Jumat, 22 Oktober 2010

Cerkak : KADURJANAN

           WONG ayu Wara Lestari mati kaprejaya. Beritane kaemot ing koran-koran lan majalah. Dhukun Khosin kang ngaku merjaya wis dirangket polisi. Keterangane polisi marang para wartawan, anane Khosin tegel tumindak mengkono jalaran peteng nalare.  Ngakune , bingung  duwe utang diuber-uber terus. Merga jengkel mung pijer disemayani, Wara Lestari ngancam arep lapur polisi. Khosin  semrepet diancam mengkono. Muntap, Wara Lestari terus dikepruk sirahe nganggo pipa wesi.
             Wartawan dililani  motret Khosin lan barang bukti pipa  wesi. Visume dhokter mratelakake, kejaba Wara Lestari tinemu ngandhut 3 wulan, sirahe  benthet 10 sentimeter. Ngalami pendharahan otak engga tiwas sanalika.  

Minggu, 17 Oktober 2010

Cerkak : K U K U H

           SAKA 300 wit sanakembang sing diborong Rp 5.000.000,- dening juragan kayu bakar, wis ana  200 wit sing ditegor kuli-kuline. Panegore diwiwiti saka elor, wis ngliwati warung satene Abu Bakri, malah wis kliwat adoh mengidul tekan cedhak pasar Kedungadem. Nanging wit  sanakembang ing ngarep warunge Abu Bakri isih meger-meger. Weruh mengkono, Mansur,Satpol PP Kecamatan sing lagi liwat, merlokake mandheg.
          "Wit iki  kliwatan apa njarag dicoloti?"
          "Takona nyang pemboronge," wangsulane Abu Bakri ipit-ipit mbakar sate.
          "Ngene iki gak apik sawangane."
          "Lho! Pengijoan kok ora apik. Kowe kuwi pejabat, tembungmu kok kwalik. Sing bener ah, yen omong. Apa apik yen panas enthak-enthak kaya lor kae?"
          "Ngene iki sing dirasani ala wong kecamatan. Dikira wong kecamatan sing pilih kasih. Kabeh ditegor kok sing iki ora, bisa dimerekake kiwa-tengen," semambunge Mansur klepat nglungani, mancal sepedha motore, ngethihir ngidul. Atine cekot-cekot dipancal rembug Abu Bakri tilas kancane sekolah ing SMA, lulus taun 1970.

Kamis, 14 Oktober 2010

Cerkak : D H E L E K A N

             NALIKA aku umur 10 taun, aku weruh susuh manuk kethilang ing pekarangane Kainem, kancaku sekolah klas IV,SD. Susuh manuk iku taktuduhake Kainem lan Kainem takwanti-wanti aja nganti susuh manuk kuwi diundhuh bocah.
             "Ya. Aku arep muni nek wis mbokdheleki," wangsulane Kainem sing nalika semana nggendhong Sriyatun, adhine,  umur 4 taun.
             Sriyatun mekrok dadi prawan ayu sewelas taun candhake, klas III SMP Ngawi. Sore-sore Sriyatun mlaku bareng karo Kainem, mulih matun saka sawah, papagan karo  aku.
             "Adhimu kok ayu, Nem. Umpama takdheleki ngono piye? Suk takundhuhe yen aku wis diangkat dadi guru."

Cerkak : G R O N T O L

             WIWITANE mung sepele. Mung perkara grontol. Nanging gawe kagetku dene grontol mlebu lestoran mewah ing Jakarta. Pangiraku ing sakawit, grontol ing lestoran mewah iku mesthi kanthi dimasak luwih istimewa dening kokine. Bareng takjajal, jebul ora beda  kaya grontol-grontol ing desa. Malah isih gurih grontole mbah Yem, tanggaku cedhak.
            "Iki disediyakake kanggo turis, Mas. Turis umume rak seneng ngicipi sing sarwa tradhisonal," ngono kandhane Hartono tilas kanca guru SD sing dadi wartawan ing Jakarta.
            "Layak regane larang. Saporsi  rong ewu, nganggep turis kandel dhuwite. Mangka yen ing ndesa, saporsi ngene iki padha karo telung tum, mung satus seket repis," tembungku kelingan grontole mbah Yem sing saktume Rp 50,-

Cerkak : B A P A K

            SENGITE simbok marang bapak ora dudu-dudu. Saka sengite nganti nesu-nesu bareng weruh fotone  bapak sing takpasang ing ruang tamu.
            "Ngapa kok potone wong Pojok dipasang. Nyepet-nyepeti. Masang rak ya potone mBahmu. Apik. mBahmu sing nggedhekake kowe, sing minterake kowe. Dudu wong Pojok sing ra urus kuwi!" tembunge simbok wegah nyebut jenenge bapak saka sengite. Yen ngucap ngrasani nyebute : wong Pojok utawa anake Kartonyo.
           mBah Kartonyo, mbahku Pojok, wong tani sugih. Anake pitu : Inem, Samijo (bapakku), Inah, Jeber, Yayek, Sabirah lan Samino. Sawise aku lair, taun 1949, bapak dipethal  kanthi digawekake omah lan digadhuhi  tegal-sawah. Mengkono kareben bapak mletik pikire, ngerti marang tegese wong omah-omah, duwe tanggung jawab anak-bojo. Nanging bapak sing nggladrah panggah ora saba omah, dina-dina nglayap main kertu. Rong ndina, telung ndina lagi mulih yen dhuwite ludhes. Nggedhor dhuwit  maneh marang wong tuwane, ngamuk ngepruki apa-apa yen ora dituruti.

Selasa, 12 Oktober 2010

Geguritan-Geguritan Taun 1971-1973

PRAHARA

kapuk randhune rakyat
mabul-mabul ing ngawiyat.

(Minggon Kumandhang,Jakarta, 1972)



TANAH JAWA

lemah sacengkang kaya bis kakehan penumpang
sing ngadeg lan sing lungguh
kringete kaya diepuh
ungkepe, banget nyesakake napas
mentala sikut-sikutan lan tegel ngrampas.

(Minggon Kumandhang, Jakarta, 1972)

Kamis, 07 Oktober 2010

Cerkak : D A S A M U K A

            Anila mati.
            Anggada mati.
            Anoman klenger ketiban bindhi.
            Sugriwa ambruk glangsaran.
            Ramawijaya kendhang saka pabaratan
            ...............................................
            ...............................................

            MENGKONO lakon pakelirane Ki Bilung Sarawito kang gawe muntape penonton jalaran dianggep nyimpang saka kalumrahan. Penonton pating braok misuh-misuh, ngundamana Ki Bilung sauni-unine. Ana sing muni dhalang mendem ora ngerti pakem. Ana sing muni dhalang dhegleng, dhalang gendheng, dhalang edan njaluk disawat klethong kebo.
          "Wis! Wis!"
          "Ngawur! Ngawur!"
          "Kukut, Lung!  Kukut, Lung!"
          "Orat-arit kono gonge! Karuwan olehe kukut! Kemropok aku! nDeleng wayang ora marem malah kudu nothok dhalange!" guneme Dul Sabrang getem-getem.

Selasa, 05 Oktober 2010

WORO-WORO

BINCANG-BINCANG SASTRA EDISI ke-61 kali ini, bakal menghadirkan Pengarang Sastra Jawa Bapak Djajus Pete. Acara ini juga akan diawali dengan pembacaan cerkak karya-karya Djajus Pete oleh Yohanes Siyamto. Dilanjutkan Obrolan Seputar Pengolah Ide Kreatif Menulis Cerita, dengan dipandu moderator Triman Laksana. Acara ini bakal digelar 24 Oktober 2010, mulai pukul 19.30 WIB - 22.00 WIB, bertempat di Ruang Seminar (Taman Budaya Yogyakarta). 

 

INFO LENGKAPNYA SILAHKAN KLIK SAJA : http://www.facebook.com/home.php#!/event.php?eid=132236003492607&ref=mf

D H O R !


               KANG ngetik ing kamar iku sawijining pengarang. Lagi ngarang crita cekak ngenani pencurian kayu jati ing alas Perhutani. Grambyangane pikire, dawane naskah crita sing lagi digarap iku bakal rampung antarane nem tekan  wolung lembar. Wektu iku, tekan jam wolu bengi iku, enggone ngarang lagi oleh telung lembar.
            Telung lembar asil ketikane banjur disemak. Disemak wiwit saka judhule karo dibenerake yen ana salah  ketik. Judhulre : DHOR !

Senin, 04 Oktober 2010

P E T R U K

            KEJABA  dhalang, Ki Darman uga baud natah wayang kulit. Saka baude, akeh budhayawan lan para pinter kang gawok ngungun ndulu endah edining kreasi tatah sunggingane. Temahan  padha sapanemu nyebut yen Ki Darman iku hiya empune wayang purwa ing jaman anyar kiye. Garapane alus, tatahane ngremit-ngrawit. Kejaba kreatif nyanggit cakrik-cakrik wayang purwa, cakrik wayang yasane Ki Darman katon ekspresif. Mung wae snig bisa weruh lan ngerti bobot karyane Ki Darman ya mung golongane para winasis kang wis awas pandulu lan panggraitane.
             Ki Darman,  hiya Ki Darman Gunacarita. Lagi ketungkul gawe ngengkrengan  wayang Petruk ing jrambah cedhak lawang. Saka wis banget apale  marang sawernane wanda wayang, yen gegaweyan langsung diawang nganggo potlot minangka ancar-ancer.

