KONANG kang metu sawuse srengenge angslup, duwe pangira yen mung dheweke kang bisa madhangi jagad, nanging sawise lintang-lintang abyor sumunar, rasa kumingsune konang banjur ilang. Saiki si lintang kang duwe panganggep dheweke kang madhangi jagad. Ora antara suwe rembulan ngatonake cahyane , lintang-lintang dadi surem, isin ngungalake awake maneh. Wusana rembulan kang rumangsa kuwasa madhangi jagad, nanging suwening-suwe srengenge mlethek, lan rembulan katon pucet, embuh nyang ngendi ilange cahya kang gilang-gemilang mau.
Mangkono uga manungsa, menawa duwe wewatakan kumingsun marga kasugihane, lagi bisa mangerti, marang pralambange kodrat (takdir) ing ndhuwur, mula sabanjure ora bakal wani ngambali ngangungake awake, sebab bandha donya iku ora langgeng. (Majalah Jaya Baya, No.27 Maret 2011).
PITUTUR kang takaturake iki, kenoa kanggo 'sangu leladi' jroning nglakoni urip ing satengahe bebrayan (masyarakat). Leladi ing prakara iki, tegese : nyuguhake utawa ngatonake patrap kang becik marang sadhengah-wong. Kanthi patrap kang andhap-asor, ora ngagungake awake dhewe sing hebat. Ora mung ing bab kasugihan lan drajat-pangkat, nanging uga ing bab kapinteran. Aja umuk rumangsa sugih dhewe, kanggonan drajat-pangkat utawa pinter dhewe. Sapinter-pintere wong isih ana sing ngungkuli kapinterane. Di atas langit masih ada langit.
Apamaneh sakabehing apa kang kumelip ing ngalam ndonya iki ora langgeng. Wong akhire bakal pisah karo sakabehing apa sing ditresnani. Bandha kenane lunga ; drajat-pangkat kenane minggat. Kok kumingsun rumangsa sugih dhewe ; rumangsa pinter dhewe. Selagine 'nyawane' wae, ora nyawa duwek-duweke dhewe. Ora urip, saka urip-uripe dhewe. Urip ana sing nguripake,ana sing paring daya urip kanggo nglakoni darmaning urip kumpul karo sapepadhane urip. Hablum minanas, hablum minallah (becik marang sapepadhane urip lan manembah marang Pangeran).*
Tidak ada komentar:
Posting Komentar