Rabu, 05 Oktober 2011

SEPA SEPI LIR SEPAH SAMUN

(1)      UKARA kasebut klebu basa rinengga, kejaba becik tata-rakiting ukarane, uga ngandhut purwakanthi sastra. Purwakanthi sastrane, yaiku (kasebut ing njero kurung) :

(se)pa  (se)pi  lir  (se)pah (sa)mun = ana pengulangan ing suku kata  :  sa.
se(pa)  se(pi)  lir  se(pah)  samun  = ana pengulangan ing suku  kata :  pa.

Basa rinengga mengkono iku kejaba becik, edi-peni tata-rakiting ukarane, yen diucapake uga kepenak dirungu. Apamaneh mujudake ukara kang mentes, nduweni makna kang jero . Carane  panganan,  kang rumangsa ketarik, ora uwis-uwis enggone mamah, dirasak-rasakake lan krasa mirasa tumrap sing  lantip panggraitane.


(2)     Ukara kasebut tinemu ana ing sawijining tembang , ing Serat Wedhatama, riptane Kanjeng Gusti Arya Adhipati Mangkunegoro ka-IV ing Surakarta Hadiningrat. Dene tegesing siji-sijine tembung, yaiku :
sepa     =   ora enak awit ora ana rasane = hambar (bhs Ind).
sepi      =   sepi ora ana apa-apane.
lir          =   kaya = seperti (bhs Ind).
sepah   =  ampas
samun  =  sepi banget

          Dadi wong urip iku kudu nduweni kawruh batin ngenani kautamaning urip kang dilakoni. Yen ora, ya mengkono iku pasemone, uripe sepa sepi lir sepah samun, uripe ora beda kaya sepah sing ora ana gunane tumrap bebrayan. Mengkono iku trep karo dhawuhe Kanjeng Nabi Muhammad SAW : khairunnasi li anfa'uhum linnasi (Kang diarani wong kang apik iku, wong kang tansah migunani tumrap wong liya, wong akeh).

         Dadi wong, luwih-luwih dadi wong tuwa utawa wong sepuh, aja mung 'sepuh tuwuh' .Ingkang Sinuwun Paku Bowono ka-IV, milah-milhahe anane tembung sepuh iku, yaiku :
sepuh tuwuh     =  mung akeh umure, mung tuwa ragane.
sepuh lungguh  =  enggone kasebut sepuh merga darbe kalungguhan dhuwur,senajan isih enom.
sepuh tayuh     =  ngerti utawa mudheng  bab agal-alusing  rasa / kahanan sarta nduweni piyandel.
sepuh kawruh   =  sugih kawruh maneka warna babagan tata-lair.

        Ngenani jerone kawruh batin  pancen ora mesthi dumunung ing wong tuwa kang wis akeh umure. Akeh wong tuwa tuwuh, tuwa tuwas,kothong kaya ampas. Dadia wong kang bisa weruh cetha marang werdining ngelmu sarta bisa ngetrapake ing urip padinan  kanggo pangukuhing jiwa, yaiku sing diarani wong tuwa. Trep karo ing ukara  maknane tembang Pucung  kang uga kaemot ing serat Wedhatama , kaya mengkene :

ngelmu iku,
kelakone kanthi laku.
lekase klawan kas,
tegese kas nyantosani,
sedya budya pangekesing dur angkara.

Pangekesing = panglebure. Pangekesing dur angkara , kudu bisa bisa nglebur watak angkara kang ngribeti lakune jiwa ngambah kautaman.Nindakake kabecikan marang sapepadhane urip lan sujud marang Pangerane (Hablum minanas, hablum minallah).[]