Wong gedhe dhuwur keset nyambutgawe mengkono iku, kaya wis dadi watak cirine wong gedhe dhuwur. Senajan ora kabeh mengkono, nanging akeh-akehe mengkono, keset. Sing akeh, wong-wong sing sukses, dudu wong sing dedege gedhe-dhuwur, nanging wong-wong lanang sing dedege mringkil-mringkil, rada endhek. Ya sing mringkil-mringkil iku sing wekel ing gawe, lincah blebar-bleber kaya ora duwe kesel , etungane ya memet, gemi nastiti,ngati-ati.

Mulane..., marang kabeh putu-putuku sing isih dha prawan-prawan kuwi...., rungokna welinge Embah. Ati-ati golek bojo. Aja mung gampang ketarik marang gebyaring rupa, bagus-nggantheng tata laire, gedhe-dhuwur, breges. Eling-eling welinge Embah yen rasa seneng, cinta, bisa bubrah ing njero omah yen kurang ragade. Sing diarani ragad kuwi ya pengasilan, pekayaan utawa nafkah. Yen sing lanang ora duwe asil, ya tempur saben dina, bubrah cintane suwe-suwe.

Pancen bener anane tembung , yen : gegaraning wong akrami, dudu bandha,dudu rupa, amung ati pawitane (pathokane wong omah-omah, dudu bandha lan rupa, nanging mung saka ati). Yen atine wis sreg, dadi, bisa tutug-lestari enggone mbangun bale wisma. Ayem, tentrem, nemoni rahajo. Iku mau yen ya cukup dhuwite kanggo nyuikupi butuh. Cukuping kabutuhan mung kudu kanthi nyambutgawe.

Mula, aja mung waton seneng oleh sing gedhe-dhuwur, kira-kira pegaweyane apa? Bisa apa sing kena kanggo nyukupi butuh?

Yen nganti kleru, ukara ing gendhing Orek-Orek, ya bisa seje unine :


orek-orek montore mabur
montor mabur, gedhe rodhane
wani ngenyek sing gedhe dhuwur
gedhe dhuwur keset gawene.*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar