Senin, 01 November 2010

ANAK POLAH BAPA KEPRADHAH

            ING tulisan kang dhisik, wis taksebutake anane paribasan :   Anak polah bapa kepradhah  sing tegese : wong tuwa nemu reribet saka polahe anak. Ukara paribasan iku yen disemak saka siji-sijine tembung, sing  angel nggoleki apa tegese tembung  kepradhah awit tembung kepradhah iku wis ora kocap ing jaman saiki. Saumpama ana murid ing sekolahan sing takon marang gurune, "Kepradhah niku napa pak Guru, artinipun?"
           Wis mesthi gurune njondhil temenan, malah bisa uga terus  kemringet gulune. Nanging guru ora kurang akal, diwangsuli keri-keri sawuse gurune mbukak  Kamus basa Jawa ing kantor guru. Kuwi mau yen  ing sekolahan ana kamuse sing lengkap, ngemot tegese tembung kepradhah. Yen ora, gurune mesthi kethathalan ing njaba, takon-takon wong sing ngerti. Mangka yen ing jaman saiki,  akeh sing ora ngerti tembung-tembung Jawa lawas.       
 
           Ing Kamus Pepak Basa Jawa sing kandele  sabantal, 1113 kaca (halaman), disebutake  tegese tembung  pradhah, yaiku :

           pradhah        =    dhemen nyenyuguh ; loma ; dhadhag banget.
           dipradhahi     =   didhadhagi ; digagahi

           Kanthi mengkono dadi cetha yen tembung kepradhah tegese :  gelem  ndhadhagi  utawa  tanggungjawab saka polahe anake. Kok anake ngrusakake sepedhahe kancane, ya bapake sing ndhadhagi,  tanggungjawab ndandakake.

          Akeh tembung-tembung ing paribasan sing wis ora kocap ing jaman saiki. Ukarane ora kena diowah, ora beda kaya peribahasa ing Bahasa Indonesia. Anak-putune wong Jawa mung kari nirokake, senajan akeh sing pating pedongong ora mesthi ngerti kabeh tegese siji-sijine tembung. Adate, sing diapalake mung tegese (artine)  saka piwulange  guru ing sekolahan utawa saka kang tinulis ing buku. Mengkono uga conto paribasan ing ngisor iki, ana tembung-tembunge sing angel dingerteni  dening wong-wong saiki.

          1. Arep jamure emoh watange.
              (Gelem enake nanging emoh kangelane).
              watang iku apa tegese?
              watang = kayu prebatang (batang kayu) utawa uwit papan uripe  jamur.
              Mung dijupuk jamure sing enak ,kayune emoh.

          2. Ati bengkong oleh oncong.
              (Duwe niyat ala oleh dalan).
              oncong iku apa tegese?
              oncong = oncor ; obor ; uruping geni
              Duwe niyat ala, oleh dalan padhang dadi lan lancare.


          3. Blilu tau, pinter durung nglakoni.
              (Senajan durung ngerti,nanging bisa nindakake).
              blilu apa iku apa tegese?
              blilu     = bodho ; durung ngerti
              senajan bodho, ora pinter,nanging merga wis kulina, bisa nindakake.

          4. Bathok bolu  isi madu.
              (Wong asor nanging sugih kepinteran)
              bathok bolu iku bathok sing kepiye?

              Jaman  embah-embahe wong Jawa biyen, ana bathok sing khusus digunakake kanggo wadhah jamu.Bathok kanggo wadhah jamu iku arane bathok bolu. Bathok bolu sing isi  pait (jamu), lha kok legi, enak,  isi madu. Iku sanepane wong asor sing jebule sugih kepinteran. Yen ing crita wayang purwa, sing aran bathok bolu isi madu iku Kyai Semar. Tokoh prasaja, wong desa, saka desa Karang Kedhempel. Bathok, piranti lumrah sing panggonane ana ing lemah,ana ing ngisor, sok disempar, disandhung, disadhuk, kaya ora ana ajine. Seje karo bangsane balapecah sing ana regane, gelas  piring mangkok sing diemi-emi  ing ndhuwur rak ,ndhuwur meja. Pas banget embah-embahe wong Jawa nggunakake bathok kanggo sanepane wong asor, wong cilik sing ora mbejaji. Nanging ora ngira, jebul duwe kepinteran sing ngeramake.
             Murid ing sekolahan, utawa sapa wae sing kepengin ngangsu kawruh basa Jawa, yen gurune utawa wong sing ditakoni bisa nerangake jlentreh kaya mengkono, wis mesthi nges, bisa gamblang banget pangertene. Ora mung saangger ngapalake teges-artine (*)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar