Embah-embahe wong Jawa, marisake paribasan (peribahasa) Jawa akeh cacahe sarta apik-apik ukarane. Ora mung saangger gawe ukara, nanging tatanane ukara banget digatekake tekan guru lagu (ritme ; irama ) .Dhong-dhinge swara lagu ( bunyi) ditata amrih kepenak dirungu. Contone ing ukara paribasan iki :
1. Kebo ilang, tombok kandhang. ( ang - ang )
(Kelangan barang digoleki ora ketemu,malah kelangan ragad kanggo nggoleki).
2. Lengkak-lengkok, ora wurung ngumbah popok. ( ok - ok )
(Ditari rabi maune emoh-emoh, sidane malah gelis duwe anak).
3. Buntel kadut, ora kinang ora udut. (ut - ut)
(Nyambut gawe borongan, tanpa mangan tanpa wedang).
4. Anak polah, bapa kepradhah. ( ah - ah )
(Wong tuwa nemu reribet saka polahe anak).
5. Kriwikan ,dadi grojogan. ( an - an )
(Prakara cilik dadi gedhe).
Lan isih akeh tunggale, klebu paribasan : Sadumuk bathuk, sanyari bumi.
Mung wae dhong-dhinge swara ing Sadumuk bathuk,sanyari bumi, beda karo dhong-dhinge swara ing conto ndhuwur. Yen sing ana ing ndhuwur, guru lagune mung loro : ang- ang / ok-ok / ut-ut / ah-ah lan an-an. Ing sadumuk bathuk ,sanyari bumi, gungunge guru lagu ana papat : uk-uk / i - i : Sadum(uk) bath(uk) , sanyar(i) bum(i).
Paribasan iku, tegese : prakaran ngenani wanita utawa lemah, dilabuhi tekan pati.
Jlentrehe mengkene :
Tembung bathuk sing dikarepake, yaiku bathuke wong wadon. wanita, bojone. Jembare bathuk iku mung sadumuk (sethithik), nanging dibelani tekan pati jalaran iku bojone. Bojo kok nganti digodha wong, direbut wong, o.. dibelani taker nyawa jalaran nyangkut ajining dhirine (harga dhiri ). Ati lanange rumangsa ditantang, rumangsa dikilani dhadhane, dadi lan nesune.
Tembung bumi, wis cetha tegese, yaiku lemah. Senajan jembare lemah mung sanyari (mung saambane telung driji,paribasane), hiya bakal dibelani tekan pati, sok nganti ngungkal gegagan kanggon bacokan yen padha petenge pikire. Lemah iku ora beda bathuk (bojo) kuwi mau, uga nyangkut harga dhiri, jalaran lemah iku papan dununge uripe ing ngalam ndonya, embuh lemah pomahan, lemah tegalan apa sawah. Yen pancen duweke temenan, bakal dibelani mati-matian yen nganti direbut uwong. Mulane yen ana gegeran, gugatan (sengketa) prakara lemah, suwe rampunge ing sidhang pengadilan, sidhang ora uwis-uwis tekan bandhing lan kasasi. Sing padha prakaran rumangsa padha duwe harga dhiri, isin yen nganti kalah, wani entek-entekan mbayar pengacara golek menang. Tembunge Jawa ya wis ana : timbang kalah wong, aluwung kalah wang. Tembung WANG ,maksude : UANG, dhuwit. Anane diucapake nganggo vokal hurup (w) = wang, kanggo amrih keprungu berirama karo anane tembung : WONG ing ngarep sing uga mawa hurup : (w) = wong. Dadi, senajan embah-embahe wong Jawa biyen padha buta hurup, ya wasis nata ukara lesan amrih laras dirungu.
Emane, adi-penine tembung paribasan tinggalane leluhur akeh sing ora dingerteni anak-putu lan buyute saka mrosote pasinaon basa Jawa.Tekan guru-guru ing sekolahan yen nerangake paribasan mung nyebutake apa tegese (artine) ngono wae. Ora nganggo njlentrehake siji-sijije tembung sing sabanjure kedhapuk dadi ukara wutuh kang nduweni teges.
Tembung bathuk sing maksude wanita, uga tinemu ing idhiom (ungkapan) basa Jawa tugelan, yaiku : Thuk lengku sing tegese : bathuk meleng-meleng diaku. Tembung iku kanggo nyebut wong lanang ngglithis nggames wedokan, doyan madon.
"Yen wong kuwi, aku wis apal klakuane, pancen thuk lengku."
Thuk saka tugelane tembung bathuk. Leng saka tugelane tembung meleng-meleng, ku saka tugelane tembung diaku. Saka tugelane tembung, dirakit dadi ukara kaya mengkono mau.Saben ana bathuk meleng-meleng, diaku dadi duweke. Ora beda tembung tugelan : wiwawite, lesmbadhonge (wi dawa uwite,tales amba godhonge).
Tembung bathuk meleng-meleng, kanggo nyebut rupa wadon kang ayu. Wangune bathuk sing endah resik, meleng-meleng.Tembung panyandra kanggo nyebut endahing bathuke wanita ya ana, yaiku : bathuke nyela cendhani. Nyela saka tembung sela (watu). Watu cendhani yaiku watu sing alus lumer kaya watu marmer. (*)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar