Jumat, 05 November 2010

Bothekan (1)

ING taun 1997, aku ngumpulake Paribasan, Bebasan, Sanepa lan sapanunggalane sing niyatku arep takterbitake dadi buku. Niyatku mbukokake uga ateges melu nguri-nguri amrih paribasan tinggalane leluhur iku ora kebacut ilang kesilep, ora beda kaya bangsane bumbon pawon sing kasimpen ana ing bothekan, ora ilang, mula rancangan buku kasebut takwenehi judhul BOTHEKAN. Nanging merga saka angele golek badhan penerbit,nganti saiki naskah kasebut isih ngangkrak.
Paribasan lan sapanunggalane tinggalane leluhur Jawa akeh sing wis ora dingerteni dening anak turune wong Jawa. Endi sing aran paribasan lan endi sing bebasan, saloka, sanepa lan sapanunggalane, ora ngerti pilah-pilahe. Racake wong kojah, digebyah uyah yen kabeh rupa paribasan. Kanggo mbedakake siji lan sijine, ing pungkasane ukara takwenehi tandha. Paribasan (Pb) ; Bebasan (Bs) ; Saloka (Sl); Sanepa (Sn) lan liya -liyane.

01. Abang-abang lambe (Pb).
Samudana ; lelamisan.

02. Abot anak tinimbang telak (Pb).
Luwih merlokake kaperluane anak tinimbang keperluane dhewe.

03. Adhang-adhang tetesing ebun (Pb)
Ngarep-arep paweweh sing durung karuwan tekane.

04. Adigang , adigung, adiguna (Pb)
Adigang : ngendelake kekuwatane.
Adigung : ngendelake kaluhuran lan kapinterane.
Adiguna : ngendelake panguwasane.

05. Adol lenga kari busike (Pb)
Dum-duman ora komanan dhewe.

06. Aji godhong jati aking ( (Pb)
Tanpa aji babarpisan.
( aking = garing )

07. Akal bulus (Pb)
Ngapusi kurang julig, gampang dingerteni dening wong sing arep diapusi.

08. Akal koja (Pb)
Ngapusi kanthi cara sing alus banget.
(sodhagar bangsa Indhu)

09. Akeh sandhungane (Et)
Kerep oleh alangan.

10. Aling-aling katon {Pb)
Arep nyelaki kaluputan,konangan saka tingkah lan guneme dhewe.

11. Aluwung kalah wang tinimbang kalah wong (Pb).
Aluwung kapitunan nanging prawira,tinimbang oleh kauntungan nanging nistha.

12. Ana bapang sumimpang (Bs)
Nyingkiri reruwet.
(bapang = blalag, njepapang mawa cagak dipaku ing pinggir dalan dienggo
tenger jenenge dalan utawa jenenge desa ).

13. Ana catur mungkur ( Pb)
Emoh ngrungokake rerasane liyan kang kurang prayoga.
( catur = gunem )

14. Ana dhaulate ana begjane (Pb)
Ana ungup-ungupe bakal nemu kabegjan nanging kabegjan iku ora sida teka.

15. Ana dina ana upa (Pb)
Wong sing ora nguwatirake pangan.

16. Anak anung anindhita ( (Br)
Anak sing linuwih tanpa cacat.

17. Anak polah bapa kepradhah (Pb)
Wong tuwa nemu reribet saka tingkah-polahe anak.

18. Anak-anak timun ( Bs)
Ngepek anake liyan,bareng wis gedhe diepek bojo.

19. Ancik-ancik pucuke eri ( Pb).
Ora kepenak atine ; tansah kuwatir.

20. Anggenthong umos (Bs).
Ora bisa nyimpen wadi.

21. Anglong jiwa (Br)
Katon saya kuru awake merga sedhih.

22. Angon iriban (Pb)
Angon wayah.

23. Angon ulat ngumbar tangan ( Pb).
Maspadakake ulate liyan,arep dikutil barange.

24. Anguk-anguk kubur (Pb)
Wis meh mati.

25. Anteng kitiran (Sn)
Esreg banget ora bisa meneng.

26. Apik kemripik nancang kirik (Pb)
Laire katon apik nanging batine ala.

27. Arep jamure emoh watange (Pb)
Gelem kepenake, emoh kangelane.
(watang = kayu prebatang = batang kayu papan uripe jamur)

28. Asrah jiwa (Br)
Masrahake pati uripe.

29. Asu arebut balung (Bs)
Regejegan perkara sepele.

30. Asu belang akalung wang (Bs)
Wong asor nanging sugih.

31. Asu gedhe menang kerahe ( Sl)
Wong kuwasa yen orakara \n karo wong cilik padhatan menang senajan
wong kuwasa iku kudune kalah jalaran luput.

32. Atangga macan (Pb)
Tetanggan wong sing ngangkah rusake liyan.

33. Ati bengkong oleh oncong ( Pb)
Wong ala oleh kanca ala, utawa : duwe karep ala banjur oleh dalan
sing ora prayoga.
(oncong = oncor ; obor ; urubing peni).

34. Atine metu wulune ( Pb)
Tuwuh drengkine ; tuwuh panastene

35. Atine momot ( Et)
Atine sabar banget.

36. Awak pendhek budi ciblek (Bs)
Wong asor kang uga asor budine.

37. Bacin-bacin iwak ala-ala sanak (Bs)
Senajan ala wong isih sedulur,yen sengsara ya ora mentala.

38. Baladewa ilang gapite ( Bs)
Tanpa daya jalaran ilang kekuwatane.

39. Bali menyang kinjeng dome (Bs)
Wong cilik dadi wong gedhe,wusana dadi cilik maneh.
(kinjeng dom = kinjeng cilik saedom )

40. Bandha bau (Pc)
Mung pawitan bau, tanpa kepinteran.

41. Banyu pinerang ( Pb).
Pasulayane (tukarane) sedulur enggal rukun maneh.

42 .Banyu sinaring ( Pb)
Tansah ngati-ati ngulatake budine liyan.

43. Bapa kesulah anak kepradhah ( Pb)
Anak wajib tanggunbg jawab marang perkarane wong tuwane sing
wis mati, nyauri utange lan sapanunggalane.

44. Bathang gajah ( Bs)
Wong gedhe sing wis ilang panguwasane.

45. Bathang lelaku ( Bs)
Wong ijen sing ngambah dalan sing mbebayani.

46. Bathang ucap-ucap ( Bs)
Wong loro ngambah dalan sing mbebabayni.

47. Bathok bolu isi madu (Bs)
Wong asor nanging sugih kepinteran.
(bathok bolu = bathok wadhah jamu jaman biyen)

48. Bau kapine ( Bs)
Ora padha pangrengkuhe ; pilih kasih.

49. Bebek diwuruki nglangi (Bs)
Wong pinter diwuruki.

50. Bebisik nguwuh-uwuh ( Bs)
Arep rempit marang wadi nanging solah bawane ngetarani
njalari kewiyak wadine.
(bebisik = omong alon ; bisik-bisik )