Minggu, 03 Oktober 2010

K O P I K O T H O K

             Kejaba ana kopi kothok, ana uga kopi sing aran kopi cong. Padha bahane nanging beda carane nggawe lan ya beda rasane. Kopi cong, kopi sing carane nggawe : gula,bubuk ing gelas dicongi  (dicuri)  banyu panas. Yen banyune panas temenan, isih mathuk, nanging yen banyu panas mau ing termos gek wis ora pati panas, lha iki sing bisa gawe kembunge weteng. Mulane aku ora wani ngopi ing sadhengah warung  sing durung takkenal. Iku jalaran wetengku wis kadhung nyandu karo sing jenenge kopi kothok.
             Kopi kothok ana ing warung-warung kopi dhaerahku, Kab.Bojonegoro.  Carane nggawe : gula lan bubuk diadoni banyu luwih dhisik ing wadhahe,lagi ing sateruse digodhog. Yen ing warung-warung, digodhog ing morong  (panci khusus godhogan wedang sing ana danganan  lan cucuke). Digodhog  nganti mumbul metu unthuke. Aja nganti unthuke pecah ambyar, awit yen unthuke pecah,ngurangi rasa enake. Cara panggodhoge kopi mengkono iku gawe rasane luwih mat awit antarane gula lan bubuk bisa lebur temenan kena panas. Mesthi wae bubuke ora mung saangger bubuk, nanging saka kopi kualitas becik. Adate, ing warung-warung kopi iku bubuke saka kopi gorengan dhewe. Utawa tuku bubuk saka tukang slep kopi sing ana ing njero pasar sing adate uga nyepaki kopi gorengan.

GARA - GARA KAGIRI-GIRI

            Gara-gara !
            Bumi gonjing.
            Samodra kocak.
            Gludhug magenturan.
            Lesus lir pinusus.

            Lir kinebur tirtaning samodra, umob mawalikan, akeh buron toya kang padha mati kesrakat. Horeging bumi akarya rusaking pekarangan lan pategalan. Tanem tuwuh padha garing anggagrag. Sawah-sawah padha nela, dadi pandhelikane gegremetan mawa wisa. Sato iwen lan iber-iberan nglayung tan antuk memangsan. Pageblug njeblug sadalan-dalan. Jisim ambalasah. Bawana sintru. Peteng dhedhet!
            Bareng karo tibaning ukara peteng kang diucapake dhalang, dhop neon mati pet .Penonton alok gemrenggeng. Ana kang suit-suit. Ana kang bengok-bengok. Ana kang nylorat-nylorotake  lampu senter.
           "Ing swasana peteng, nuli ana cahya ijo cumlorot  saka akasa, gumebyarrrrrrr....,miyak petenge jagad!" semambunge dhalang ndhodhog kothak ngeget. Gendhing sampak manyura ngungkung binarung karo urube dhop neon.

B U N T U N G

             SAKEHING luwak padha ngumpul ing alas gundhul. Ngumpul dadakan saka anane prentah ndadak yen Bangkong, pimpinane, arep sesorah prakara wigati. Saka banget wigatine, kabeh luwak kudu metu ngrungokake., ngono prentahe Gangsir andhahan kinasihe Bangkong.
            Weruh Bangkong muncul tanpa buntut, kabeh luwak njomblak kaget. Kagete ora ilok nganti padha pating plongo lan takon-tinakon marang kancane, geneya pimpinane dadi kaya mengkono?
            "Buntut iku ora penting, ora ana gunane, mung ngewuh-ewuhi wae. Mula buntutku takbuwang supaya ing awak luwih kepenak dienggo mingar-minger," tembunge Bangkong langsung nggepok wigatining sesorahe.

T O P E N G

              PASAR RAKYAT digusur minggir saka tengah kutha. Sawetara bakul-bakul mogok, emoh ngalih menyang pasar anyar sing isih sepi.Sing mogok iku racake bakul-bakul cilik, padha nggelar dagangane kanthi lesehan ing sadawane trotoar ngarep tilase Pasar Rakyat.
             "Pasar wis apik-apik reja ing kene kok dielih menyang pinggir sawah, nDe karangan kok ra mathuk blas. Wong cilik wis angel golek pangan, kok malah disingkirake," mBah Dilah bakul dhawet kresah-kresuh.
             "Alah, ben, kok nggagas wong ngecemes nganggo corongan. Ngko nek meniren rak meneng karepe dhewe, mBah," semaute Tanem bakul gethuk ing sandhinge.