Selasa, 04 Januari 2011

Ajaran Kautaman

 Serat Wedhatama seratane KGPAA (Kanjeng Gusti Pangeran Aryo Adhipati) Mangkunegoro IV, isi kawruh piwulang kautaman. Isine dumadi saka 14 pada  tembang Pangkur ; 18 pada  tembang Sinom ;15 pada  tembang Pucung lan 24 pada  tembang Gambuh.  
           Ing  antarane 14 pada (bait) tembang Pucung ing wedhatama, ana sapada kanthi ukara kaya mengkene :

           lila lamun
           kelangan nora gegetun
           trima yen ketaman
           sakserik sameng dumadi
           tri legawa nalangsa srah ing bathara.


           Ukara  kasebut yen diprasajakake (disederhanakan) kanthi basa Jawa anyar, yaiku :

           lila yen
           kelangan ora getun
           yen ketaman trima
           diserikake padhaning tumitah
           katelune legawa nalangsa srah ing  sukma.

           NB:
           1) bathara = kang mbaureksa, tegese : kang mbaureksa badhan 
               ingaranan sukma utawa jiwa.
           2) bathara kang mbaureksa badhan iku,uga bisa ditegesi  Pangeran, Gusti
               kang murbeng dumadi, ya Allah SWT.


           Tembang Pucung sapada iku ,isi pitutur  marang wong supaya  (1) lila atine, ora getun yen kelangan  jalaran
miturut piwulang suci, kabeh badha donya iki mung barang titipan. Ya kagungane Pangeran sing dititipake marang umate. Mula ana tembung  Jawa  : bandha kenane lunga, drajat kenane minggat. Yen pancen wis dikersakake Pangeran, bandha lan drajat bisa ilang ing sakedheping mripat.
           Lan ing satengahe bebrayan,  urip kumpul wong akeh iki, akeh wong  sing  muni yen bandha donya  iki mung titipan saka Allah. Fasih banget enggone ngucapake kaya wis dadi apalan,  sajak kaya wis diamalake ing urip padinan. Nanging apa tenan, wis  jero temenan enggone mahami-nglakoni  maknane  tembung  banda titipan iku?
          Nyatane bareng duwe dhuwit utawa bandhane  ilang, isih duwe rasa getun. Kudune  ora perlu getun, wong dudu duweke dhewe, mung barang titipan. Ngutangake dhuwit, ora enggal disaur,wis ngrasani ala, bingung olehe nagih nganggo nesu-nesu. Kudune  ora  kaya mengkono yen nduweni pangerten jero ngenani tembung : bandha titipan. Kari Gusti Allah piye, sing kagungan titipan. Yen pancen Gusti Allah ngersakakle dhuwit iku kudu ilang saka tangane, ha ya uwis, ora perlu getun. Ngono pisan  ya cethil, paite sadubilah. Kudune rak ora perlu  cethil, wong mung titipan, mung nanjakake. Kudu eklas saperangan dienggo ngamal. Bisa uga kaya mengkono kersane Pangeran ngganjar dheweke sugih kanggo lantaran ngamalake marang umate sing kesrakat.

         Tumraping wong sing wis jero rasane, yen wis ngeculake dhuwit diutang uwong,  ora nganggo ngarep-arep kapan baline.Ing nalikane ngetokake dhuwite atine wis dipasake  jalaran  dhuwit sing dicekel iku barang titipan. Dene kok ora disaur,ya kari Gusti Allah kepiye, sing kagungan titipan dhuwit iku. Trima apa ora dhuwite ora dibalekake?  Kanthi sumeleh mengkono, ing pikir bisa padhang, ati  lerem ora gela kemrungsung.  Lan ing batin  uga percaya  yen dhuwit sing diemplep wong iku ,yen dhuwit apik-apik temenan, Pangeran wis mesthi  paring ijol. Embuh kanthi cara apa, lumantar dalan apa,  Pangeran ora kurang dalan paring kanugrahan. Kari gumantung umate sing nampa, krasa apa ora atine wis diijoli luwih akeh. Saka tandurane sing panen ndadi utawa saka oleh rejeki sing tanpa dinyana, utawa saka dalan liyane sing nekakake kabegjan.

        Apamaneh kok barang ilang, ora getun. Selagine digawe serik uwong uga  meneng  wae, (2) trima yen ketaman  sakserik sameng dumadi. Diserikake sapa wae, diina sapa wae, mung trima meneng . Ora gela lan ya ora lara atine. "Aku iki mung saderma urip,  ana sing nguripake. Kok  uripku dienyek wong, diina wong...,ya wis ben, tak trima, senajan atiku nelangsa. Pasrah sumarah  marang  Allah sing mbaureksa uripku."
       Mengkono pamupuse ngadhemake atine dhewe  supaya  ora panas gela diserikake sapepadhane tumitah,3) tri legawa  nalangsa srah ing bathara. Tri tegese, urutan ka-telu, lega-lila kanthi pasrah marang sing Kuwasa.Yen ana sing ora trima, mesthine ya Pangeran, kok ana umate sing gumendhung ngina umat sing liya.Wis mesthi ing pamburine  sing ngina iku bakal diwelehake dening adiling lelakon saka kuwasane Sing Gawe Urip.
      Nanging apa akeh  wong sing bisa nglakoni urip jero  kaya mengkono?
      Anaa  mung sethithik  cacahe, ya wong-wong sing wis bisa jero pangertene ngenani dununge urip.Wong-wong sing wis bisa menep  atine  mengkono iku  katon padhang sumringah  praupane saka beninge pikir lan rasane.Wis bisa mekak ngendhaleni hawa-napsune sarta  seneng  nindakake kautaman marang sapepadhane urip. Ora ana rasa getun kelangan jalaran rasane wis paham ora ana tembung kelangan.[]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar