Minggu, 10 April 2011

Sumber Semangat ( 03 )

16)
            BISANE kita mbeciki panguripan ing ngalam ndonya iki, yaiku, sarana dalan pasaduluran resiking pikiran. Jalaran sarana nenangi marang wewatakan pasaduluran lan resiking pikiran, temahane kita banjur bisa ngerti marang silah-silahing tindak bener lan luput,  maedahi lan kang tanpa guna, lan sapanunggalane.
           Luwih-luwih yen ciptaning tyas tansah winangku ing angen-angen luhur, kebak rasa tresna asih, sakabehing tindak adoh saka rasa melik, iki kang sejatine kinaranan jiwa kang urip.


17)
           NADYAN kaya ngapa kepengine enggone gawe kabecikan, ewasemono para tuna ing budi lan para candhala bisane mung gawe piala. Kawruh iku kang gawe kasembadaning sedya.
          Mula, saben-saben wong wajib nyenyubur pribadine, murih thukul tekade kang santosa lan ora gampang owah-gingsir. Apamaneh sumanggem ing dhirine dhewe ora bakal anglirwakake apa kang wis dadi sesanggemane.

18)
          TETEPING mitra iku lagi katandha samangsa kaparag ing miskin. Wondene kamursidan lan teteping agama lagi bisa karasakake kalane nemahi kasusahan lan cilaka. Kasusahan iku malah dadi uwiting keslametane. Dene tansah eling manawa Gusti Kang Murbeng Tuwuh iku mula kuwawa mrentah asab kabegjane jalma manungsa kabeh.

19)
        AKEH kang mung padha kedayan ing rasa - pangrasane, yen urip iku kudu ngangkah ndarbeki sabarang kang diweruhi.Pangrasane , yen wis kasembadan nglumpukake raja darbe, iku rumangsa begja. Luwih cilaka maneh yen banjur nduwe pangira : yaiku tetep pesthine urip kang sinebut mulya.
         Samangsa rasa - pangrasa mengkono iku isih nglimputi ati lan pikir kang wening, istingarah tindak-tanduk rerebutan, rebut panguwasa lan panguripan iya angel sirnane. Tangeh lamun kita enggal nemuwa raharja.

20)
         SAJATINING katentreman iku saka babaring kridha tetelu : rasa , pikir lan karep. Panglarasing tridaya iki mula wigati kanggo pancadan ngangkah kerta tata raharjaning praja saisine.
         Sabarang gawe kudu thukul saka rasa murni, karep kang kenceng sarta pikir kang luhur. Yen bisa mengkene, istingarah pikolehe jeneng wis mapan, dene wis  ngenggoni ing bebener. []

         (Sumber , Majalah Panyebar Semangat, taun 1958)


Cathetan tembung  (Djajus Pete) :

16)
nenangi     = gumregah  meruhi
silah-silahing   = beda-bedaning
ciptaning tyas = ciptane ati
winengku = karengkuh ; kaereh
rasa melik = kepengin nduweni barang sing dudu darbeke
kinaranan = kang diarani ; kang disebut

17)
nadyan  = senajan
para tuna ing budi  = wong-wong kang budine ala
kasembadaning sedya = kelakone karep
anglirwakake = ora nggatekake
sesanggemane = kesaguhane ; kuwajibane

18)
lagi katandha = lagi katon
kaparag   =nandhang
kamursidan  = kautamaning urip
ambeg dharma = seneng tetulung
Gusti Kang Murbeng Tuwuh = Gusti Kang Gawe Urip
kuwawa  = kuwagang
asab kabegjane = beja lan cilakane
jalma = menungsa ; wong

19)
kadayan = kena dayane
raja darbe = barang pengaji kabng didarbeni
nglimputi ati = nutupi ati
wening  = bening
istingarah = kena diarani ; ditetepake utawa dipesthekake
angel sirnane = angel bisane ilang
tangeh amun = langka bisane kelakon

20)
kridha  = tandang ; laku ; tumindak
tridaya = daya telung werna
kerta raharja = sarwa tata, reja lan rahayu (slamet)
luhur  = utama.*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar