Minggu, 03 April 2011

KEBLAT

KEBLAT ( I )
agama iku ageman
ageman iku ya sandhangan
sandhangan iku ya sandhangane urip
urip tanpa sandhangan
wuda kaya kewan
ora ngerti tata
                 titi
                 titis
                 tatag
                 tutug
tutug ngrasuk agama ya ageman
agama ya ageming aji
ajine urip  ngadhep keblat
slamet ndonya-akherat.



KEBLAT ( II )

keblat ora mung mekah
lor kidul ya ana Gusti Allah
uga wetan lan kulon
utamaning urip ana ing lakon.


                       (bojonegoro, 03-03-11)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar