Senin, 30 Januari 2012

SANEPAN

Sanepan ( 1 )
NALIKA aku durung bisa mikir, angka 0 iku takanggep kosong  ora ana isine. Jebul ora mengkono. Angka 0 iku angka sing paling gedhe, gedhene malah ora kira-kira, bisa mundhak-mundhak.
Angka 1 yen ketambahan 0 = 10. Ing kene 0 nduweni isi 9.
Angka 2 yen ketambahan 0 = 20. Ing kene 0 nduweni isi 18.
Angka 3 yen ketambahan 0 = 30. Ing kene 0 nduweni isi 27.
Angka 4 yen ketambahan 0 = 40. Ing kene 0 nduweni isi 36, lan sateruse...



Angka 0 iku bunder. Bunder iku wujude jagad, hiya kang nguwasani jagad saisine. Iku sapa? Golekana ing telenging rasa. Mulane sapa sing kayoman '0' bisa dadi gedhe. Gedhe bejane, gedhe slamete, gedhe  drajade karana  antuk berokah.
Mengkono iku uga kena diarani  KOSONG NANGNG ISI , ISI NANGING KOSONG. Katon kaya kosong ( kanggone wong sing ora bisa mikir, kethul rasane )  nanging kanggone wong sing bisa mikir jero, '0' iku kanggonan isi sing gedhene ora kira-kira, bisa mundhak-mundhak gedhene, ngluwihi kemampuaning pikire manungsa sing winates.
Angka 1 tumekane 9  iku sanepane ora beda anane umat sing sabanere mung cilik, ora mingsra, banget ringih, ora duwe daya. Anane bisa gedhe rosa  saka  daya kuwasane '0' kang tumanduk ing awake.*

Sanepan ( 2 )

mBuwang ala nemu becik.
mBuwang becik nemu ala.

Ala lan becik iku kaya campur ulet-uletan, sanepane kaya kacang godhog saundhung ing tampah. Kacang iku campur antarane sing mentes lan sing gabug. Sapa sing seneng mbuwangi kacang-kacang sing ala (gabug) bakal nemu kacang - kacang sing becik (mentes). Lan sapa sing seneng mbuwangi kacang-kacang sing becik (mentes) bakal nemu  kacang-       kacang sing ala (gabug).
Sing aran kabecikan iku akeh banget cacahe, bisa pirang-pirang puluh ewu utawa luwih menawa dicathet siji lan sijine, utawa ora bisa dicathet kabeh saka banget akehe. Nanging wong sing alus rasane seneng olah kabecikan bisa kanthi gampang enggone milah-milah, yaiku kanthi sregep mbuwangi sing ala kaya sanepane kacang godhog ing tampah iku. Dibuwangi, disingkirake, ora dilakoni. Kacang sing keri ing tampah ya kari sing mentes-mentes, yaiku kang migunani tumraping jiwa lan ragane.
Dadi jroning nglakoni urip iki, wong kari gumantung ing niyate. Yen wis wungkul niyate kepengin nglakoni sing 'mentes-mentes'  ya kudu sregep mbuwangi sing ala. Aja nganti kwalik saka petenging pikir, sing mentes-mentes malah dibuwangi.*

Katrangan  :
sanepan = perumpamaan.