Kamis, 07 Oktober 2010

Cerkak : D A S A M U K A

            Anila mati.
            Anggada mati.
            Anoman klenger ketiban bindhi.
            Sugriwa ambruk glangsaran.
            Ramawijaya kendhang saka pabaratan
            ...............................................
            ...............................................

            MENGKONO lakon pakelirane Ki Bilung Sarawito kang gawe muntape penonton jalaran dianggep nyimpang saka kalumrahan. Penonton pating braok misuh-misuh, ngundamana Ki Bilung sauni-unine. Ana sing muni dhalang mendem ora ngerti pakem. Ana sing muni dhalang dhegleng, dhalang gendheng, dhalang edan njaluk disawat klethong kebo.
          "Wis! Wis!"
          "Ngawur! Ngawur!"
          "Kukut, Lung!  Kukut, Lung!"
          "Orat-arit kono gonge! Karuwan olehe kukut! Kemropok aku! nDeleng wayang ora marem malah kudu nothok dhalange!" guneme Dul Sabrang getem-getem.

           Penonton maju nganseg, nyuraki dhalang saka cedhakan. Nanging Ki Bilung kaya wis tahan bantingan, kaya wis kuwat mentale ngadhepi gunem braokan kebak pamisuh lan poyokan.
           Ki Bilung ucap-ucap, nyritakake lelakone Sinta nalika kadhustha dening Dasamuka ing alas Dandaka. Sinta kepranan sumurup kidang kencana akulit emas. KIdang kencana iku panjilmane Kala Marica, abdi kinasihe Dasamuka kang nindakake karti sampeka supaya Ramawijaya pethal saka garwane. Adreng pamintane Sinta marang garwane supaya  nyekel kidang kencana iku kanggo klangenan awit warnaning kulite banget endah.
          Ramawijaya mbujung playune kidang kang sedhela ngilang, sedhela ngaton ing kadohan. Saka akal julige Kala Marica mengkono mau, njalari Ramawijaya saya adoh saka garwane. Dasamuka kang wis sesingidan ana ing grumbul sacedhake Sinta, wekasan bisa ndhustha Sinta.
          "Gampilipun Sinta kepranan dhateng kidang akulit emas, suka pralambang bilih kodrating Sinta punika mboten benten kaliyan wanita sanesipun,  inggih wanita ingkang gampil kepranan dhateng gebyar isen-isening jagad. Mila mboten mokal sesampunipun Sinta  dhawah wonten ing panguwaosipun Dasamuka ingkang abandha-bandhu, saya dangu saya wudhar singseting kembenipun. Malah ing wekdal samangke Sinta sampun anggarbini."
           Krungu antawecana Ki Bilung kaya mengkono, Dul Sabrang mbengok sora," Rusakkk...! Rusak ! Huuuuu...! Sinta kok ngono! Sinta kok geleman! Kuwi Sinta endi...,kuwi!"
           "Dhalang njaluk disawat klethong tenan kok!" Jan Kempul petota-petoto.
           "Lha hiya, apa wong-wong kene iki dianggep ora juntrut crita wayang, kok didoli lakon nggedhabyah kaya ngono!" Min Kombor kresah-kresuh.
           "Sing nde omah kandhani.  Omongi. Dhalang ora waras kok ditanggap. Pilih ngebari mBilung apa njaluk dikrutugi bata omahe!"
           "Sore-sore mau critane ya kaya juntrut. mBuri-mburi kok nggleyor kaya dhalang teler. Aja-aja mBilung kuwi gek doyan ngombe?" grenenge bakul bakso karo nyerbeti mangkok.
           Dul Sabrang, Jan Kempul lan Min Kombor ita-itu nemoni Suro Melik sing duwe gawe sunatan iku. Nanging Suro Melik emoh disalahake.
           "Kleru yen kowe nutuh aku.  Aku dhewe malah ora ngerti  lakon-lakon wayang. Lakone wis takbodhokake dhalange. Terserah, pokoke rame, ngono lehku njaluk sore mau."
