(1)
BOJO iku paringane Pangeran,kanggo ing salawase urip. Iku mau yen bisa lestari tekan tuwa, anak-anak mutu tekan mbuyut. Nanging saka anane godha utawa saka sabab warna-warna jroning urip sing nyrimpeti lakune wong jejodhohan, ora sethithik jejodhohan sing banjur ambyar-bubar, pegatan. Kegawa saka umure kang isih enom banjur padha omah-omah maneh. Akeh uga sing ora tutug, pegatan maneh lan padha omah-omah maneh. Yen isih pegatan maneh, suwe-suwe dadi randha - dhudha wing wis tuwa mambu, ora payu.
Mulane,apike, ya ora perlu pegatan utawa ora perlu rabi maneh.
Wong bebrayan bebojoan pancen gampang-gamapng angel.
Yen gampang luwih gampang, sepisan dadi kanggo selawase.
Yen angel, angel kelangkung.
Angele ora jamak, pijer ora kebeneran.
Rabi sepisan , pegatan.
Rabi pindho , ora jodho.
Rabi ping telu, bojone mlayu.
Rabi kaping papat, bojone minggat.
Golek bojo iku bejan-bejan. Yen mung perkara rupa, ayu utawa bagus - ngganthenge, wis ketok. Nanging yen perkara watak, kelakuan, sapa sing weruh? Rupane ayu, pandhangane sayu, eseme pait madu. Bareng klakon dirabi, lha...jebul nduweni watak kendho kembene aliyas dhemen sedheng, slingkuh. Apik mung ing blegering rupa, njerone ora.Ya bejane sing lanang. Arep dipegat, wis kadhung anak-anak, mesakake anak-anake yen dadi korban. Ora dipegat, nggoreng atine sing lanang ora uwis-uwis. Ing mangka , biyen, nalika bisa macari, apamaneh klakon ngrabi, banget senenge. Apamaneh dhasare akeh jaka sing ngesir, dadi rebutan saka banget ayune. Mula sing klakon ngrabi mongkog banget , rumangsa dadi jaka sing paling beja. Bareng klakon kawengku,jebul kanggonan watak dudu ; kanggonan budi nistha dhemen laku ngiwa ,olah asmara karo priya-priya liya.
Cara parikane : Pecut diseblakna , barang wis kebacut, dikapakna.
"E...,ya kepiye maneh, wis dadi bejaku oleh bojo kaya ngono, taklakoni," grenenge sing lanang ,angkluh atine.*
(2)
BOJO siji ,ora entek. Bojo loro, kurang. Bojo telu, saya kurang. Wong sing ora trima bojo siji padha siji, arane, mung nuruti hardhaning ati. Wong, senajan karepe ketekan kabeh, banjur bosen, kepengin nduwe sing liyane maneh. Mengkono ing sabanjure, ora ana mandhege playune rasa pengin. Yaiku sekarate wong urip ing ngalam ndonya. Marine yen wis dipendhem.
Rasa kepengine wong ngenani apa wae pancen ora ana lerene sauger wonge isih urip. Nalika duwe TV 14 ins, maune ya wis seneng. Suwe-suwe pengin ganti 21 ins sing rada amba layare. Klakon, keturutan karepe. Ora suwe ngono, ganti maneh 29 ins nalika cekel dhuwit luwih kandel. Keri-keri kepengin sing ambane salapangan saumpama wis ana wong adol ing toko.Sakinge pabrike durung nggawe layar sing ambane salapangan.
Ya mengkono iku playune rasa pengin sing ora ana mandhege. Mengkono uga ing bab bojo, ya mengkono karepe wong lanang akeh-akehe, saumpama kuwagang. Kepengin mengku bojo ora mung siji, batine. Sakinge padha wedi marang bojone yen arep golek bojo maneh. Umpama ora wedi , wis mesthi akeh sing wayuh. Iku mau yen cukup sranane, duwe wragad, bisa nyembadani, bisa nyukupi kabutuhane lair lan batine. Nanging senajan cukup wragade , ya durung mesthi bisa keturutan wayuh yen bojone ora nglilani, emoh ngunggahake.
Nanging wong lanang sing nekat banget ya ana. Wani wayuh senajan pengasilane ora mesthi. Dadine kaya unine parikan : pring cagak radhio, montang-manting bojone loro. Apamaneh yen tanggale wis tuwa, sirahe mumet kaya digandheni, ora beda kaya unine ukara ing lelagon Loro Bojone :
tanggale tuwa, mumet sirahe
salahe dhewe, loro bojone
andum tresnane, andum blanjane
sirahe mumet, bingung pikire.*