Minggu, 03 Oktober 2010

T O P E N G

              PASAR RAKYAT digusur minggir saka tengah kutha. Sawetara bakul-bakul mogok, emoh ngalih menyang pasar anyar sing isih sepi.Sing mogok iku racake bakul-bakul cilik, padha nggelar dagangane kanthi lesehan ing sadawane trotoar ngarep tilase Pasar Rakyat.
             "Pasar wis apik-apik reja ing kene kok dielih menyang pinggir sawah, nDe karangan kok ra mathuk blas. Wong cilik wis angel golek pangan, kok malah disingkirake," mBah Dilah bakul dhawet kresah-kresuh.
             "Alah, ben, kok nggagas wong ngecemes nganggo corongan. Ngko nek meniren rak meneng karepe dhewe, mBah," semaute Tanem bakul gethuk ing sandhinge.

            Sing disebut ngecemes iku ora liya Pareres, Dansatpol PP  (Komandhan Satuan Pamong Praja). Pareres saka luar Jawa sing ora bisa basa Jawa iku isih terus ngrembugi bakul-bakul nganggo corongan.
           "Sekali lagi, patuhilah peraturan. Segeralah ke pasar baru. Dan lagi, sampah di tempat ini mengganggu program kebersihan lingkungan untuk mempertahankan Adipura. Ini peringatan terakhir. Jangan membuat jengkel petugas. Jangan sampai petugas menggunakan kekerasan."
           "Eh, gak enak buntute," grenenge So Kamin, tukang patri sing lagi nambal panci borot.
           "Disadhukana ya gak wedi, kang So. Ya isih wedi nek anake kaliren," semaute Sri bakul  buah sing dodolan apel, jeruk lan salak.
           Pareres  sing nggawa mobil  Kijang brundhul isih terus wira-wiri karo ngrembag-ngrembugi bakul. Sateruse, megaphon diulungake marang Kamto,andhahane, genti sing omong.
           Mubeng- minger rembuge Kamto ora beda kaya sing uwis-uwis, awit wis ping telu Satpol PP nggudhuni pasar trotoar iku.Anane  Pareres kepeksa gedandapan melu mudhun,esuk  iku, jalaran mentas dibel Bupati supaya enggal nertibake bakul-bakul sing disebut gawe rusuhing tengah kutha.
          Nanging bakul-bakul iku isih tetep muwel ing kono saben esuk, wiwit jam setengah pitu tekan jam sepuluhan. Selagine bakul ciik sing wis gelem ngalih menyang  pasar anyar wiwit dina boyongane pasar,anane mung padha ngresula jalaran ora ana sing ngambus dagangane. Satemah ora sithik kang mbalik menyang tengah kutha, melu umpel-umpelan ing trotoar. Ing kono pancen laris enggone dodolan, dadi jujugane wong-wong blanja sing wegah yen kudu mbecak menyang pasar anyar kang adoh ing pinggir kutha.
          Weruh cacahe bakul saya wuwuh, Pareres misuh-misuh. Kita usir mereka dengan kekerasan, ngono prentahe Pareres jroning rapat ing kantore. Nanging staf Satpol PP cacah sepuluih sing dituding supaya ngobrak-abrik pasar trotoar, akeh sing muni kabotan. Alasane, kabeh padha duwe tangga sing dodolan ana ing kono.
          "Rasanya nggak enaklah,Pak, jika misalnya, kami masih diundang kenduri oleh tetangga yang pernah kami obrak-abrik dagangannya," tembunge Sahlan.
          "Jika sungkan, bisa disiasati pakai topeng,": usule Kamto.
          "Ah, nggak perlu. Seperti mau ngrampok saja." panulake Pareres. "Dalam bertugas, tinggalkan urusan pribadi. Rikuh hanya mengganggu tugas saja."
          "Tapi rikuh dengan berbagai alasan, telah menjadi bagian dari cara hidup kita, Pak. Jika kita jujur terhadap kenyataan,penggusuran Pasar Rakyat itu kan juga karena rikuh saja," semambunge Kamto njalari kanca-kancane gumrenggeng, mbenerake.
          Pareres katon nggragap.
          Kamto  mbacutake rembuge. "Maaf, Pak. Bukannya kami menolak tugas itu. Kami akan melakukannya, tapi tidak dengan wajah asli kami. Kami perlu topeng itu saja."
          Pareres nyawangi staf-stafe, kaya kepengin ngerti, apa kabeh setuju? Kabeh staf manthuk. Pareres manut.
         "Baiklah jika topeng itu menjadi utama untuk kelancaran tugas.Yang penting, kasus pasar liar itu tuntas."
         Kantor kepeksa cucul wragad kanggo tuku kain lan ongkos kanggo njahitake topeng sing diwangun kaya kanthongan. Kejaba topeng kanthong gampang dienggo, uga ora gampang ucul lan bisa brukut nutup sirah engga ora gampang dititeni dening tanggane.
          Jam wolu esuk, ketel-ketel pasar trotoar, petugas topengan sing nganggo helm dinas sing ana tulisane SATPOL PP,  tumandang ngobrak-abrik. Bakul-bakul padha njelih pating jlerit karo ngukuti dagangane.Wong-wong blanja ambyar, bubar. Gegering pasar gawe maceteing dalan sacedhake. Sakehing kendharaan padha mandheg, wong-wong sing ana njero-njero toko padha metu, kabeh kepingin weruh ana apa? Butuhe mung kepengin nonton. Nonton bingunge wong mlayu, nonton wong nangis. Bakul pitik nangisi pitik-pitike sing mati kepidak-pidak  polahe wong. Akeh jajan pasar sing numplak keterak-terak, mblasah ora ngukup worsuh karo sawernane dagangan sing ancur.
         "Sesuk takgawakake traktor! Takgiles kabeh! Uh! Uh!" Kamto nyadhuki dagangan rinjing, tampah, tumbu lan kukusan.
         "Iki barang kulakan! Nganggo dhuwit! Kok dienggo bal-balan!"  Bakule muntab, Kamto dikabruk rinjing pas kena raine.
        Mengkono njalari Kamto peteng pandelenge, ketotoran nganti nerak dhawet dagangane mbah Dilah. Dhawet sapengaron nggoling, juruh salodhong  katut kutah. mangkok-mangkoke pating klenthing  tatapan.
        mBah Dilah njerit," Oalah Gustiiiii...! Kok dha siya-siya nyang wong cilik ta yaaaaa?!  Dha gak slamet uripe!"
        "Pasotmu gak mandi,mBah!  Bakul-bakul iki sing nyepelekna petugas. Wis dielikake ora direken!" semaute saweneh Satpol PP weruh Kamto glenthangan. Clanane Kamto teles kutahan dhawet.
        Atine mbah Dilah kaya dirajang, nangis kamisesegen, eluhe pijer diulapi nganggo pucuk slendhang.Tanem  bakul gethuk wis ngethithir nyingkrih, parute ceblok ora dipaelu. So Kamin tukang patri ibut nglebok-ngebokake pirantine menyang njero pethi. Ana apel siji gumlethak ing cedhak pethine. Sawuse rampung ngringkesi pirantine, So Kamin nyelehake apel iku menyang dhasarane Sri buah sing mawut.
         "Gawanen kanggo anakmu, kang So," tembung Sri kekembng mripate karo isih clilengan nggoleki dagangane sing ambyar.
         So Kamin gedheg. Senajan ing sateruse Sri ngulungake apel iku, ditambah salak rong iji, So Kamin emoh nampani." Apik dolen ae Sri.  Kena kanggo nyuda karugenmu. Nanging aja kokedol maneh ing kene. Tengah kutha iki wis dudu papane wong cilik golek pangan. Wiwit sesuk aku arep mider kampung-kampung," wangsulane So Kamin kang wis mikul pethi abot isi pirantine nyambutgawe.
         So Kamin weruh para petugas topengan lunga numpak Kijang brundhul plat abang. Nanging So Kamin lan bakul-bakul sing digurak iku padha ora weruh yen atine para petugas iku sejatine perih dene kepeksa nindakake ayahan kasar.
         Mula sawuse tekan kantore, topeng-topeng dibuwang sebrung. Kamto nguncalake topenge menyang kranjang sampah karo kumecap," Sabenere, raine awake dhewe iki isih luwih apik katimbang topeng-topeng iki. Kepeksa nganggo,  dipeksa dening kahanan."
         "Ya, aku ngerti tegese topeng sing kokkarepake. Ora mung kanggo nutup rasa rikuh marang tangga, nanging luwih saka iku," tumanggape Sahlan.
         "Yen mung disawang perkasus, pasar liar iku pancen kleru, perlu ditertibake. Nanging yen ditlusur, pasar liar iku ora bakal ana yen Bupati tegas, wani nulak konglomerat sing ngincer lokasi Pasar Rakyat kanggo adeg supermarket iku," semaute kanca liyane, nggepok tuk-sumbering kaluputan.
         Bupati rikuh, ora wani nulak awit konglomerat iku isih kulit daginge Pejabat Pusat. Bupati kepeksa samudana kaya kang ditulis wartawan ing koran-koran. Ora ana wartawan sing wani nulis sing sabenere. Samudanane Bupati, Pasar Rakyat wis dianggep rupak saka ajuning jaman ,perlu dijembarake ing papan liya ngiras kanggo pelebaran tata kota, alasane.
        "Urip ing jaman sing semrawut iki, akeh perkara sing kwalik-kwalik.Wong arep ngatonake rupane dhewe sing apik, malah ora kebeneran jalaran ora cocog karo kejeming lingkungan sing nguwasani. Senajan cengkah karo batine, raine dhewe sing apik  kepeksa dioret-oret. Ya ngene iki, kepeksa nganggo topeng sing ala, embuh kanggo kepentingane sapa," semambunge Sahlan.
         Kanca-kanca liyane ora ana sing nrambul gunem. Padha thenger-thenger kaya isih nggagas enggone mentas ngobrak-abrik bangsane dhewe. Ing sateruse lagi ana sing kumecap, grenang-greneng kaya menyang awake dhewe. Tembunge," Karuwan mungsuh Landa utawa Jepang. Utawa ing Timtim kana, mungsuh  Fretilin. Yen menang kondhang, yen mati dadi pahlawan. Menang kok mungsuh wong-wong wadon, bakul gethuk, bakul dhawet."
         Tembung iku njalari Kamto unjal ambegan awit pancen ana rasa ngganjel ing atine, enggone ora sengaja nerak dhawete mbah Dilah, tanggane. Kamto malah ora ngerti yen dheweke ana ing sacedhake mbah Dilah, randha tuwa setengah wungkuk sing uripe kesrakat.
         Senajan ketutup topeng, ora kaweruhan rupane, nanging atine Kamto sawarna manungsa uga dadi kisruh. Ana karep kepengin nglironi karugene kanggo nyuthik rasa kang ora kepenak sing ngganjel ing atine. Nanging Kamto uga dadi gojag-gajeg awit kang mengkono iku ateges miyak wewadine dhewe. Ing mangka dheweke emoh yen enggone  kejem ngobrak-abrik dadi pocapane tangga-teparo. Molak-maliking  pikiran mengkono iku njalari Kamto klisikan enggone turu.
         Nganti esuke, tekan kantore, Kamto isih ewuhaya, durung mutusake. Endi sing dipilih? Kalane Kamto  isih mikir-mikir prakara iku, dheweke diundang Pareres, diakon nyetel stir jalaran sopir kantore ora mlebu.
         Pareres kepengin weruh asile. Yen bakul-bakul isih muwel, langkah sabanjure, bakul-bakul arep digaruk, diangkut menyang kantor lan diwenehi pengarahan. Weruh wis ora ana bakul siji-sijia, Pareres ayem atine.
         "Mereka ke pasar baru juga, akhirnya," ujare Pareres tanpa mudhun saka mobil kang diendhegake Kamto ing tilase pasar trotoar.
         "Ya, mungkin saja ke sana, atau ke tempat lain yang lebih menjajikan sesuap nasi. Atau bisa jadi masih nganggur di rumah, merenungi modalnya yang mawut," tembunge Kamto, wewayangane mbah Dilah kumlebat ing angen-angene.
         "Itu salah mereka. Kita kan sudah mengingatkan baik-baik dan sudah kunyalakan lampu merah, peringatan terakhir.Kitalah yang susah, ditegur Bupati, dianggapnya kita tak mampu kerja." Pareres nyulet rokok. sawuse asep dikebulake, Pareres sumambung," Tugas kita sebagai penegak ketertiban makin banyak saja. Berhadapan langsung dengan masyarakat yang komplek. Menertibkan ini, menertibkan itu, belum menertibkan yang lain, dan yang lainnya lagi. Tukang becak pun liar, mbandel ditertibkan parkirnya."
         "Jika hanya menertibkan orang kecil saja, tak sulit, meski mereka mbandel pada mulanya. Orang kecil saja, dengan ditendang sudah pada takut dan mulai tertib. Ada satu hal yang paling sulit ditertibkan."
         "Apa?"
         "Untung bukan tugas Satpol PP."
         "Apa itu?"
         "Menertibkan moral untuk tidak menggusur kepentingan rakyat."
         Pareres sing rokokan isih terus rokokan, tanpa reaksi, kaya ora kepengin nanggapi rembuge Kamto. Saka waliking kaca mobil, Kamto nyawangi kios-kios tilasing Pasar Rakyat sing wiwit digempur dening kuli-kuli bangunan.*


(Kepacak ing majalah Panyebar Semangat,No.25 ,tanggal 22 Juni 1996)

68 komentar:

  1. Ceritomu terlalu ruet dingo aku sek sat set

    BalasHapus
  2. Bagaimana anak anak ?

    BalasHapus
  3. Berapa woi anak anak !

    BalasHapus
  4. Di baca ya anak anak

    BalasHapus
  5. Bingjiling oy bangjo

    BalasHapus
  6. Terkadang hidup ini ....

    BalasHapus
  7. Begitu indah dan pait

    BalasHapus
  8. Sino Lo by one

    BalasHapus
  9. awas dikit² panggilan ortu

    BalasHapus
  10. Jangan nanampadi kalau cuma mau calon pilpres

    BalasHapus
  11. Satu duakali dayung 2pulo terjual

    BalasHapus
  12. Yang beli Pulo Mr.beats ya kawan

    BalasHapus
  13. Dahlah mau berenang di lautan fakta

    BalasHapus
  14. Hai mau denger pantun lagi ga

    BalasHapus
  15. Masuk Pulo bawa ikan pari
    Welcome to my puan matahari

    BalasHapus