Jumat, 10 Juni 2011

Simboling Urip lan Panguripan (1)

RAJAPUTRA Korawa lan Pandhawa  padha dolanan uncal-uncalan undhi ing ara-ara sanjabane praja Hastina. Undhi kang  kaya bal, diuncal-uncalake lan disawat-sawatake genti genten. Tibane undhi ditututi para Korawa lan Pandhawa, rebut dhisik. Menawa undhi wis kesekel, tumuli disawatake maneh, tibane undhi uga banjur dadi rebutan maneh, dhisik-dhisikan sing nyekel. Mengkono sawetara suwene enggone padha dolanan. Nalika Bhima nguncalake undhi, tibane undhi kecemplung sumur sing banget jerone. Kabeh ora ana sing wani nyemplung sumur ngentas undhi, anane mung padha pating cranguk nyawangi  undhi saka lambene sumur.

           Nalika semana,pandhita Durna wis sawetara suwene enggone nyawangi sing padha dolanan. Bareng sumurup undhi tumiba ing njero sumur ora ana sing bisa ngentas, pandhita Durna tumuli nyedhaki, lan kumecap," Ingatase rajaputra gagah-gagah lan sentosa semene akehe, kok ora ana sing bisa njupuk undhi saka njero sumur.Apa padha ora duwe piranti ta? Dulunen, takjupuke. Iki lho, piranti sing kena kanggo njupuk undhi kae. Waspadakna." Pendhita Durna nuduhake suket alang-alang satekem kang digegem. Alang-lang iku diuncalake mbaka siji menyang njero sumur. Alang-alang kang diuncalake dhisik dhewe tumancep ing undhi. Kang diuncalake kapindhone sumambung ing alang-alang kapisan. Kang kaping  telune sumambung ing alang-alang kapindho. Mengkono ing sabanjure,alang-alang kang diuncalale pendhita Durna sambung-sinambung nganti tekan dharatan. Wusanane alang-alang banjur ditarik, undhi kang  katut munggah  tumuli dicandhak dening Bhima.
         Weruh mengkono ,kabeh rajaputra padha  kamitenggengen saka banget gumun-ngungune. Saweneh rajaputra ana sing banjur lumayu menyang kedhaton, ngandhakake marang Resi Bhisma yen ing ara-ara njaban kutha ana wong pinjunjul . Ya amarga saka iku, Resi Bhisma banjur nemoni pandhita Durna ing ara-ara. Wosing rembug, pandhita Durna katuran mlebu kedhaton dadi gurune rajaputra Korawa lan Pandhawa.Durna dipapanake ana ing Sokalima kang banjur sinebut padhepokan Sokalima,dumunung ana ing wewengkon Hastina.
        Sabenere, Korawa lan Pandhawa wis digulawenthah dening Resi Krepa. Nanging saka pamawase  Resi Bhisma, kaanane rajaputra Korawa lan Pandhawa isih sarwa kuciwa, perlu digolekake guru kang luwih peng-pengan, hiya guru sing putus ing kawruh batin, limpad marang caturwedha, wasis ulah gelaring baris sarta mumpuni  ing sawarnaning sanjataning ayuda. Pangangene Resi Bhisma mengkono iku bisa klakon sawuse diwulang-wuruk dening pendhita Durna  sing pancen sura-sekti mandraguna.Ulah kaprajuritan lan ulah kridhaning perang diwulangake dening guru Durna, uga wewadine sawarnaning gegaman lan carane nandukake sarta carane nglepasake jemparing warna-warna. Mantra kanggo ngundang baline jemparing kang wis dilepasake uga diwulangake.

         Simbol
         Suket alang-alang kang diuncalake mbaka siji bisa sambung-sinambung iku mau ora kena ditampa wantah  awit ing sanyatane crita-crita wayang purwa iku kebak simbol pasemoning  urip lan panguripan tumrap manungsa. Tembunge sing bregas : dibalik yang tersurat mengandung makna yang tersirat.Anane makna iku sing luwih  perlu digrayangi, dirasakake, digoleki miturut kadewasaning pikir lan landheping rasane dhewe-dhewe.
         Suket alang-alang kang sambung-sinambung iku ora liya hiya urut-urutan laku  kang kudu ditindakake samangsa wong kepengin ngrampungake pegaweyan kang angel.Durna ora bakal bisa nyambung-nyambung yen tanpa konsentrasi  amrih alang-alang kang diuncalake  ora mleset saka alang-alang kang diuncalake luwih dhisik.Yaiku tumandange pikiran utawa nalar.Mulane wong urip  prayoga njunjung nalar minangka gurune. Aja nganti mung nuruti perasaan utawa emosine, utawa mung nuruti ajakane ragane wae, tanpa ngrungokake swaraning pikirane.
         Urut-urutaning laku kang  kudu ditindakake,minangka conto sing gampang,ora beda kaya wong sing arep gawe kursi.Sepisan,milih kayu sing bakal digunakake.Kayu iku isih ndadak digraji lan uga perlu nyiapake sawernane alat kang digunakake, pasah, tatah, bur,lan sapanunggalane. Enggone gawe kursi  lagi setengah dadi kok ditinggal jagongan ing gerdhu dina-dina utawa main kertu dina-dina, iku arane slewengan gawe ngangkrake garapane kursi. Kejaba yen ngasah tatah  utawa ngikir graji, isih ana sambunge karo enggone gawe  kursi.
         Mengkono uga wong  kang duwe niyat kepengin saya becik engggone ngibadah.Laku kang ditindakake  ing saben dinane kudu ana sambunge karo enggone kepengin dadi wong apik. Arep ngrasani alane wong, ora sida, eling ngibadahe.Saumpama  ngamal,ya kudu ekhlas.Ngamal kok ora ekhlas, iku arane ora sambung, malah gawe ora ketrimane enggone ngamal. Apamaneh isih gelem colong-jupuk, iku arane malah saya keplantrang adoh, ora sambung karo niyate ngibadah. Uga pendhita Durna kang kacrita ing ngarep.Yen Durna ora konsentrasi kalane nguncal-nguncalake suket alang-alang, wis mesthi mleset,ora dadi apa kang sinedya. Senajan dirubung para rajaputra Korawa lan Pandhawa, nanging Durna ora rumangsa keganggu saka wis  manther lesaning pikire.Enering ciptane mung sawiji marang apa  sing lagi ditandangi. Dadi!*