WONG Jawa kaya wis kinodrat kedunungan rasa sing alus remit. Saka alusing rasane nduweni rasa sungkan pakewuh, yen nggepok prakara utawa bab sing sekira saru yen diblakakake, banjur dialusake kanthi tembung pasemon. Nalikane nemoni tamu, kok krasa kebelet kudu bebuwang, pamit marang tamune," Nuwun sewu nggih, panjenengan sekecakaken anggenipun lenggah, kula badhe wonten wingking sekedhap." Tamune sing isih Jawa deles, wis dhong marang maksude tembung 'dhateng wingking' iku.
Wingking (basa krama) sing tegese mburi, ngemu teges WC utawa kakus sing lumrahe mapan ana ing samburine omah.Yen kang mengkono iku diblakakake kanthi tembung apa anane,muni yen arep menyang kakus utawa WC, bisa gawe eneging weteng tumrap sing krungu, apamaneh marang tamu.
Mengkono uga yen ngarani wong wadon nakal, geleman, panyebute uga dialusake kanthi tembung pasemon : kendho kembene. "Wong sadesa wis dha ngerti yen wong kuwi pancen kendho kembene."
Sing aran kemben iku, yaiku , jarit sing diubetake awak tekan sandhuwure dhadha kanthi mung disuwelekale pucuke jarit , mung kareben ora mlorot. Sing kembenan iku lumrahe wong-wong jaritan sing mentas adus saka jedhing, saka sendhang utawa saka kali. Dene kok ana wong wadon sing kembene wudhar mlorot, ucul, wuda...,iku saka wis njarag kanggo ing kaperlkuane. Mulane, wong wadon nakal mengkono iku banjur ingaranan : kendho kembene.
Embuh duwe bojo utawa randha, janji geleman, arane ya padha wae : kendho kembene. Kok randha, nganti mblendhing duwe anak, anake ya banjur ingaranan anak olehe ramban. Sing diarani ramban iku, yaiku, methik sayuran ing pategalan utawa ing pekarangan kanggo kabutuhan pawon. Ramban mbayung ; ramban kangkung ; ramban bayem apa ramban lombok. Tembung ramban sing ateges golek sayuran sing kena dipethik mengkono iku, dadi pasemon kanggo ngarani randha utawa wanita legan sing ya 'golek'. Yen enggone golek seneng kaya wong ramban iku nganti metu anake, anake ya banjur sinebut anak olehe ramban kaya sing wis takaturake ing ngarep.
Seje karo ing ungkapan bahasa Indonesia, nyebute blak-blakan , anak gelap ; anak jadah utawa anak haram. Nanging wong Jawa, ing ungkapan basa Jawa, bisa nyebut luwih alus nganggo tembung pasemon. Ana rasa rikuh pakewuh arep ngarani anak olehe nyundel utawa olehe nglonthe awit tembung iku banget kasar lan sarune. Yen bisa dibuntel nganggo tembung pasemon sing alus, pilih sing alus.Ya mengkono iku alusing watak kapribadene wong Jawa sing ora bisa ilang saturun-turun.
Wis genah yen basa lan sastra Jawa iku ngedab-edabi, alus lungit lan endah kanggone sing ngerti. Yen anak-turune wong Jawa nganti ana sing ora ngerti endah-endining basa tinggalane kakek moyange, iku saka salahe sapa? Anak turune sing wegah nyinaoni apa sing tuwa sing ora nggegulang?*
(Bojonegoro, 11 Maret '11).-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar