Selasa, 12 Oktober 2010

Geguritan-Geguritan Taun 1971-1973

PRAHARA

kapuk randhune rakyat
mabul-mabul ing ngawiyat.

(Minggon Kumandhang,Jakarta, 1972)



TANAH JAWA

lemah sacengkang kaya bis kakehan penumpang
sing ngadeg lan sing lungguh
kringete kaya diepuh
ungkepe, banget nyesakake napas
mentala sikut-sikutan lan tegel ngrampas.

(Minggon Kumandhang, Jakarta, 1972)





KUNJARAN

tlatah iki
kunjaran sepi
kunjarane Gusti
tan bisa disingkiri

kunjaran iki sepi
njerone bangsane maling-maling kuthuk
kapan kuruptor ngringkuk?

kunjaran iki sepi
awit bebener sarta keadilan
onya
blerengan gebyare mutiara.

(Dharma Kandha,  Juli 1971)


PRAWAN

sadawane dalan aspalan
ngisor  dhop lan neon
getih-getih prawan kececeran , ketaton
putihe mega
isih nglingkupi ndhuwur desa.

(Minggon Jaka Lodhang,Yogya, Mei 1975)


ROKOK

asep-asep putih
mertamu njero dhadha
ngulungake oleh-oleh
ing dluwang-dluwang burem dakseleh

asep-asep putih
pawewehmu ngebaki ati
balungan prosa lan puisi

yen sliramu ora mertamu
utegku njendhel, drijiku kaku.

(Majalah Jaya Baya, tgl 11 Pebruari 1973)


Cathetan tembung :
ngawiyat      =    nggegana ; awang-awang
diepuh         =    diperes
onya            =    ilang
balungan      =    bebakalan