           "Ya, ramene lakon mblangkrah. Rame maneh nek omahmu dibandhemi  bata  wong  akeh," semaute Jan Kempul ing mburi kelir panggonane Suro Melik nampa tamu.
           "Ah, ya aja ngono. Ngono kuwi jenenge rak arep ngrusak aku."
           "Mulane, dhalang mBilung kuwi konen leren yen ora bisa ndhalang sing bener," guneme Dul Sabrang.
           "Sik ta, aku takmelu omong. Sing sareh atine, aja padha kemrungsung," wong tuwa aran  Darmo Dipo kumecap nengahi.
           Ing sisihe swara gamelan ngungkung, swarane penonton isih pating brengok. Mbilung...! mBilung...! mBilung...! Sarawito!  mBilung...! mBilung....! mBilung....! Sarawito! Saben jeneng Bilung diucapake kaping telu sarana bebarengan, banjur diselani jeneng Sarawito kang uga diucapake bareng-bareng. Mengkono diucapake marambah-rambah njalari penonton ngguyu ger-geran.
           Suro Melik njawil nom-noman supaya ngladekake wedang telung gelas. Dul Sabrang sakanca gelem dilungguhake. Darmo Dipo nerusake rembuge, "Kowe kabeh iki, semono uga aku,  mung wong nonton. Bedane, olehku nonton ing njero karo jagong. Wong nonton iku, yen seneng marang tontonan sing lagi ditonton, enggone nonton bisa diterusake. Nanging yen ora seneng, tinggalen mulih wae supaya gelamu ilang."
           "Wong mpun kadhung sumerep lakon mblangkrah, dugiya nggriya nggih tetep mangkel, mBah," wangsulane Dul Sabrang nglungani, ora kena dicandhet supaya ngenteni metune wedang.
           Jan Kempul lan Min Kombor nututi Dul Sabrang kang wis lungguh jengkeng ing ngarepe panjak kenong. Pitakoine Dul Sabrang marang panjak kenong, lakon kang dijereng dhalang mengkono iku nganggo dhasar pakem saka ngendi?
           Merga Dul Sabrang sakanca kresah-kresuh terus, panjak kenong kang mapan ana ing sacedhake kothak wayang iku akhire kumecap," Ah, niku sanese  karepe pak dhalang  piyambak kok, Mas. Niku rak merga Dasamukane sing mbrengkele, mboten purun dikawonaken."
           "Ckk, kok modhel. Dhalang kok kawon kalih wayang. Kula taken saestu," pandhesege Dul Sabrang adreng.
           Panjak kenong banjur ngandhakake yen wayang Dasamuka iku digawe saka kulite bromocorah kang mati dikroyok massa ing pinggir kali  Lawas. Saka bangeting kemropoke sing padha ngroyok, kaya durung lega mateni, kulite dibeset pisan. Kulite ditemu wong sing gawene yasa wayang kulit, banjur ditatah dadi Dasamuka kuwi.
          Sing dikandhani kaget pating pendongong, banjur padha nyawangi saparipolahe dhalang. Panjak kenong nindakake pakaryane nabuh. Sasuwuke gendhing, Min Kombor kumecap," Eh, malati napa ngoten, wayang niku."
           "Pripun angsale mastani wong nyatane saged mengaruhi dhalang."
           "Mengaruhi pripun?"
           "Wayahe Dasamuka kawon, pak dhalang kados kesurupan, ngantos lakune crita kwalik-kwalik kados ngoten niku."
           "Wayang  saged  mbentokaken  dhalang ngoten kok taksih diengge ta?  Kok mboten diselehake mawon." grenenge Dul Sabrang.
           "Niki wau sedaya pengrawit nggih kaget. Nanging pak dhalang mpun kebacut mbandhang, mboten kenging dielikaken. mPun mboten karepe piyambak.  Akhire sedaya pengrawit nggih  lajeng mendel,  butuhe terus  nabuhi ngoten mawon."
           "Niku wayang pundi ta?  Napa betane dhalang?":
           "Niku napa sing gadhah. Rasukan lorek niku," wangsulane panjak kenong karo nudingake tabuh kenong menyang arahing klambi lorek kang lungguh ing sacedhake panjak gender.
           Dul sabrang sakancane ibut ngandhakake critane panjak kenong marang penonton. Saka cepete rembug gethok tular, penonton dadi ngerti yen lakon  kang dianggep nyimpang saka kalumrahan iku ora saka lupute dhalang. Swara braokane penonton dadi sirep. Ombyake penonton saya ngangseg bareng wayang  Dasamuka diwetokake maneh. Penonton butuh nyawangi Dasamuka saka cedhakan.
           Dasamuka ngguyu ngakak karo nebah dhadha," Ha ha ha ha !  Ya bandhaku!  Ya donyaku!  Marem atiku, Mannn...!  Lega penggalihe pun Rama, Jitttt...!  Ramawijaya modar!   Anoman bangka!"
          "Senaosa Ramawijaya saha Anoman taksih gesang keplajeng wonten ing wana, nanging sampun pepes, sampun risak kekiyatanipun. Kasembadaning anak  Prabu angrengkuh Sinta minangka tandha yekti bilih mboten wonten sedya ingkang nglengkara kagayuh menggahing anak Prabu," wuwuse patih Prahastha kang kapernah bapa pamane.
          "Nggih, leres, ndika, Man. Sareng Sinta kelampahan dados bojo kula, hmmmm...., jagad iki katone saya padhang gumrining  kebak kanikmataning urip. Rak ya ngono ta, ndhuk, Sinta?"
          "Kasinggihan. Kula namung ndherek sakersa Paduka."
          "Rama Dewaji malah saged nyuwak cariyos  lami  ingkang nyariyosaken bilih negari Alengka rebah risak. Mangka nyatanioun mboten. Tembok Alengka mboten gempal, mboten gempil. Rama Dewaji taksih meger-meger ngembat pusaraning praja, mboten gugur kasambuting jurit  kados ungelipun pustaka saratanipun pujangga Walmiki," panyelane Indrajit.
          "Iku rak dongeng saka mblakraking angen-angene  Walmiki. Mula sengitku marang Walmiki kepati-pati. Walmiki pancen bangsat keparat, banget anggone ngasorake kawibawaningsun.  Umpama menus Walmiki iku isih urip, o...,mesthi taktugel gulune. Mula Jit, rungok-rungokna, tiling-tilingna..."
         "Nggih, kadospundi?"
         "Sapa wae, ora perduli Mantri  Bupati  manggalaning praja, yen ana sing ngurip-urip dongenge Walmiki, patenana!"
         "Nggih."
         "Dhalang-dhalang, yen ana sing nggelar lakon kaya dongenge Walmiki, patenana pisan!"
         "Nggih."
         "Majalah-majalah, yen ana sing ngemot crita kaya dongenge Walmiki, rangketen redakturre!"
         "mBoten dipunpejahi?"
         "Pateni!"
         Wataking Dasamuka kang brangasan sawenang-wenang mengkono iku gawe sengite penonton. Satemah ana kang nylemong kebak pangigit-igit, yen wayang Dasamuka iku antuk dituku, arep diremuk nganti ajur. Rembug mengkono iku cepet ditanggapi gethok rambat satemah kabeh penonton lan bakul-bakul padha sayuk nyawiji, gelem urunan wragad yen wayang siji kuwi oleh dilironi dhuwit.
           Dul Sabrang dietutake sawetara penonton banjur nyaketi panjak kenong. Kajat niyate masyarakat penonton dikandhakake supaya diterusake menyang sing duwe wayang.
           Sing duwe wayang ora kabotan wayange dituku." Kula culke, janji purun kalih atus ewu rupiyah."
           "Pinten-pinten purun. Nanging anu...,menawi sampun tancep kayon, kula sedaya niki mpun mboten butuh," guneme Dul Sabrang.
           "Nggih, gampil."
           Wayahe wis nyedhaki gagat raina, tandange sawetara wong sing makili penonton dadi sarwa cepet. Gage enggone ngubengake baskom, lengser, panci utawa apa wae sing kena kanggo wadhah nampani dhuwit. Akeh sing mung urun Rp 25,00 utawa Rp 50,00. mBah Grontol, bakul grontol sing enggone dodol direwangi kadhemen sendhen pager mung antuk bathi Rp 450,00,  eklas urun Rp 75,00.
            "Aku ya mangkel, Le, satriya apik-apik nglabuhi bener kok padha kalah," guneme mbah Grontol.
            "Eh,  mbah Grontol  thik  ngerti satriya, " tumanggape sing ngathungake baskom, nampani dhuwit lawen telung iji.
            "Lho, ngerti, Le, aku. Saka kulinaku dodol ing wayangan, njalari aku apal lakon-lakon wayang. Sing ora ngerti ki rak cah-cah nom kuwi, senengane ndhangdhut."
           "Eh , mbah Grontol thik isa ngritik."
           Merga Ki Bilung wis dirembugi sing duwe wayang, Ki Bilung api-api ora weruh kalane tangane Dul Sabrang njabut Dasamuka iku. Penonton keplok mawurahan, banjur gemrudug suk-sukan ngetutake Dul Sabrang menyang tengah latar wayah srengenge  rantak-rantak.
           Dening Dul Sabrang,  Dasamuka  iku terus disawatake mendhuwur. Kabeh penonton padha ndhangak pating braok, tangane padha ngracung. Tibane Dasamuka tinampan rasa pangigit-igit. Dasamuka kang ngudi kamelikan, pakareman, kanikmatan, kamukten lan kawibawan, ajur dirusak rame-rame. Dieneng-eneng, ditarik-tarik ngiwa nengen. Diuntir, diprekes, dikeplek-keplekake, ditekuk-tekuk nganti tangane putung kabeh. Senajan rupane wis ora rupa wayang, ewasemono isih digejugi, banjur dipetelake ing ndhut-ndhutan gupakan kebo.
           Swara  gumerahe penonton ngalahake ramene gendhing Ayak-ayak  Pamungkas, tandha tancep kayon. Darmo Dipo kang jagong ngebyar lagi metu saka omahe Suro Melik sawuse nyeselake amplop  buwuhan menyang  sak klambine  sing duwe gawe.
           Weruh Dul Sabrang isih dikupeng sawetara penonton ing ratan ngarepan, Darmo Dipo kumecap," Piye? Wis padha marem?"
           "Plong!"


           KI BILUNG SARAWITO, dhalang nylelek saka tlatah Bojonegoro, ndhalang maneh ing wewengkon kono. Lakone padha persis kaya nalika mayang ing omahe Suro Melik. Penonton akeh sing ambrol mulih, wegah ndeleng lakon sing  dianggep mblangkrah. Dul Sabrang unuk-unuk nglabrak panjak kenong.
           "Niki mesthi mpun kethikan kalih sing gadhah wayang, kajenge Dasamuka niku ditumbas malih. Nggih ta?!"
           "Lho,,lho..., sampeyan niku dados tiyang kok mboten sabaran. Kulite bromocorah sing  kulakandhakake nika, dados Dasamuka kalih."
           "Ahhh..., sampeyan mpun ngarang crita!"
           "Sing sampeyan njabut nika rak Dasamuka wanda begal. Sing niki Dasamuka wanda bugis. Wandane wayang niku rupi-rupi. Mang setitekaken, wandane rak benten."
           "Wong kok arep diapusi melek-melekan. Cekake kula mboten ngandel!"
           Merga dianggep nggaggu pakaryane pengrawit, ana Hansip sing terus nggeret Dul Sabrang diajak nyingkrih. Sing digeret mogok karo isih ngempo-ngempo. Dul Sabrang lagi gelem mundur sawuse dijawil Darmo Dipo, tokoh masyarakat kang banget disungkani dening wong desa kono.
           Dul Sabrang diajak menyang panggonane  bakul wedang, banjur digunemi," Marem iku pancen larang regane. Regane sok ora kubuk karo pikolehe kemareman sing ora langgeng. Marem, bungah, susah , mangkel, cuwa lan muring iku, wis dadi pirantine urip. Maremmu ilang, saiki kowe mangkel maneh, muring maneh  bareng weruh Dasamuka isih ana."
           "Nanging niku genah akal-akalan."
           "Embuh mung saka akale dhalang  njarag gawe lakon kaya ngono, embuh pancen dhalange sing kesurupan tenan, aku ora bisa ngarani. Sing genah, kowe sakancamu ora bisa ngilangi Dasamuka, jalaran Dasamuka iku wis dadi isen-isene wayang. . Wayang sakothak yen ora ana  Dasamukane jenenge  ora  komplit."
           "Lho, nggih, kula ngertos. Ning Dasamuka niku kudune rak kawon nek nurut pakem. Pakem wis apik-apik kok dirusak," wangsulane Dul Sabrang karo ngiling wedang  panas ing lepek.
           "Pakeme ora apa-apa. Ora rusak, ora suwek. Kowe weruh ngono wae kok wis kemrungsung, nganti Suro Melik sing ora weruh jawane arep kokamuk. Mangka ing urip saben dina iki, apa ya wis apik nurut pakem?  Nyatane  pakem disampar, disandhung, diteraki ngalor ngidul."
           Dul Sabrang ora wangsulan. Sing keprungu nywara banter, guyu ngakake Dasamuka ing pakeliran kang mung diadhep Indrajit.
           "Ha ha ha ha ha....! Ya bandhaku! Ya donyaku! Jit, anakku Nanggggg...."
           "Nggih,  kadospundi Rama Dewaji?"
           "Kowe warisku ya, Nang.  Kowe sing takgadhang nglintir keprabone pun rama. Nanging kowe aja kesusu, jalaran manut petungku, isih perlu ngenti mangsakala kang becik."
           Indrajit sumanggem.
           Saka bungahe, Indrajit banjur ngambung dlamakane Ramane  kaping  pitu. (*)

 (Kepacak ing majalah Jaya Baya, No. 19, tgl 5 Januari 1992 )

Kamus
bindhi                  =  penthung ; senjata pemukul
pabaratan           =  palagan ; medan  perang
ucap-ucap           =  tutur ; narasi dhalang
kadhustha           =  tercuri ; dibawa kabur
kepranan            =   tertarik
panjilmane          =   perubahan bentuk ; alih wujud
karti sampeka     =   akal dalam ketrampilan perang
adreng                =   keinginan yang sangat
klangenan           =   hiburan
mbujung              =   mengejar
akal julige            =   kepandaian menipu
abandha bandhu =   kekayaan yang berlimpah ruah
anggarbini           =   hamil
antawecana        =   percakapan dalang
sasuwuke             =  seusai
pakem                  =  cerita wayang yang asli
tandha yekti         =  sebagai bukti ; tanda yang nyata ; kenyataan
menus                  =   manusia ( sebutan kasar )
ngasorake            =   merendahkan martabat
kawibawaningsun =  kewibawaanku
rangketan             =  cincanglah ; ikatlah tubuhnya
sayuk nyawiji        =  menyatu
tancep kayon       =   tanda berakhirnya pertunjukan wayang
wanda                  =   sipat wujud  (bentuk)  wayang
pengrawit            =    penabuh gamelan
nglintir keprabon  =   mewarisi tahta kerajaan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar