Minggu, 03 April 2011

KEMBANG RAWE

Ceritane wong seneng tunggal sabale
Wiwitane lungguh jejer saben dinane
Saya suwe saben jejer nyekel tangane
Banjur omong, Mas, aku tresna kowe

Kembang kenanga atiku digawe gela
Kembang melathi  agawe  larane ati
Kembang kecubung atiku digawe bingung
Kembang mawar tresnaku aja nganti bubar

Mula wong tresna ora kena digawe sembrana
Ora becik  tumrape  para wanita
Kembang rawe iku paribasane
Tinimbang rame luwih becik  taktinggalake.


        Mengkono lagon Campursari sing rong taun tahun kepungkur banget populer.Tekan dinane iki, isih durung gawe bosene wong sing krungu awit syair lan lagune sing kepenak. 
       Tembung tunggal sabale, tegese , tunggal saomah. Tembung  tunggal saomah bisa nduweni teges sing omber  awit ora ana wong andhon tresna  marang wong tunggal saomah jalaran  wong sing  urip tunggal saomah lumrahe isih sedulure.Mula tembung tunggal saomah uga  ateges kanca nyambutgawe tunggal sakantor , tunggal sapabrik, tunggal satoko  utawa tunggal saomah  ing omahe juragan. Saka wis raket kulina kumpul, ya kulina  lungguh jejer. 

          Saya suwe saben jejer nyekel tangane
          Banjur omong, Mas, aku tresna kowe

          Jebul si wanita nggembol rasa  tresna marang kancane nyambutgawe. Saka ora betahe ngempet, dibrolake kaya mengkono.   Nanging wanita  ndhisiki ngucapake tresna marang priya  mengkono iku saru dinulu mungguhing wong Jawa, adat ketimuran , awit  kodrating wanita asipat  nunggu wetune tembung tresna saka pria. Pria sing nglamar wanita, ora kok kwalik, wanita nglamar pria. Kok ana  wanita luwih dhisik  mblakakake  tresnane marang priya, iku arane wanita gatelen, kaya kena rawe.
          Kodrating wanita pancen  menomorsatukan cinta. Wanita yen wis cinta, kepengin ndarbeni wong lanang sing ditresnani. Banget enggone mbudidaya bisane kena, direwangi  torog-torog  ya gelem, waton priya sing ditresnani bisa kecekel. Apamameh kok mung rupa dhuwit, gelang-kalung anggon-anggone ya diwenehake yen sing lanang kaya butuh dhuwit. Tekan awake,sawutuhe,ya disorohake, malah seneng yen awake disemek-demek. Wong lanang kok diuja, dithuki konokan, ya dipangann nglithuk, dibolan-baleni. Tanpa cinta ya doyan yen wong lanang, jalaran  kodrate  wong lanang iku menomorsatukan seks. Mulane ya ana kata-kata : Pria menyatakan cintanya agar memperoleh kepuasan seks, sedangkan wanita memberikan kepuasan untuk memperoleh cinta.
       Kok ana wanita gatelen kaya kena rawe,njaluk diisik-isik,njaluk dikukur.Ya  dikukur tenan, endi sing krasa gatel. Nanging entek-entekake, akhiring crita, atine  sing wadon gela, lara ati, bingung...merga sing lanang  sing wis diloloh sembarangkalir kaya emoh tanggung jawab. Senajan mengkono,saking cintane sing wadon, isih nduweni pangarep-arep supaya tresnane aja nganti bubar.
      Priya sing ditresnani malah kerep ngilang, angel golekakne, mangka janjine ya arep dinikah.  Digoleki mumet, yen kepethuk anane dadi rame, tukaran, wadone nesu-nesu  rumangsa diapusi."Asu kowe ya! Wis mbadhog apa-apa kok arep minggat!" pisuhe sing wadon.
     "Aku mbokarani mbadhog ki apa aku  sing crongoh mangap-mangap pengin nguntal?  Rak ora?!" padune sing lanang ngeyel."Sing marahi nyekel-nyekel dhisik rak kowe. Lungguh mepet-mepet...,Mas, aku tresna kowe."
     "Yen kowe ora seneng aku, mbokya muni yen ora seneng. Wong nyatane, taktukokna rokok mbendina ya  doyan."
     "Ya malah seneng ta, oleh gratisan?"
     "O, asu tenan  kowe!" tembunge sing wadon ora uwis-uwis enggone  misuh ngundamana senajan isih kanggonan tresna.
     "mBokasok-asokna aku ya gelem. Nek aku asu, apa kowe wedhus?  Wedhus ya karo wedhus. Asu ya karo asu." tembunge sing lanang nyesek.
     Sawuse rumangsa kangelan  enggone njaluk tanggugjawabe, sing wadon pasrah marang garising lelakon. Senajan banget enggone lara ati, katimbang rame terus ora ana kabul kawusanane, luwih becik ditinggalake, kena kanggo pengalaman yen tresna pancen ora kena dienggo sembrana.[]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar