Jumat, 08 April 2011

Sumber Semangat ( 01)

01)
          SAPA uwas bakal tiwas. Dhasar kepara nyata. Sabarang kardi kang ditindakake kanthi ati rangu-rangu langka bisane becik pikolehe. Malah-malah bisa nekakake kapitunan. Pitunane maneh, panggawe kang tanpa keyakinan - tindake sarwa nggrundel bingung - bisa ngurangi kasetyan, temahane nglirwakake ing kuwajiban.
         Kawruhana, sanguning wong makarya iku mesthi kinepung ing kekurangan-kekurangan,ora beda kayadene urubing geni kang sakawit tansah linimput ing kukus. Suprandene kumeluning kukus kang gawe pepeteng wekasane bakal sirna samangsa urube makantar tanpa kendhat.



02)
        KANG dikarepake  musyawarah yaiku, niyat sesaringan rembug amrih oleh tintingan kang patitis sarana mithati panemune wong akeh. Nanging emane dene tembung iki akeh kang dianggep dadi papan kanggo diya-diniya rebut benere dhewe-dhewe. Bencenge karep kang mung marga saka bedaning panemu satlemik, ndadekake jor-joran ngumbar swara. Saengga ngrendhet-ngrendheti laku lan akeh wektu, bandha lan tenaga kang dieceh-eceh, ilang muspra. saiba becike yen iki diinsyafi kabeh panuntuning bangsa.

03)
         PEMIMPIN Agung India kang kaloka, Mahatma Gandhi nate paring panguwuh marang para mudha bangsane dhewe, mengkene : Kawruhana, kabangsan kang mung kepengin marang kumlebeting gendera kabangsane sarta misuwuring negarane bae, ing mangka mayuta-yuta kehe wong kang mlarat, bangsane dhewe padha ora nduweni panganggo kanggo nutupi awake kang kuru aking.
        Kabangsan utawa nasionalisme kang mengkono iku ora bakal bisa nylametake bangsa. Awit dene bangsa kang slamet iku kudu ateges slamet lair lan batine. Lan ayahan iki dumunung ing para mudha gegadhangane bangsa.

04)
        UTAMANE wong kudu tumandang ing kabecikan lan nyegah laku ala,jalaran samangsa ana siksa nekani ora mung ngenani wong kang duraka bae, balik wong-wong liyane hiya katut kacilakan.
         Wondene ora ana  kang bisa nylametake awakmu saka pasiksan kajaba mung : lumakua ing dedalane Gusti sarana nyebar danadriyah kawruh kang migunani marang rahayuning jagad.

05)
        SUMENDHE ing takdir iku dudu sifate wong kang seneng ulah alusing budi kebatinan luhur. Nanging dadi watake wong kang tanpa tumandang ing karya kang wis cupet nalare.
        Luhuring kebatinan kudu tansah jumbuh lan laras karo ajuning kawruh lair. Lire, kebatinan kang luhur iya kudu bisa mujudake pakarti kang luhur uga,kang bisa ngangkat, mulyakake lan njunjung drajating nusa lan bangsane.

06)
        AJA meri marang kabegjane liyan. Ngelingana menawa enggone bisa kesinungan begja mau jalaran saka enggone ngupaya sarana  mbanting raga kang sinartan ing tekad kang santosa.
        Sapa kang meri ing kabegjaning liyan, uripe mesthi ora bakal nemoni katentreman. Wondene katentreman mono sejatine ora gumantung marang arta lan endahing busana, nanging muhung dumunung ing rasa sarta ing atinira dhewe.

07)
         BABARING sejarah utawa lelakon iku mung ana rong rupa : samubarang kang wis kelakon lan kang durung kelakon. Kang pantes lan wajib kita udi  yaiku, samubarang kang  isih ana ing senengkeran 'sapa weruh'.
         Suprandene apa kang wis kelakon iku pindhane jaman kang wis mati,jaman kang wis ora nduweni jaman maneh. Nanging aja lali. Jaman kang wis lebar mbabar lelakone mau sejatine dadi guru sejati kang bisa aweh tuntunaning laku sajrone kita mangastuti murih widada apa kang kita tuju.

08)
         AJA getun yen kelangan. Lire kelangan, oncating bandha kang ana tanjane sarta murakabi ing masdyaning bebrayan agung. Tumusing batin mengku panglatih ngedohake watak angkara. Dene rumangsa menawa donya-brana mono ora langgeng selawase. Kita manungsa ,mung saderma nggadhuh.
         Wasita adi tumrape sapa kang lagi winongwong nggadhuh bandha, den waspada enggone nindakake lan nanjakake. Diudia amrih tanjane aja malah dadi racun jiwaning bebarayan.

09)
         WAJIBING urip iku ana rong prakara : yen ora sinau ya mulang. Lire sinau : tansah ngudi undhaking kawruh lair lan batin. Lire mulang : aweh obor marang wong kang lagi kepetengen ing budi. Wondene kang tansah diudi dening wong kang wicaksana : bisoa meruhi cacating dhewe sarta mbudidaya amrih becike, sadurunge aweh pamrayoga marang liya.

10)
         KANG kinaranan winasis,yaiku, wong kang wus necep sakehing ngelmu agal - alus. Nanging wasis durung kinar wicaksana, kejaba sinung kawaskithan uga mengkoni budi kang momot,kamot ; tansah bisa nglungguhake ngelmune marang papan kang  bener.
         Yen kowe kepengin sinebut wicaksana, iya kudu bisa ngempakake trikaryaadi iki :  (1) Luberna kapinteranmu kanggo aweh pepadhang marang sapadha-padhamu kang lagi kepetengen. (2) Kaluhuranmu bisoa ngayomi para ringkih sarta ngepenakake para kang lagi nandhang kesekengan uripe. (3) Wondene kekendelanmu aja mung koanggo sesongaran. Balik mung ndadekana sarana kanggo tamenging baya pakewuh, angon kalamangsa manut bebener.[]

 (Sumber,majalah Panyebar Semangat, taun 1958.)

Cathetan tembung  (Djajus Pete) :
(01)
uwas = sumelang ; kuwatir
tiwas = mati
kepara nyata = nyata temenan
sabarang = samubarang
kardi = pegaweyan ; pakaryan
rangu-rangu = tidha-tidha  (ragu-ragu

(02)
tintingan = ditintingi ; disaring
sarana = kanthi
mithati = milihi
diya-diniya  = udur-uduran padhadene ngarani luput
bencenge = bedane
satlemik = sethithik banget

(03)
kaloka = kondhang ; misuwur ; terkenal
panguwuh = pambengok ; pangucap ; gunem
kawruhana = weruha ; sumurupa ; ngertenana
kehe  = akehe
ayahan = pakaryan

04)
nyegah  = meper ; ngempet (mencegah)
duraka  = (durhaka)
rahayuning = keslametaning

05)
kebatinan = ngenani batin ; kajiwan
luhur = dhuwur
karya = kardi ; pegaweyan
jumbuh = cocog ; cundhuk
laras = (selaras)
pakarti = tumindak (tindakan)
mulyakake = (memuliakan)
cupet nalare = cethek (sempit) pamikire

06)
kasinungan = kanggonan
ngupaya  = (berupaya)
sinartan = karo ; kanthi
nanging muhung = nanging mung
dumunung = (bertempat ; berada )

07)
babaring = kelakone ; dumadine
kita udi = kita goleki  (kita cari )
Sinengkeran = ana ing sajroning wewadi  (masih tertutup rahasia)
suprandene = andekpuna ; nanging
pindhane = kayadene ; kaya
mangastuti  (pangastuti ) = pamuji ; pangalem ; pangabekti.
widada = slamet

08)
lire = tegese
tanjane  = digunakake
murakabi = migunani ; maedahi
madyaning bebrayan = satengahe masyarakat
angkara = (angkara murka)
nggadhuh = nduweni saka paweweh
wasita adi = pitutur becik
winongwong = diemong , dijangkung utawa  diayomi dening Pangeran

09)
ngudi = golek (mencari)
tandah diudi = tansah digoleki
pamrayoga = pitutur utawa rembug amrih becike

10)
winasis = pinter
ngelmu agal-alus = sawernaning ngelmu
durung kinar = durung karuwan ; durung mesthi ; durung kepara
sinung kawaskithan = duwe kawaskithan
momot, kamot = kebak kawruh
trikaryaadi = pegaweyan telu kang becik
sesongaran = angkuh ;  sombong
tamenge baya pakewuh =  (perisai menghadapi bahaya)
angon kalamangsa = angon wektu (waktu yang tepat).*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar