(1)
BOJO iku paringane Pangeran,kanggo ing salawase urip. Iku mau yen bisa lestari tekan tuwa, anak-anak mutu tekan mbuyut. Nanging saka anane godha utawa saka sabab warna-warna jroning urip sing nyrimpeti lakune wong jejodhohan, ora sethithik jejodhohan sing banjur ambyar-bubar, pegatan. Kegawa saka umure kang isih enom banjur padha omah-omah maneh. Akeh uga sing ora tutug, pegatan maneh lan padha omah-omah maneh. Yen isih pegatan maneh, suwe-suwe dadi randha - dhudha wing wis tuwa mambu, ora payu.
Tampilkan postingan dengan label Grenengan. Tampilkan semua postingan

Selasa, 28 Juni 2011
Selasa, 04 Januari 2011
Aja Dumeh
KANGGONE wong Jawa sing isih njawa, sing durung ilang Jawane, ngerti tegese tembung AJA DUMEH. Senajan tembung iku cekak banget nanging mentes nduweni teges sing jero, bisa nggepok rasane wong sing maca.Tembung iku bisa kanggo ngelingake wong yen urip ing ngalam ndonya iki kudu bisa rumangsa, ora kok rumangsa bisa.
Kudu bisa rumangsa,tegese : kudu ngerti yen sawernane kaluwihan sing didarbeni wong urip iki : pinter, ayu, bagus, sugih, duwe drajat lan pangkat asale saka Pangeran. Yen bisa ngrasakake, bisa nlusur saka ngendi asal-dununge sawernane kaluwihan iku, bisa ndadekake wong ngajeni marang sapepadhane urip.
Senin, 22 November 2010
E, DHAYOHE TEKA
e, dayohe teka
e, gelarna klasa
e, klasane bedhah
e, tambalen jadah
e, jadahe mambu
e, pakakna asu
e, asune mati
e, buwangen kali
e, kaline banjir
e, buwangen pinggir.
Tembang iku wis ana ing jaman cilikanku, tahun 1950, malah bisa uga wis ana wiwit aku durung lair. Iku klebu tembang dolanan bocah sing kulina ditembangake dening bocah-bocah cilik jaman biyen, ora beda tembang Ilir-Ilir ; Sluku-Sluku Bathok, Jamuran lan sapanunggalane kang uga aran tembang dolanan.

Selasa, 09 November 2010
TEPA SLIRA
ORA kurang cacahe tembung-tembung Jawa sing maknane mentes kena kanggo ngasah rasa, nggegulang jiwa ing sajroning nepusi urip kumpul karo wong akeh ing satengahe bebrayan. Tembung utawa ukarane ora mesthi yen dawa, kadhang sok cekak banget ,nanging wis ngandhut teges sing jero. Kanggone wong Jawa sing isih nJawa, wis bisa tanggap. Nanging kanggone wong Jawa sing mentah, ora Jawa, ora dhong. Yen teges siji-sijije tembung wae ora ngerti, kepiye bisane njajagi njerone?
Tepa slira saka rong tembung : TEPA lan SLIRA.
Tepa tegese apa-apa sing kanggo ukuran. Slira tegese awak, badhan, dhiri priyangga (awake dhewe)
Tepa slira tegese , samubarang tumindak diukur , ditepakake nganggo awake dhewe.
Yen awake dhewe krasa lara dicethot, ya aja nyethot uwong jalaran larane wong dicethot iku ya padha rasane kaya nalika awake dhewe dicethot uwong. Yen awake dhewe mangkel diina, ya aja ngina uwong. Yen lara atine bojone dielus-elus uwong, ya aja ngelus-elus bojone uwong.

Senin, 01 November 2010
SADUMUK BATHUK,...
Embah-embahe wong Jawa, marisake paribasan (peribahasa) Jawa akeh cacahe sarta apik-apik ukarane. Ora mung saangger gawe ukara, nanging tatanane ukara banget digatekake tekan guru lagu (ritme ; irama ) .Dhong-dhinge swara lagu ( bunyi) ditata amrih kepenak dirungu. Contone ing ukara paribasan iki :
1. Kebo ilang, tombok kandhang. ( ang - ang )
(Kelangan barang digoleki ora ketemu,malah kelangan ragad kanggo nggoleki).
2. Lengkak-lengkok, ora wurung ngumbah popok. ( ok - ok )
(Ditari rabi maune emoh-emoh, sidane malah gelis duwe anak).
3. Buntel kadut, ora kinang ora udut. (ut - ut)
(Nyambut gawe borongan, tanpa mangan tanpa wedang).

ANAK POLAH BAPA KEPRADHAH
ING tulisan kang dhisik, wis taksebutake anane paribasan : Anak polah bapa kepradhah sing tegese : wong tuwa nemu reribet saka polahe anak. Ukara paribasan iku yen disemak saka siji-sijine tembung, sing angel nggoleki apa tegese tembung kepradhah awit tembung kepradhah iku wis ora kocap ing jaman saiki. Saumpama ana murid ing sekolahan sing takon marang gurune, "Kepradhah niku napa pak Guru, artinipun?"
Wis mesthi gurune njondhil temenan, malah bisa uga terus kemringet gulune. Nanging guru ora kurang akal, diwangsuli keri-keri sawuse gurune mbukak Kamus basa Jawa ing kantor guru. Kuwi mau yen ing sekolahan ana kamuse sing lengkap, ngemot tegese tembung kepradhah. Yen ora, gurune mesthi kethathalan ing njaba, takon-takon wong sing ngerti. Mangka yen ing jaman saiki, akeh sing ora ngerti tembung-tembung Jawa lawas.

Minggu, 03 Oktober 2010
K O P I K O T H O K
Kejaba ana kopi kothok, ana uga kopi sing aran kopi cong. Padha bahane nanging beda carane nggawe lan ya beda rasane. Kopi cong, kopi sing carane nggawe : gula,bubuk ing gelas dicongi (dicuri) banyu panas. Yen banyune panas temenan, isih mathuk, nanging yen banyu panas mau ing termos gek wis ora pati panas, lha iki sing bisa gawe kembunge weteng. Mulane aku ora wani ngopi ing sadhengah warung sing durung takkenal. Iku jalaran wetengku wis kadhung nyandu karo sing jenenge kopi kothok.
Kopi kothok ana ing warung-warung kopi dhaerahku, Kab.Bojonegoro. Carane nggawe : gula lan bubuk diadoni banyu luwih dhisik ing wadhahe,lagi ing sateruse digodhog. Yen ing warung-warung, digodhog ing morong (panci khusus godhogan wedang sing ana danganan lan cucuke). Digodhog nganti mumbul metu unthuke. Aja nganti unthuke pecah ambyar, awit yen unthuke pecah,ngurangi rasa enake. Cara panggodhoge kopi mengkono iku gawe rasane luwih mat awit antarane gula lan bubuk bisa lebur temenan kena panas. Mesthi wae bubuke ora mung saangger bubuk, nanging saka kopi kualitas becik. Adate, ing warung-warung kopi iku bubuke saka kopi gorengan dhewe. Utawa tuku bubuk saka tukang slep kopi sing ana ing njero pasar sing adate uga nyepaki kopi gorengan.

Selasa, 07 September 2010
BEJA
WONG BODHO KALAH KARO WONG PINTER. WONG PINTER KALAH KARO WONG BEJA. Yaiku adiling Pangeran, hiya Kang Murbeng Dumadi, hiya Kang Maha Kawekas,hiya Kang Maha Agung, ya Allah Swt.Mulane sing rumangsa pinter, dhuwur sekolahe, aja kumingsun, gumedhe, ngendelake dupeh awake luwih pinter, nyepelekake wong sing dianggep bodho, kurang sekolahe utawa kepiye....Bodho lan pinter iku, ora beda kaya wong kang tinakdir sugih lan miskin. Yen tinakdir bodho, arepa digembleng guru dina-dina...., undhake kepinterane sethihtik banget, ora sumbut karo panggemblenge guru. Arepa enggone nyambutgawe nganti jungkir-walik..., yen pancen wis tinakdir ora bisa sugih, ya ana wae jalarane kutah saumpama banyu. Seje karo sing takdire sugih, satiba-malange sarwa kepanak lan bisa mlumpuk pengasilane, dadi lan sugihe.
Jumat, 03 September 2010
OREK-OREK MONTORE MABUR
ING gendhing Orek_Orek, ana ukarane sing populer, yaiku ukara parikan sing unine mengkene :
Tembung larang regane ing parikan iku, maksude : wong lanang gedhe dhuwur iku bisa narik kesengseme wanita sing nyawang. Senajan ora kena diarani kabeh, racake wong wadon, gampang ketarik marang wong gagah, gedhe-dhuwur. Kathik ya nggantheng ,isih jaka, duwe brengos pisan, katon ngengkreng. Akeh prawan sing puyeng, gendheng. Dadi rebutan. Ora beda jaka-jaka yen weruh prawan ayu, menthur..., jor-joran, saingan.
orek-orek montore mabur
montor mabur gedhe rodhane
aja ngenyek wong gedhe dhuwur
gedhe dhuwur larang regane.
Tembung larang regane ing parikan iku, maksude : wong lanang gedhe dhuwur iku bisa narik kesengseme wanita sing nyawang. Senajan ora kena diarani kabeh, racake wong wadon, gampang ketarik marang wong gagah, gedhe-dhuwur. Kathik ya nggantheng ,isih jaka, duwe brengos pisan, katon ngengkreng. Akeh prawan sing puyeng, gendheng. Dadi rebutan. Ora beda jaka-jaka yen weruh prawan ayu, menthur..., jor-joran, saingan.
Rabu, 01 September 2010
RASAN-RASAN
Wong lanang lan wong wadon iku jelas beda. Bedane sing paling nyolok ing bab kasetyan, kasetyane wong lanang lan kasetyane wong wadon iku ya beda. Kanggone wong wadon, cinta iku segala-galanya, nomer siji, diseleh ana ing ngarep dhewe, diagung-agungake. Wong lanang cintane kokepek wong, ooo...., aja takon dosa. Ketemu ing tengah pasar ya digelut, cakar-cakaran, jambak-jambakan, ora wedi mati. Beda karo wong lanang, bojo kok diepek uwong. Halah, mboyak...,jagad ora mung sagodhong kelor... Tiwas takgandhulana wong sing diepek gelem, ya arep mboyak, arep mbodhil, arep sotak, arep sothil.
Senin, 30 Agustus 2010
GARA-GARA
AWEH conto iku luwih utama tinimbang mung omong apik,awit, akeh wong sing mung apik unine lambe nanging ora cocog karo tumindake. Mung kanggo abang-abang lambe, ora tumus tekan ing atine. Lamis aliyas MU...NA...FIK ! Nyatane padha ora nyontoni apik senajan dadi Tokoh Masyarakat, Pemuka Agama-Ahli Kitab. Dadi Pimpinan, dadi Pejabat, dadi wakil Rakyat,jas bukak iket blangkon, sama jugak,sami mawon. Ora kok ing Ngarsa Sung Tuladha,nanging ING NGARSA MUMPUNG KUWASA. Ora kok ing Madya Mangun Karsa,nanging ING MADYA NGGROOOOOOGOTI ARTA. Ora kok Tut Wuri Handayani,nanging TUT WURI HAMBUBUTI. Bubrah sakehing tata, gawe panas sumuke hawa satemah nuwuhake Gara-Gara !
.....................................
.....................................
GARA-GARA
Gara-gara yen diwalik unine Raga-raga. Tegese : Saya akeh menungsa sing mung mburu kanikmataning raga,kurang marsudiu marang alusing budi, tuntunaning Agami. Kitab Suci mung kanggo isen-isen lemari. mBuru kadonyan,ninggal kautaman. Mentalan,mburu kemewahan,kawibawan, kaluhuran, drajat-pangkat lan kamelikan.
Melik nggendhong lali,bandhane negara DIGROOOOOOTI! Dhuwite rakyat dibradhat, disikat, diembat.
Bangsat keparat, leletheging jagat.
Dadi garong, omahe magrong-magrong.
Dadi maling, methangkring
Dadi rampog. malah mongkog
Brandhal kecu, sugih mbrewu
Wong ngawur, makmur
Wong salah, mbregagah,bungah-bungah
Wong edan, bisa dandan
Koruptor mopyor, tumpakane montor,bebas murni ora diadili. Yen wong cilik negor jati sadriji, ngringkuk diukum telung sasi. Anak bojone nangis mbrebesmili, mangan wi gembili, raine pucet kurang gizi.
Gara-gara = goroh-goroh
Raga-raga = rogoh-rogoh
Gara-gara ora mendha, senajan wis 65 taun merdika, wong cilik isih panggah rekasa kaya dijajah Landa. Jaman Jepang didugang Jepang. Jaman merdika isih kelara-lara. Ratu ora kena digugu. Mantri-Bupatyi mung golek mukti. Reregan mundhak, wong cilik saya klenggak. Kesurang-surang keblegan utang.Pating bilulung, bingung kesandhung-sandhung,sikile mlenthung, gegere mlengkung. Kedengkek,ndheyek-ndheyek, gegere kaya cuklek.
Gara-gara ora rampung, malah saya kedlarung-dlarung. Sing kuwasa padha ngaji pumpung, kebak bandha tumpuk undhung. Pejabat lan wakil rakyat mung golek nikmat kanggo wong sakbrayat. Jamane wis kwalik-kwalik. Wong apik malah disirik. Wong suci : dibenci. Wong jujur : kojur. Wong lugu : keblenggu. Wong bares : ora direwes. Wong temen : ora direken.
Jaman bubrah. Wong mblangkrah malah disembah-sembah. Wong ala, dipuja-puja. Wong jahat diangkat-angkat,mundhak pangkat, mobile mengkilat, badhane sak-harat-harat... Sing mlarat saya kesrakat, kerja berat opahe ora murwat. Jaman edan kaya wis ara ana tatanan. Jaman rusak sakehing tatanan diterak-terak. Bubrah sakehing tata, beja-bejane sing lali, isih beja sing eling lan waspada.*

GAK JEGOS
JAM 10 bengi ing sawijing hotel, ana tamu lanang wadon sing tekane bareng. Mangka kamar kosong sing ana mung kari siji. Arep nulak salah siji atine ora mentala awit wong iku ya wis omong yen kabeh hotel liyane wis ora ana kamar kosong. Kepeksa sing duwe hotel nawakake cara yen padha disetujoni, yaiku , ranjang njero kamar sing anane mung siji, diwatesi guling tengahe, ora kena nglanggar menyang wilayah sing dudu wilayahe. Kekarone, tamu lanang wadon sing ora kenal iku manut, katimbang oleh enggon nginep.
Nalika padha mapan buk, omong-omong, lagi takon-tinakon, sapa jeneng endi omah lan arep menyang endi sesuke, awit enggone nginep mung suwengi. Sing wadon sing ngaku jeneng Atik, muni yen sesuk arep numpak sepur menyang Semarang." Sami menawi ngaten,mBah, kula nggih badhe nyepur ngilen, dhateng Cirebon," tembunge Wisnu, wong lanang iku, umur watara 40 taun.
Atik sing awake seger mbranyak, umure luwih enom sethithik. Ayu, rambute brintik. Awake padhet, singset, lambene dipulas abang manda-manda lan kladuk mandul-mandul dhadhane yen dienggo mlaku. Mung wae, mripate Atik pijer kethap-kethip. Glebagan ngiwa-nengen kaya angel turu. Miring, mengkurep, mlumah kaya ora kepenak kabeh. Wisnu sing bisa terus mak-seg, saka kesele.
Esuke, kekarone padha mlaku bareng menyang setasiyun sing pancen ora adoh saka hotel. Lagi wae munggah sepur, ndadak Atik muni yen dhompete keri ing hotel, ngisor bantal. Dene sing dienggo tuku karcis sepur iku mau, dhuwit recehahe ing njero sak, blas ora kelingan dhompete sing keri. Ora sranta Wisnu mencolot mudhun, mlayu sipat-kuping menyang hotel. Dhompete ketemu. Senajan napase kaya meh pedhot, isih bisa mlayu rikat, mbalik menyang setasiyun, wedi yen kepancal sepur. Sepure wis wiwit mlaku, Atik ngobah-obahake tangane karo bengak-bengok . Ora sranta pager sing dhuwure karotengah meter dilumpati Wisnu, mak-bleberrrrr...., ngoyak sepur awit yen ndadak liwat lawang peron akeh kerine.
Kanthi kangelan, Wisnu sing maune gandhulan sepur,bisa munggah. Nanging Atik malah mrengut enggone nampani dhompete sing diulungake.. Ora muni matur nuwun senajan Wisnu ya ora njaluk dimaturnuwuni, butuhe mung tetulung. Sawuse Wisnu aso napase, Atik sing lungguh kursi jejere, kumecap, " Lha hiya, nglumpati pager semana dhuwure,isa. Mlumpat guling ae kok gak jegos. Mangkel aku!*

Minggu, 29 Agustus 2010
WATAK LAN WATUK
WATAK lan WATUK iku beda. Ora mung beda ukurane nanging ya beda asal-usule. Yen watak, asale wis saka kanane, gawan lair. Yen watuk, saka bangsane baksil penyakit sing ora genah saka endi asale. Apa saka kakehan ngrokok, apa saka ketularan kancane sing cekah-cekeh mau, ora cetha. Sing genah, watuk bisa ditambani. Yen watuke campur riak, tambane ya gampang : gaweya susu putih, cemplungi jae gecekan, beres.
Apa sebabe nek watuk gampang ditambani, yen watak ora bisa ditambani (ora bisa diowahi) ?
Saka nyawang hurupe wae ya wis beda. Bedane WATAK lan WATUK mung ana ing hurup A lan U. Hurup U iku rak bolong ndhuwur, yen dicemplungi obat, lara watuke ya bisa imetu ilang, mari. Yen WATAK aja ngarep-arep marine jalaran hurup A iku rak ora bolong. Watake manggon ana ing njero. Nganggo palang ngiwa-nengen kathik isih dipatek palang tengahe. Lha ya angel metune, ora bisa mbrabas metu wong rapete palang kaya ngono.Mulaner ya ana wong omong yen watak iku RITI, marine yen wis mati, katut digawa mulih menyang papan asal-usule kana.
Iki ora kok othak-athik mathuk, dupeh wong Jawa diarani seneng othak-athik. Kedhiri rak kuthane. Sing dadi rak nyatane. Ngono cara parikane. mBahku biyen sing wis tuwa banget, nalika lara, ya duwe lara watuk .Pisan pindho digolekake obat watuk, ora mari-mari watuke. Terus dikandhani supaya disuda enggone ngrokok, bisa uga rokoke sing marahi watuk.
"Halhah, ya gak isa nek aku mbokkon leren udut," wangsulane. Dadine, mboyak-mbodhil, anak-anake wis ora ngreken watuke kuwi, wong kandhanane angel, watake ngenyel. Ngeyelan kuwi ya watak.
" Ben, nek watuke ora mari. Malah apik," guneme mBokku nalika aku isih cilik.
"Kok malah apik?" pitakone Lik Ni, adhine mBokku.
"Soale nek bengi, sepi wong dha turu. Pikiranku rak ya rena-rena wong ora ana sing nunggoni, turu ijen, neng kamar mburi. Nek krungu watuke atiku lagi lega, ruh nek jik urip." ****

JEMBAR SEGARANE
Sedhela maneh Idul Fitri kang uga sinebut Hari Lebaran, saka tembung "Lebar" kang tegese wis bar enggone nindakake pasa wulan Romadhon. Idul Fitri, Lebaran, uga sinebut Ariadi. Ari (hari ) = dina ; adi = becik. Dina becik kanggo apura-ingapura, nglebur kaluputan. Adate sing enom sowan marang sing tuwa, nyuwun pangapura, bisoa lebur kaluputane ing dina becik iku, minal aidin wal faizin.
Senajan sing enom ora bisa sowan , embuh karana apa..., sing tuwa jroning batin ya wis bisa ngapura. Kasugihane wong tuwa ing prakara pangapura iku ora mung dicakake ing dina Lebaran wae, kepara malah wis diecakake ing urip sadina-dinane.Iku tumrap wong tuwa sing wis bisa netepi jejering kautaman yen wong tuwa iku kudu jembar segarane. Tembung sanepan (perumpamaan) wong tuwa kudu jembar segarane iku wis kaprah keprungu ing satengahe bebrayan Jawa. Yen ana wong tuwa kliwat teker enggone nesu nganti milara anake sing luput, yen ana wong tuwa liyane sing nengahi, tembunge," Sabar. Kokpatenana anakmu ya mati. Piye ra piye, wong tuwa kudu jembar segarane, arepa dikaya ngapa lupute anak."
Akeh anak-turune wong Jawa sing ora mudheng marang tembung sanepan iku, kepiye nalare jembaring segara digunakake kanggo sanepane wong tuwa. Segara iku, kanggone wong sing ora ngerti, mesthi reged, rusuh, akeh larahane sing asale saka katut iline banyu-banyu kali sing kabeh nyemplung segara. Ing sanyatane ora mengkono. Segara iku resik saka sawernane larahan. Kabeh larahan sing mlebu segara gage diuncalake minggir dening ombake,dibuwang menyang gisik, pesisir. Larahan iku sanepane piala utawa kaluputane wong sing ngenani awake, sing tumuli dibuwang kareben ora ngrusuhi atine. Yen durung bisa kaya mengkono, tegese, durung bisa dadi tuwa sing sugih pangapura.
Lakuning ombak (lakuning rasa) yen mung kanggo mbuwang rereget, iku aran ombak sing becik. Yen anane ombak becik, mung kanggo ngresikake banyu, kapal-kapal lan prau sing lelayaran uga slamet. Seje karo yen ombak gedhe-gumulung , segara kaya kinebur, kapal-kapal lan prau njempalik, kerem. Ya mengkono iku sanepane wong tuwa sing durung bisa dadi tuwa. Sing durung bisa lerem, ngumbar hawa napsune keliwat-liwat, gawe kapitunane ngakeh. (*)

Kamis, 26 Agustus 2010
GURITANE SIMBAH
simbah gawe guritan
kanggo kabeh anak-putu ing paran
jare simbah :
paran ya ing sadawane dalan
ya dalane menyang lan mulih
ngambah alas setra gandamayit
sing kebak begalan dhuwit
nanging simbah ora bisa nulis
nyambat tanggane nulis ukara rong baris :
O...ALLAH, NGGER, KOK PADHA TELER
YA BEJAMU, YA CILAKAMU
jare simbah :
beja sugih mbrewu, kaya wis dadi takdirmu
kasar kethuling rasamu, dadi cilakamu.
(Bojonegoro, 2010)
Cathetan :
Gawe guritan ora angel, kabeh wong bisa yen duwe niyat. Ukarane cekak-cekak nanging diangkah mentes, ana isine. Ukara guritan (puisi) nimbulake imajinasi ing pemaose. Mikir-mikir, nggrayangi, apa maksude ukara iku? Bisa wae pemaos nduweni imajinasi sing beda karo imajinasine penulise. Malah bisa uga, saka 10 pemaos, ana imajinasi cacah 10 sing uga beda-beda siji lan seijine. Iku kena wae, ora masalah kanggone karya seni.
Ana penyair sing seneng nggunakake ukara dhakik-dhakik sing angel digrayangi pemaose. Kaya-kaya sing ngerti mung sing nulis dhewe.Kang mengkono iku ya kena-kena wae, sah-sah wae, awit saben penyair nduweni gaya (cara) dhewe-dhewe kanggo nyuntak gagasane rupa karya tulis.
Lan ya ana sing seneng nggunanake ukara sing mayar-mayar, gampang ditampa saengga bisa gampang enggone nggrayahi isi ing njerone. Ukaraku ing guritan kasebut ndhuwur, ya mayar-mayar wae, niyat taktulis ing kene kanggo kanca-kanca fesbuker. Karo kena kanggo tambahe pangerten marang sing kepengin ajar nulis guritan (puisi). Pokoke bebas tenan ngesok gagasan ing fesbuk ngene iki, ditulis dhewe, diredakturi dhewe, disebarake dhewe....,tur ya bebas tanpa sensor. Murni, tus, asli, gak ana tangan liya nggladhig ngedhit utawa nyampuri enggone berkarya.
Dene Guritane Simbah ing iku, genahe mengkene :
Simbah sing buta hurup, bisa tutur apik marang anak-putune sing urip ing paran. Sing diarani paran, ya ing ngalam ndonya iki, sing diliwati wong urip kanggo bali mulih menyang asal-mulane, mbesuk. Sing ati-ati, awit lakune urip ngliwati alas setra gandamayit sing kebak sawernane godha. (Ing crita wayang purwa, alas Setra Gandamayit iku diratoni dening Bethari Durga (Buta Wadon panjilmane widadari, Dewi Uma saka Kayangan). Ing alas kuno, akeh lelembut lan buta sing dadi reh-rehane, bangsane ilu-ilu banaspati, gendruwo, wedhon, thethekan, jrangkong, glundhung pringis, jim periprayangan lan liya-liaye. Sapa sing liwat, wis mesthi diganggu...). Kok ing guritan iku ana tembung : sing kebak begalan dhuwit, wis genah, yen alas Setra Gandamayit ing guritan iku, pasemone jaman saiki sing kebak wong mbegal dhuwit ( korup ; pungli lan sawernane sing kadonyan, melik darbeke liyan ).Yen enggone mbegal butuh dhuwit, ya wis genah yen iku dudu bangsane jim-gendruwo-wedhon sing ora katon.Genmah yen ana wong sing uga wis dadi andhahane Batahari Durga.
Senajan wis ora kurang-kurang pituture Simbah, kok ya meksa ana sing teler,mendem kadonyan. Nganti Simbah muni : ya bejamu, ya cilakamu. Beja uripe ing ngalam ndonya dene bisa sugih bandha-donya. Nanging bandha-donya sing gawe beja iku, l uga gawe cilaka saka kethuling rasane dene ora ngerti ing kautaman.
Mengkono cathetan sethithik bab guritan iku sing sabanere ora perlu takbeberake kaya mengkono. Ora tau ana, gawe guritan kok dibeberake dhewe. Perlune, kaya sing wis taksebutake ing ngarep, sing maune wedi gawe guritan, kareben suda wedine yen gawe guritan iku sabenere ora angel. Gebres wae ya bisa dadi guritan.
Hassssszzzzzinggggg !!!
Apa?! Anjing, katamu !
Hassssszzzzinggggg !!!
O....,kurasa menyindirku anjing!
Hassssszzzzzinggggg !!!
Bajingan kau!
Ingusmu mengotori dasiku !

Minggu, 22 Agustus 2010
CATHETAN
Ana sawijining penyair sing kesengsem sawuijining wanita kang sepisanan diweruhiing sawetane kandhang. Wanita iku omahe ing saelore bengawan Sala. Sawuse bisa tepungan lan asring didolani menyang omahe, penyair iku nulis guritan(puisi Jawa) kanthi ukara mengkene :
CATHETAN ( I )
ing sawetane kandhang ati kebimbang
pikir mblayang kedharang-dharang
takluru tekan papan dunungmu
dhuh wong ayu, jebul wis ana sing ndhaku
oalah
ati semplah
pikir liwung nandhang wuyung
turut lurung kesandhung-sandhung
gragapan tangi, setengah ngimpi
wis kebacut cumithak ing telenge ati
ayu mblongor ing brang lor, pupuran wangi
apa bisa ketemu ing dina mburi?
CATHETAN ( II )
madu ing lambemu
wis kadhung takulu
campur lan getihku kang umob
manjing ing ragaku
manjing ing jiwaku
tekan puputing umur
tekan lawange kubur
nanging aku ora ngerti
apa kuburku bakal koktangisi?
CATHETAN ( III )
ing pinggir bengawan
takuncalake kangenku katut iline banyu
kumampul nyanthol-nyanthol lan kelem
gawe ati njarem.

TUWA TUWAS
WONG urip yen wis tuwa (ngenteni metune nyawa), lagi nggetuni marang sawernane elakone kang ala. Getun anane, lagi bisa mikir jero : kok sing ngana-ngana kae, bangsane sing maksiyat nganti taklakoni mung saka nuruti rasa kemrungsung. Tibake, suwening-suwe, akhiring wong urip ing ngalam ndonya iki kok ya mung kaya ngene. Tuwa, ringseg, lara kabeh. Asil kesenengan saka sawernane laku maksiyate wis embuh parane, abot dadi sesanggane atine. Apamaneh anak-anake sing biyen digedhekake lan disekolahane ( dikuliahake) nganggo dhuwit sing ora bener, padha ora ngreken sing tuwa saka (mung) nuruti repote dhewe-dhewe...Anane mung kari getun-keduwung, kethip-kethip mripate nyawangi wuwung sing ngejojor kaku, sing ya bakal mengkono iku awake, kaku digotong kang ateges wis rampung engggone dadi wong.
Yen digagas luwih landhung...,kok isih apik wuwung omah iku tinimbang awake sing tansah nerak-nerak,nabrak-nabrak, ora weruh ing sarak (larangan). nDadekake uripe ora kepenak, tiba babak-bunyak, tambah rusak...,lara ngglethak, tangga-tanggane emoh nyedhak, saka wis padha weruh watake sing mulang-sarak, kemethak ora weruh tangga lan sanak. Bojone uwong ya digasak.
Oalah...,tibake kok ya mung kaya ngene entek-entekane.
Sakehing dosane bakal ditanggung dhewe.
Untu ompong : tandha yen wis arep digotong. Rambut putih : tandha yen wis arep mulih. Mripat bawur : tandha yen wis cedhak lawange kubur. Awak kesel : tandha yen wis arep dibuntel ( saka wis tuwane,ora kuwat ragane, gampang kesel). Oalah.., nyuwun ngapura dhuh Gusti Allah .Sakathahing dosa kula ingkang sak-ambrah-ambrah. Lan nggih nyuwun ngapura dene kula mboten nggulawenthah, ngantos anak-anak kula sami mblangkrah.
Oalah..., Mah, Kimah... Kowe saiki neng ndi, apa isih urip?, grenenge kelingan Sriamah, randha cedhak kantore biyen sing tau ngentekake bayare lan korup dhuwit kantor. Saiki, watuk cekah-cekeh, dhadhane seseg, kok ya isih kelingan Sriamah sing biyen ayu nduleg.Randha anak siji asal saja Ponorogo. Biyen, umure Sriamah watara 30 taun, untu dhuwur sisih kiwa ana sing gingsul. Yen ngguyu, manise saya dudu-dudu, gawe sirahe ngelu. Cekot-cekot, cintane tambah abot. Cleng-cleng, saya gawe gendheng. Pikir peteng, dana bantuwan desa ya di-pleng, mung kanggo nuruti seneng.
Oalah, Mah, Mah...
Guyumu kok ya renyah
Rai padhang, sumringah
Dadine saya tambah kelingan Sriamah
Wis ora mbacutake enggone njaluk sepura Gusti Allah
Saya tambah kelingan Sriamah
Wis ora mbacutak\take enggone njaluk sepura Gusti Allah.
Ya kuwi sing arane tuwa tuwas, tuwane ampas ampas.
Sedhela maneh amblas, bablas.
Uripe ora duwe tilas.*
------------------------------
------------------------------
Cathetan :
wuwung = (bubungan rumah), perangan omah sing melu berjasa kanggo ngayomi wong sajrone omah.
tilas = tipak (bekas kaki), maksude : uripe ing ngalam ndonya ora duwe tipak tinggalan sing apik.-

Jumat, 20 Agustus 2010
CANGKEM
MANGSA ketiga, panas sumelet, apamaneh ing tengah sawah. Banyu ngombe sangune Joyo Kadut sing maune kari setengah botol mung kari sethithik awit dijaluk nDimun, tangga sawah sing ngelak ngorong. nDimun diakon ngombe dhewe ing botol Aqua njero gubug, mula Joyo Kadut ya ora weruh kari sepira banyune ing botol. Bareng kepengin ngombe, weruh banyune mung kari sacingkir, Joyo Kadut nggremeng misuh-misuh.
"O....,asu! Kok ra dientekna pisan, diulu sakbotole!" pisuhe Joyo Kadut sing dhangir kacang.'Sabane sawah kok gak nggawa dhewe. Njagakna jalukan, ya penak! Banyu cara saiki tuku, isi ulang, kok njaluk!"
Pisuhe Joyo Kadut iku yen digagas sabenere ora ana gunane. Malah mitunani awake dhewe .Enggone eklas dijaluki banyu ngombe, ora ketang sepira, bakal oleh pituwas (sembulih/ganjaran). Malah bisa uga kabecikane tulung banyu iku wis dicathet ing buku-NE, kana. Bareng misuh-misuh kaya mengkono, cathetan apik ing buku bisa uga terus ditip-ex. Kanggone wong sing bisa mikir, mengkono iku rugi, ilang cathetan apike. Mangka arepa enggone misuh ping suwidak jaran punjul kebo, sisa banyu ngombene ya ora bakal owah, ora bakal tambah. Kudune, yen miturut piwulang becik, ora perlu ngresula weruh sisane banyu, trima meneng. Sukur ngucap alhamdulillah..., dene banyune kok isih ana, isih disyukuri , tinimbang entek resik.
Gunemen ala lan guneman apik iku, sabenere padha-padha ngobahake uwang. Padha-padha mangape. Omong ala,mangap. Omong apik ya mangap. Tinimbang ya padha mangape, ya luwih prayoga yen omong sing apik.Tinimbang ngrasani alane wong, ya luwih apik ngrasani apike uwong, wong ya padha mangape. Omong sing apik-apik, sing migunani tumrap awake dhewe lan ya migunani tumrape wong sing diajak omong. Ora kok malah cathetane sing apik malah ditip-ex utawa disuda bijine, saka klerune.
Akeh wong sing maune eklas tetulung, lillahi taala. Nanging bareng atine kagelan, terus ngundhat-undhat. "Apa matamu ra melek nek tau taktulung rena-rena...Merema matamu, ya eling utegmu! Kok ming kaya ngono walesmu nyang aku! nDang muni, nek pengin takjejeli watu cocotmu!"
Pisuhe ya ndhridhil, lepas kendhali. Ilang kabeh cathetane sing apik-apik enggone tetulung biyen, ditip-ex sakala. Mangka gawe kabecikan iku angel yen ora diniyati, cathetane sing apik kok dibuangi dhewe. Apa mengkono iku ora gawe rugine awak dhewe? Gela kena, nesu kena, ora maido, arane wong urip. Mung wae aja ngundhat-undhat enggone nate aweh pitulungan.
Ya anane prakara sing cilik-cilik mengkono iku sing ndadekake wong sembarana,ora mikir rugine. Tekan sing jenenge genduren, ya ana sing salah weweng. Genduren cara desaku, kejaba oleh brekat, nganggo diaturi dhahar yen kajate gedhe, sunatan apa mantenan.Kancaku sing lungguh ing sandhingku, nalika arep mangan, lambene ya muni, bismillah...Bareng wis nyendhok sega, nyamuk-nyamuk...,sakala misuh nyandhak iwak oleh rongkong, akeh balunge." Pathake siset. Joh-njaran. Balung ah, nggonku." pisuhe alon kaya nggremeng."Nggonmu apa?" semambunge karo nginguk piringku.
Lha hiya, mangka sabane ya langgar. Lha terus ing endi dununge tembung bismilllah kuwi mau? Bismilllah ing cangkeme kok kalah karo balung rongkong. Ngono kuwi ya ana ,jenenge cangkem uwong. Mangka tembung CANGKEM, jarwadhosoke : nek dicencang, mingkem, mengkono jarene. Dicencang, maksude, ditaleni ( dikendhaleni ) , aja nganti waton ngucap yen enggone ngucap gawe rugine dhewe. Becik mingkem, meneng, awit wong memeng iku akeh bathine tinimbang mangap sing akeh klerune.*

ISI NANGING KOTHONG , KOTHONG NANGING ISI ( 2 )
WONG kang nduweni kasenengan kang wis manjing ing jiwane, kasebut ISI. Isi kuwi mau, kanggo gampange rembug amrih gampang ditampa , bissa kaumpamakna warna. Apa isine IJO ; apa isine ABANG ; apa isine PUTIH , lan sapanunggalane. Mengkono uga tumrape wong kang nggilut sawenehing agama, arane ing jiwane wong mau ya ISI agama. Agama apa, ya gumantung agama sing dianut jalaran akeh wernane agama. Agama iku ageman. Ageman iku sandhangan, hiya sandhangane ngaurip , kanggo sampurnane urip yen padha temen mituhu nindakake Dhawuh (Sabda) kang kinandhut jroning agama . Kabeh agama apik awit padhadene nggegulang kautaman. Isi tuntunan marang perlune nindaake sing becik lan nyingkiri kang ala kareben ora rusak uripe. Krembyah tumandang nindakake sakehing Dhawuh iku nduweni aji kang luwih dhuwur tinimbang mung rame ing ucap ,ngecuwes mung kanggo pepantes, mung bengak-bengok karo ndhodhok, laku-lakune nggayuh kautaman ora dilakoni. Agama iku ageman, yen ageman iku ora dienggo (kaya mung dicantheklake cagak) arane banjur kepiye? Wuda ote-ote, saru dinulu.
Mangkono Sang Guru mbacutake enggone nggegulang pangerten marang cantrik-cantrike ing padhepokan pucuk gunung kang hawane seger. Ora ana kewan galak sing wani saba ing sakupenge padhepokan, kalah dening prabawane Sang Guru, wong linuwih sing wis bisa ngregem gelaring jagad dadi kari samrica jinumput.(Seluk beluk seluruh isi dunia dan kehendak yang Kuwasa telah digenggamnya). Ya amarga saka enggone wis sugih ing kautaman, remen nindakake darmaning ngaurip minangka pangabektine marang Kang Akarya Jagad : sawernane godha padha lunga; kewan galak wedi nyedhak.....Yen sira isi ABANG, sira iku ABANG, sira ora bakal ngilangake
HONG WILAHENG SEKARING BAWANA LANGGENG
KEMBANGE JAGAD HIYA KEMBANGE LANGGENG
Langgeng asmane kaya kembang mekrok sing ora bakal alum, dadi patuladhan. Senajan bener akeh kemruwet cacahe wong ing ngalam ndonya, mung sethithik kang atekat waja nggeguru mungggah pucuking arga, kepencut ngupadi kawruh ISI NANGING KOTHONG...
kang bisa gawe jiwa mencorong ( penuh cahaya aura ).
..............................
..............................
Sang Guru mbacutake mejang ilmu :
APA kang dadi isinira, kang manjing ana ing jiwanira ,senajan ta sira banget senenge marang isinira., iku ora kena kanggo poathokan maido liyan.Sira kudu bisa mardika ( bebas) kanthi "nyelehake " isi iku. Aja kleru ing panampa, tembung nyelehake iku ora ateges mbuwang utawa nyingkirake. Anane ISI isih meger-meger ing jiwamu jalaran pancen wis manjing ing jiwamu. Tegese, yen sira iku isi IJO, apa ABANG , apa PUTIH...,sira kudu bisa ngothongake jiwamu kang ateges : sira tanpa warna.
Mara coba, waspadakana...., semambunge Sang Guru karo nuduhake kaca bening kang aran Kaca Wirangi, kaca pengilon kang banget bening. Wong kudu bisa "ngothongake" jiwane kaya Kaca Wirangi iku. Kanthi mengkono, yen warna abang mara, kaca uga bisa abang (senajan sabenere kaca iku ora abang). Warna IJO mara, kaca uga bisa IJO (senajan sabenere kaca bening iku ora rupa ijo).
Mengkono uga padha pangrengkuhe marang warna-warna liyane. Putih, kuning, biru lan liya-liyane bisa ditampa kanthi becik, ora ana sing ditampik. Tanpa nganggo mbedak-mbedakake, tanpa nganggo milih endi sing disenengi lan endi sing digethingi.
Wong urip, yen enggone nyawang gelaring jagad kanthi pathokan apa sing disenengi,anane mung bakal kemrungsung,jalaran weruh apa-apa sing ora padha karo sing disenengi. Malah uga sing kosok-balen (bertentangan) karo apa sing diugemi,sing disenengi. Dadine malah saya kemrungsung mengkap-mengkap dhadhane, nesu, dhemo,rumangsa diina.(Mangka sabenere,ya ora ana sing ngina.Ya mung merga beda kesenengan).
Patrape wong kang wis bisa ngothongake isi mengkono iku, anane mung meneng saka beninge pikir lan alusing rasane.Kaca ketekan bajingan, ya bisa ditampa,kaya ya ana bajingan ing njero kaca, senajan sabenere bajingan iku ing sajabane kaca. Weruh pelacur,begengggek,balon apa upruk arane yen cara Bojonegoro, kaca bisa nampa upruk, katon kaya upruk,nanging si kaca dudu upruk. Kuwi tegese, wong urip sing wis bontos kawruhe,alus rasane, awas pandulune..., bisa nampa sakabehing kang ana ing ngalam ndonya, tanpa gething lan uga tanpa rasa seneng. Nyelehake ati ing antarane seneng lan gething, yaiku pasinaon gedhe sing banget angel lakune nggayuh yen ora ngerti cara-carane.
---------------------------------------
(bersambung)

Kamis, 19 Agustus 2010
WEDOKAN
IKI ana prakara wigati sing perlu disumurupi dening kabeh kanca lanang. Prakara wanita, sing pancen werna-werna watake. Nanging aja pisan-pisan keprojol marang wong wadon, mundhak aku diujar-ujari, dianggep mbukak rahasiane.
"Alah..., paling-paling mung arep omong saka buku nek sing rambute brintik , watake, akeh geleme dijak slingkuih. Kuwi wis mbokomomg," semaute Sular, kancaku, wong PLN.
"Ora kuwi kok."
"Sing cangkeme mblawah amba, watake, moh dikalahna wong lanang. Kabeh wong lanang mesthi mengkeret, kalah karo bojone nek cangkeme bojone mblawah amba," semambunge Sular.
" Ayo omong neng warunge lik Mo, karo ngopi kothok," tembungku karo mancal spd montorku sing mogak-mogok.
Takkandhakake yen sing arep takomong saka buku kuna sing diwaca Pakdheku , nganggo aksara Jawa sing ora kabeh wong bisa maca. Isine ngenani watake wanita sing beda-beda ing bab asmara.
"Wah,penting iki. Seneng aku. Piye, piye...," Harno sing nggames wedokan langsung ngangseg kaya ora sabar krungu bacuting kandhaku.
Senenge wong wadon marang wong lanang iku beda-beda,kaya wis kinodrat, gumantung saka watake dhewe-dhewe. Ana watak lima cacahe, aran WIRYA : RAHSA : GUNA : DANA lan WARNI.
"Wadhuh...,tekan Warni barang. Seneng aku. Warni ki rak anake lik Warno, sing ayune sadubilah, ra umum.Ayu mblongor, menthur, entute ya gak mambu blas," semaute Harno,kancaku wong Perhutani." Aku ya tau diujar-ujari Warni. Ning aku ya mung ngguyu. Ora apa-apa, gela ya ora, nek sing ngujar-ujari ayu."
"Ya, wong rupamu kaya wedhus. Ra isin." Sular ngelokake.
" Ha ha ha ha....." guyuner benghkah. Ora isin ngaku, malah nyekakak.
Terange mengkene :
1. WIRYA tegese kaluhuran. Wanita iku seneng marang wong lanang sing duwe drajat-pangkat sing ngungkuli pangkate sing bojone. Apamaneh bojone mung tani, utawa mung ngojeg, kok dikedhap-kedhepi wong pangkat, mangka watake wong wadon iku seneng marang drajat- pangkat , bisa akeh katute, jebol imane. (Jane nalika isih prawan, idham--idhamane kepengin duwe bojo wong pangkat,ora klakon....).
2. RAHSA tegese rasa. Senenge marang wong lanang kegawa saka bangete seneng marang rasa, jalaran pancen wis dadi watake wiwit lair procot ing ngalam ndonya, dhemen marang rasa. Merga wis bosen, kurang marem karo bojone. Lha, dadi gampang katut, kepencvut wong lanang liya. Oraa duwe pangkat ya gelem, cah angon ya gelem, wong butuhe mung rasa.
3. GUNA utawa kagunan, tegese, kepinteran. Lair procot wis cinorek watake, seneng marang kapinteran. Wong wadon kang mengkono iku ,seneng marang wong lanang sing pinter, sugih kawruh, sing ngungkuli kapinterane bojone. Bojone SDMe rendhah, kok neng ndalan, dicethot wong lanang pionter, lha, ra isa turu, kethap-kethip karo mecucu nyawang bojone sing ora duwe guna kapinteran.
4. DANA utawa sardana, sing tegese sugih dhuwit, sugih bandha-donya. Sing lair procor watake kadonyan, ya seneng marang wong lanang sing sugih. Kok bojone mlarat, catho-cartho uripe...,halhah..., iming-imingi dhuwit, akeh semrinthile. Nanging nek mung wong pinter utawa wong pangkat, nek gak gableg dhuwit, ya akeh emohe,wong watake mung seneng dhuwit.
5. RUPA, tegese, seneng marang rupa bagus, rupa nggantheng, sing baguse ngungkuli rupane bojone. Wong wadon sing watake gampang kepencut marang rupa bagus, malah gelem torog, cucul dhuwit utawa apa wae ora eman, kanggo nyenengake wong bagus sing diedani, digandrungi .Ora butuh njaluk dhuwit, butuhe diladeni, saka nuruti senenge ati.
....................................................................................
Senajan wis jlentreh kaya mengkono, Sular ya ngengkel, unine," Kabeh wong wedok ya seneng dhuwit. Gak enek sing ora seneng. Nek ruh dhuwit ya ijo matane.Bojoku ya ngono, malah nemen. Ruih dhuwitku limangatusan ngglindhing nyang sor amben, ya gage dibrosoti."
" Pancen ora ana wong wadon sing ora seneng dhuwit, merga kabeh wong wadon ngubetake butuh .Sing takrembvug iku mau prakara beda-bedane watak, ora prakara dhuwit. Dadi aja mbokgebyah-uyah padha asine yen wong wadon iku mesthi gelem diiming-imingi dhuwit .O...,kleru nganggo banget. Nggodha wong kok ngawur..., ketanggor sing ora seneng dhuwit, ya diujar-ujari tenan. Soale sing digodha iku watake seneng marang kapinteran. Menenge nek digodha wong pinter, nglumpruk,manut. Tanpa dhuwit ya gelem. Metu bareng, yen njajan, ya genti-genten sing ndhuwiti."
"Kula taktangklet,kadose kok gayeng sale rembagan," wong tuwa Harjo Kamin sing ngopi ing pijokan,sumela.
"Nggih, pripun,mBah?"
"Sedaya niku wau leres. Lampahing tiyang gesang menika gumantung ing watakipun. Ewasemanten, menawi kiyat imanipun minangka betenging manah , digodha rak nggih mboten mesthi gampang."
”Leres, mBah... Gumantung betengipun, moral, iman. Nanging wonten bedanipoun awit saking wontenipun watak menika wau."
"O...,dos pundi?" pitakone sawuse ngakep udute ,rokok klobot.
"Ingkang watakipun remen rupi bagus, kok digodha pak Camat, senajan duwe pangkat, ya emoh wong rupane camate pecos. Ora butuh dhuwit, ora butuh pangkat, senenge rupa bagus. Senajan imane wong wadon iku mau sabenere ringkih, ya ora katut pak Camat. Olehe emoh iku ora kok merga kuwat imane, nanging merga moh weruh pecose. Nanging bareng weruh wong bagus, mangka wong bagus iku ora nggodha, malah dheweke sing klabakan nyegat-nyegat, mbuk ethok-ethok apa, isa ae. Apamaneh nek sing bagus iku sing nggodha, bar tenan, dhadhal sakala., ambrol..... Kaya oleh gempuran sing hebat , mematikan. Serangan sing memastikan mbutuhake benteng moral sing luwih dene kuwat... Ya bisa, ning abot banget sanggane." tembungku akeh ngokone kaya taktujokake kanca-kancanku.
mBah Harjo manggut-manggut, buleg rokok mbrubul metu saka irunge.
Taksruput wedang kopiku, jam sepuluh bengi ing warung pojok desa. Swara Tadarus kempyung saka langgar-langgar, wulan Romadhon iki. Takbacutake rembugku, yen KESENENGAN iku padha karo KELEMAHAN. Yen kepengin weruh kelemahane wong, sawangen apa KESENENGANE wong iku. Seneng ngombe; seneng main kertu; apa seneng wedokan kaya Harno iku. Harno kok dithuki inuman arak ,bir,jeneweer...,ya ora diambus. Jajal nek dithuki wedokan, manut, wong neng kono kuwi kelemahane. Kok pengin njatuhnya Lurah, umpamane, setitekna, apa senengane Lurah. Kok seneng main kertu,ya dipancing, jak main kertu, wus mesthi geleme....Ora ngertiya wis ngontak polisi. Tangkep polisi, bar...,wis. Kurang bejane, ilang beslite, ilang bengkoke,* (Djajus Pete,Bojonegoro)

Langganan:
Postingan (Atom)