Selasa, 28 Juni 2011

Tembang : KLINCI UCUL

ngubengi kutha, sateruse menyang desa-desa
merga aku anggoleki sing taktresnani, klinciku ucul
lunga mengetan, Surabaya, terus menyang Bali
mengulon lunga nyang Bandung, ora ketemu, aku terus nyang Jakarta
jebul ora ketemu, adhuh klinciku, aja mbeda aku
terus bali menyang Semarang klinciku wis ana kandhang
jebulane grusa-grusu, keburu napsu
wekasane montang-manting, wragate akeh, aku dhewe sing kebanting.



ENDI ana klinci ucul digoleki adoh tekan Surabaya, Bali, Bandung tekan Jakarta. Kok adoh banget mencolote yen mung klinci ing lumrah. Genah yen 'klinci' iku mung dhapur pasemon. Bisa uga iku pasemone bojo utawa sisihan sing lunga ninggalake omah tanpa pamit. Embuh sebabe lunga, mesthi ana jalarane. Digoleki ing omahe sedulur-sedulure ing Surabaya, Bali, Bandung, Jakarta, meksa ora ketemu,nganti ngentekake wragad akeh kanggo nenumpak. Sawuse jegeg ora nemokake, kepeksa bali mulih menyang Semarang. Klinci sing digoleki mumet jebul wis ana ing kandhang, tegese, wis ana ing omah.

Tembang pasemon mengkono iku, ora beda kaya karya sastra simbolis sing nggunanake simbol-simbol , lambang utawa pasemon. Pasemon tumrap apa lan kepiye, gumantung ing imajinasine pemaose sing bisa beda-beda enggone negesi. Mengkono uga tembang Klinci Ucul iku, imajinasiku ngenani 'klinci' ya bisa beda karo imajinasine wong liya.

Mesthi wae bojone sing lunga ora pamit iku digremengi, dene dadi golekan mrana-mrana.
Sing digremengi,wangsulan," Ngapa kathik bingung-bingung nggoleki aku? Wong sampeyan wis ora ngreken aku."
"Yen aku ora ngreken, mongsok takgoleki mumet nganti nyabrang segara tekan mBali? Lunga-lunga ki mbokya pamit, omong..., ora dadi golekan."
"O..., ngono ta? Kudu pamit ta?"
"Lha hiya ta, arane wong omah-omah."
"Apa yen sampeyan lunga nginep ing omahe Sri ngana kae ya nganggo pamit?"
Sing lanang sakala meneng, rumangsa kedumuk.
"Aku taknginep nggone randha Sri ya, Bu? Apa tau sampeyan pamit aku ngono?" semambunge sisihane njalari sing lanang saya njeketet kewiyak wadine. "Saiki terserah sampeyan , takumbar ben tutug senenge. Aja mung nginep sewengi , kurang taneg. Aku taklunga saparan-paran, ben sampeyan taneg tenan."
"Aja terus ngono, Bu. Takjaluk sepuranmu, aku sing kleru," wangsulane sing lanang mbrabak mripate krungu pangancame sing wadon arep lunga saparan-paran.*

Cathetan :
Tembang Klinci Ucul iku, riptane Ki Narto Sabdo (swargi) dhalang kondhang sing nalika sugenge dedalem ing kutha Semarang. Akeh tembang-tembang liyane riptate Ki Narto Sabdo, kayadene : Ibu Pertiwi; Prau Layar ; Lesung Jumengglung ; Slendhang Biru ; Petis Manis lan isih akeh maneh.Ki Narto Sabdo lair ing Klaten, tgl 25 Agustus 1925, seda ing Semarang, tgl 7 Oktober 1985.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar