ING sawijining fakultas, ana profesor sing banget ahli babagan ula. Sawernane ula ing ngalam ndonya,ngerti lan apal. Dawane sepira,bobote sepira, warna kulite kepiye, duwe upas apa ora. Yen duwe upas, sepira mandine upase lan uripe ana ing benua endi, ing negara endi, weruh kabeh. Bebayane upas ula mandi sing gawe lumpuhe syarap, apal, ula-ula apa wae sing klebu ula mandi. Tekan jeneng-jenenge ula sing ora padha ing negara siji lan sijine, ya ngglodhog di luar kepala.
Tampilkan postingan dengan label Lelucon. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Lelucon. Tampilkan semua postingan
Minggu, 05 September 2010
LELUCON (1)
NALIKA aku isih dadi guru, ya seneng mulang tembang Jawa. Marang klas I, II.lan III, sing mathuk ya tembang-tembang dolanan,bangsane Sluku-Sluku Bathok, Menthok-Menthok, Jamuran, utawa Gajah-Gajah. Ukarane, yen Gajah-Gajah, ya mengkene :
Gajah-gajah, rene takkandhani, Jah
Mripat kaya laron, siyung loro, kuping gedhe
Kathik nganggo tlale
Buntut cilik, tansah kpopat-kapit
Gajah-gajah, rene takkandhani, Jah
Mripat kaya laron, siyung loro, kuping gedhe
Kathik nganggo tlale
Buntut cilik, tansah kpopat-kapit
Langganan:
Postingan (Atom)