Kamis, 09 Juni 2011

Ora Gampang Dadi Pengarep

(Sinom)

(1)
sun pepuji sira mbenjang
lamun bisa amijeni
mring jiwaning kawibawan
darbe pangwasa kang wajib
nata sesameng janmi
ngereh mrentah lan nenuntun
poma dipunwaspada
tumindakmu kang adil mrih widada jejeg adeging pranatan.


(2)
karana wus pinitaya
sira didekek neng ngarsi
pindha ngemudheni palwa
ngambah madyaning udadi
drigama pringgeng margi
lawan rubedaning enu wus aneng tanganira
kliru sithik anjalari
sabaita kerem madyaning samodra.

(3)
lamun ngrasa tan sembada
luwung enggal mundur nisih
ywa kesusu kumawasa
wasanane nguciwani
amarga wong neng ngarsi
kudu sarwa-sarwi putus
yen mung bandha geduga
tan wurung ngisin-isini
sakukuban kwaratan kapitunan.

(4)
nora gampang wong neng ngarsa
wit sinawang ngarep wuri
gung ingewan winaonan
dahwen meren mung tut wuri
marma kudu mumpuni
ulah gelar agal-alus
luwes lawan micara
bangkit ngemong mring sesami
suci ing tyas linambaran kautaman.

(5)
tan melik marang ruruba
ingkang bisa anjalari
kisruh koseking tatanan
gonjing adeging pangrakit
lan mahanani
kapitayanira luntur
tumraping angganira
datan wurung anjalari
thukulira reribed rubedaning marga.

(6)
lamun silip lakunira
keladuk kegedhen melik
nora wurung sor-soraninya
melu-melu dadi maling
balapan laku silip
dadi palang mangan tandur
ngrusak marang pranatan
nyimpang mring tataning adil
kabeh iku dedalane karusakan.

(7)
penggedhe kang jeneng bisa
andhahane wedi asih
wit kasoran ing prabawa
rumasa karoban ing sih
rineksa den ayomi
ayem tentrem jroning kalbu
guyub ngayahi karya
gotong royong sami-sami
sayuk rukun abot entheng bebarengan.

(8)
beda kang tan koma-koma
saking ngrasa sarwa wasis
lan kuwasa amasewa
sereng wicara nyenyengit
gampang natoni ati
sor-sorane mung rinengkuh
lir batur-tukonira
tan duwe tepa sasami
mokal lamun sinuyudan ing andhahan.

(9)
lan maninge nandur rasa
kurang tentrem lain batin
kang nenuntun mring piala
wit kagelan jroning ati
tegel tumindak sisip
ngrusak mring rereksanipun
nglirwakke kuwajiban
kang wus manjing dadi janji
kang njalari bubrah kisruhing tatanan.

(10)
marma lamun durung bisa
ywa kesusu anyaguhi
munggweng ngarsa amasesa
nyekel pangwasa ngesuhi
mundhak mung nguciwani
gawe kuceming pandulu
lan gawe kapitunan
kang nyiprati kanan-kering
nora wurung mung dadi paran tutuhan.*


Cathetan (Djajus Pete ) :

sun pepuji = dakpepuji ; dakdongakake
amijeni = dadi wong mirunggan  (istimewa)
kawibawan = kamukte
sesameng = sesamaning = sapepadhane
janmi = wong ; menungsa
pinitaya = dipercaya
poma = piweling kanthi banget
karana = awit = jalaran
ngarsi = ngarsa = ngarep
gung = anggung = manggung = tansah
pindha = kaya
palwa = prau
madyaning udadi = satengahing segara
drigama = bebaya
pringgeng  = bebaya ing
enu = dalan
sembada = sarwa kecukupan
geduga = bisa nglakoni
aneng = ana ing
ywa = aja
bangkit = gumregah
tyas = ati
ruruba = paweweh mawa pamrih ( besel ; suap )
mahanani = njalari
angganira = awakira = awakmu
marga = dalan
silip =  culika ; nerak angger-angger
rumasa = rumangsa
karoban ing sih = kayoman ing sih ; banget diasihi
kalbu = ati
amasesa = nduweni wewenang ; nduweni panguwasa
lamun = yen
maninge = manehe
munggwing = munggweng = ana ing
marma = mulane
ngesuhi = mandhegani = mimpin
pandulu = panyawang
paran tutuhan = paraning pamaido.*

Katrangan :
Tembang Sinom kasebut, katedhak (katurun) saka buku 'Mega Mendhung' karangane R.Ng.L.Tedjasusastra, terbitan Kementerian Pendidikan Pengajaran dan Kebudayaan, Jakarta.(Tanpa disebutake taun terbite. Kira-kira terbitan taun 1950-an ).