Minggu, 03 April 2011

PARIKAN RONG LARIK

Kantor kawat Boyolali
Ora kuwat rasane ati

Kawat diuntir-untir
Ora kuwat rasane pikir

Montor mabur rodhane telu
Atine ajur ditinggal mlayu

Suket teles kodanan sore
Dipikir ngenes ora melu nduwe


Dipacul kena lemahe
Arep disusul ora weruh omahe

Pring kuning mangklung kali
Ayu kuning ngetok-etoki

Pring ori, pring bongkotan
Cegat mburi metu brosotan

Jarik kawung diwiru-wiru
Atine bingung ora bisa turu

Kembang mlathi gandane wangi
Dadi ati rina wengi

Rujak babal kurang uyahe
Yen ditinggal piye polahe

Minggu-minggu ora prei
Tiwas ditunggu ora diwehi

Nyang Blauran numpak angkot
Jare prawan kok bokonge mlorot

Ireng-ireng, kuning-kuning
Jare seneng kok ora nyandhing

Selembar godhonge tela
Kudu sabar sawetara

Jaran kepang mangan lemah
Lambe abang gak saba omah

Sega liwet lawuhe tempe
Tresna banget kok ora digape

Sega pecel buntelan godhong
Atine mangkel ditinggal serong

Sega jagung sakbothoke
Kelangan sarung sakkathoke

Santen duduhe klapa
Cekap semanten atur kula.*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar