Selasa, 28 Juni 2011

Tembang : IBU PERTIWI


ibu pertiwi, paring boga lan sandhang kang murakabi
peparing rejeki manungsa kang bekti
ibu pertiwi, ibu pertiwi, sesutresna ing sesami
ibu pertiwi kang adil luhur ing budi
ayo sumungkem mring ibu pertiwi.

(Mengkono cakepane tembang Ibu Pertiwi, riptane Ki Narto Sabdo (swargi) dhalang kondhang sing nalika sugenge dedalem ing kutha Semarang ).

         Tembung 'pertiwi' asline saka tembung 'pretiwi' (basa Kawi), sing tegese : lemah utawa bumi.Ibu Pertiwi, tegese, lemah sing disebut kaya sawijining ibu, awit lemah iku nduweni watak asih kaya wataking ibu sing tresna marang anake. Ora ana sawijining ibu sing mentala ngumbar anake kaliren, senajan bapake ora mblanjani. Ya embuh kepiye budi-akale supaya bisa masak, bisa adang, supaya anake ora keluwen.


        Lemah iku tresna marang sapa wae, ora pilih kasih, waton gelem makarya, nggarap lemah, tegal-sawah, wis mesthi lemah bakal ngatonake tresnane, kanthi ngetokake asil saka wujuding woh tanduran. Iku wis mesthi, ora bakal lemah mbalenjani. Sapa sing gelem kangelan nenandur, wis mesthi bakal ngundhuh panenan. Mulane, ing tembang utawa gendhing Ibu Pertiwi iku, ana ukarane mengkene : Ibu pertiwi, paring boga lan sandhang kang murakabi.
       Boga tegese pangan, hiya pangan saka asiling tanduran iku. Sandhang hiya sandhang penganggo, kain, kang asale uga saka tanduran kapuk kapas sing thukul saka lemah. Saka kamurahaning lemah kang mengkono iku, ora kleru yen manungsa kudu 'sumungkem' mring ibu pertiwi, kaya unine ukara ing tembang iku. Sumungkem bekti, taat,ngucapake rasa syukur marang sing nguwasani bumi, ya Pangeran kang akarya jagad.
       Boga asiling wong tani iku, aran resik temenan. Asil kang resik, asil kang khalal kang yen dipangan bisa murakabi  tumraping jiwa - raga awit ora kelepetan laku culika.Seje karo kaum dagang, kulina ora bares ing saben dinane. Kulak semene, dikandhakake kulak semono. "Wong kulakane wae wis pitu setengah ta, Yu.,Kok  mbokenyang semono, rung gathuk  karo kulakane,Yu, " tembunge bakul.  Mangka enggone kulak ing sanyatane,nem wae kurang. Gunem  dodolan mengkono iku wis nganggo  goroh, ngapusi. Malah-malah,ora kurang  sing curang, gelem nyolong timbangan. Jare sekilo, bareng tekan omah ,ditimbang, jebul mung sangang ons.
      Mengkono uga para pegawai kantoran, luwih-luwih kaum pejabat, ana sing bisa pungli, njaluk beselan (sogok, suap) lan ora kurang sing korup ,mula dhuiwit sing dicekel ora aran resik.Yen wong tani, awatak lugu, apa anane. Ora bisa golek tambah utawa ceperan kaya sing bisa pungli. Apa asile nenandur sing thukul saka lemah, ya  iku wujude. Kepara malah akeh rugine yen ketrajang ama.
     Tani saka tembung 'ngratani'. Tegese,wong tani yen duwe panenan, bisa diratakake menyang tangga-teparo. Panen jagung, tela, krai, semangka, tanggane diwenehi. Malah tandurane jagung, nalika isih enom, ana sing wis dipothel, diwenehake tanggane,kanthi tembung," Iku lho,mBah..,jagung enom, isih empuk yen dipelas. Dienggo kelan menir ya nyamleng."
     Apa para pegawai sing saben tanggal enom ya ana sing mengkono?  Bar bayaran,ora ketang sewu, rong ewu, gedhene limang ewu,apa ya ana sing diamalake marang  anake tangga sing mlarat kareben kena dienggo njajan? Apa tegese dhuwit Rp 10.000,- saka bayar yutan rupiyah sing ditampa saben sasi.Yen Rp 10.000,- iku diratakake nyewu,nyewu, ing saben bocah, ing saben sasine. pendhak bayaran,..waton ekhlas, bisa dadi 'celengan' amal kanggone sing bisa mikir.*