Sabtu, 09 April 2011

Sumber Semangat ( 02 )

11)
          BECIK-BECIKE ngaurip iku wong kang alus bebudene sarta becik klakuwane. Kosok baline, ala-alane ngaurip iku wong kang dawa umure nanging kedunungan watak candhala ing budi. Iki sliramu wis ngerti. Wondene alusing bebuden iku klebu peranganing agama. Mula menawa sira ngakoni dadi wong kang nduweni agama, sakabehing pakartimu iya katujokake marang karahayon manut dalan pituduhing Allah. Sarta udinen amrih wohing pakartimu iku bisa ndadekake omben-omben lan pangan kang bisa nyegerake raga, nyawa lan sukmaning bebrayan agung.


12)
       AKEH wong kang sadurunge nyoba tumandang gawe wis dipantog dhisik ing tetembungan : aku ora bisa. Dayaning panyipta kang mengkene ini malah sok numusi ora bisa temenan. Awit  ateges ngemohi marang pangudi.
       Sabarang kang ora  diudi ora bakal dadi, kang ora diluru tangeh bisane ketemu, kang ora digolek langka tekane epek-epek, mengkono mungguh sanepane. Sri Ramakrisna nate paring sabda :   Aja sok nyipta 'ringkih' tumrape awakmu dhewe. Sirnakna rasa was kuwatir kang bisa dadi pepalang marang dalan ajuning panguripanmu dhewe.

13)
       KABUNGAHAN lan kasusahan iku tansah tut mburi kayadene rina lan wengi. Mula aja nglokro yen pinuju nyandhung ing kasusahan. Balik ungalna dhadhamu, adhepana kanthi ati kang sigrak. Udinen kanthi ati kang wening sarta tekad kang santosa sinartan keyakinan yen tekane wengi kang peteng bakal kasusul dening padhanging rina.
      Suprandene yen lagi nampa kabungahan aja nglirwakake ing kawaspadan. Lalining ati jalaran katrem ing kabungahan  bisa kajeglong ing jurang kanisthan kang aboting sanggane ora kinaya-ngapa.

14)
       SAWUSE manungsa tansah numbuk benthus saka napsu amarahe, kala-kala rumangsa keduwung. Nggetuni marang pakartine kang bisa anjog ing kanisthan, apadene nuwuhake dredahing ngaurip. Sok ngonowa lumrahe isih mung kandheg ing rasa sarta pepinginan bae. Saben sumedya arep ngowahi ngambah dalan pituduhing Allah, keh-kehane lakune isih mandheg mayong. Jer dalane mula ciyut lan rumpil. Suprandene yen diniyati  kanthi tekad kang bakuh santosa, ora langka yen ora bisa kecandhak.

15)
       URIP iku obah,wong urip kudu nyambutgawe. Sapa kang ora nyambutgawe, ora wajib mangan. Nanging kosok baline, wong kang isih doyan mangan, kudu nyambutgawe. Sebab saka iku,nyambutgawe kanggo kabutuhaning uripmu.
       Nanging urip kang mung angger urip ora beda kaya wong kang mati ing sajroning urip. Mulane,udinen amrih enggonmu mapan ing ndonya iki ana pigunane.Piguna kanggo anak turun, sumrambahe marang rahayuning bebrayan , bangsa lan umum.[]

      (Sumber, Majalah Panyebar Semangat, taun 1958)

Cathetan tembung :
watak candhala   = jail ; wong nistha ala klakuwane
dipantog     = tekan poke lan ora bisa terus
numusi     = klakon temenan
diluru = diupadi ; digoleki
sinartan = kanthi
katrem  =krasan banget
dredahing  = pepadon ; udreg-udregan
sumedya  = duwe sedya ; duwe karep
mandheg mayong = mondhag - mandheg
sumrambahe = tumekane

Tidak ada komentar:

Posting Komentar