dhek jaman berjuang njur kelingan anak lanang
biyen takopeni ning saiki ana ngendi
jarene wis menang keturutan sing digadhang
biyen nate janji ning saiki apa lali
neng gunung tak cadhongi sega jagung
yen mendhung taksilihi caping gunung
sukur bisa nyawang gunung desa dadi reja
dene ora ilang nggone padha lara lapa.
DHEK jaman penjajahan, jaman revolusi phisik, wong-wong padesan uga melu berjuang senajan ora melu angkat senjata. Olehe berjuang ana ing garis belakang, kanthi aweh bantuwan marang para pejuang sing adeg markas ana ing desa-ngadesa, nganakake perang gerilya.
Wong-wong padesan mbantu nyuguh pangan, senajan mung sega jagung lan uga nyilihi caping gunung, kena kanggo kudhung ing mangsa panas lan udan. Para pejuang mlebu kutha wayah awan golek sisik melik kanthi nganggo caping gunung kareben diarani kaya wong tani lumrah. Mlebu kutha nyetitekake kahanane penjajah sing adeg markas ana ing kutha, sing perlu diserang ing wayah bengi aran perang gerilya.
Para pejuang, dhek semana, disebutake ing tembang Caping Gunung iku kanthi ukara : biyen ninggal janji, ning saiki, apa lali.
Dhek semana, duwe janji apa para pejuang iku marang wong-wong ndesa? Mesthine, kanthi janji, yen wis klakon merdika, wong-wong ndesa sing padha melu berjuang lara-lapa ,bakal nemoni raharja ucul saka cengkerame penjajah Landa. Bareng klakon merdika ,panguripane wong-wong cilik kok isih panggah rekasa . Janjine para pejuang biyen kae terus kepiye? Sawuse padha oleh kalungguhan kepenak, apa terus lali marang janjine?
Nyatane sing angkruk-angkruk ana ing ndhuwur, para pemimpin,para pejabat, mung padha mburu kepenake dhewe,anane mung numpuk bandha tekan korup gedhen-gedhenan. Babarpisan kaya ora duwe karep ngentas panandhange rakyat njalari rekasane rakyat saya tambah nemen. Ing mangka wis 66 taun enggone merdika.Jaman Landa, rekasa. Jaman Jepang, kesurang-surang. Jaman merdika kok isih sengsara kelara-lara, kaya kangelan enggone luru pangan golek upa. Kahanane rakyat saya ngeres-eresi ketitik saka akehe wong miskin. Koran Jakarta weton tanggal 22 Juni 2011 uga nyebutake,saka cacah penduduk Indonesia 231 yuta jiwa, sing 117 yuta jiwa utawa 50,6 persen saka cacahe penduduk, kegolong banget miskin.
"Kemikiskinan iki ora bisa diselaki. Ing mangka Indonesia iki banget sugih sumber dhaya alam. Asil saka dharatan lan lautan luar biasa akehe, nanging rakyate miskin," tembunge pengamat ekonomi, Hendrawan Supratikto ing Jakarta.*
Cathetan :
Tembang Caping Gunung iku riptane komponis lan penyanyi Gesang Martohartono sing jaman sugenge dedalem ing Sala. Gesang lair tgl 1 Oktober 1917, seda tanggal 20 Mei 2010, ing yuswa 93 taun. Caping Gunung sing isi kritik sosial sing alus iku, klebu ewoning tembang kang populer ,sing panggarape ora mung waton dadi. Ora maido yen tembang kang becik iku garapane maestro kroncong sing jenenge kondhang sajagad, lewat lagune Bengawan Solo. Sakabehing karya tembang kang becik, berbobot, ora mboseni dilagokake ing jaman apa wae. Isih bakal tetep nges,kepenak dilaras ,luwih-luwih ing kahanane rakyat isih miskin.