Jumat, 05 November 2010

Bothekan (3)

151. Ganti watang (...)
Ganti pegaweyan.

152. Gantung kepuh (...)
Ora duwe sandhangan kanggo salin.

153. Garing-garing anggere garang ( Pb)
Senajan mlarat nanging aja nganti ngisin-isini.
( garang = katon gagah)

154. Gedhang apupus cindhe ( Bs)
Kabegjan kang elok banget.
(cindhe ; kain sutra abang motif kembang-kembang)

155. Gedhe dhuwur ora pangur ( Bs)
Wis dewasa durung ngerti tatakrama

156. Gedhe endhase ( ..)
Kumalungkung ; gumedhe ; angkuh.

157. Gemblung jinurung, edan kuwarisan ( Pb)
Ugal-ugalan nanging tansah slamet.
(gemblung = gendheng ; edan )

158. Geni pinanggang (( Bs)
Lagi nesu tampa wewadul, saya mundhaqk nesune.

159. Gentho tlesor ( Pb)
Wong ala nyenyolong ing paran.
(gentho = maling )

160. Glathik sakurungan (Bs)
Wong-wong sing wis golong-gilig.

161. Gliyak-gliyak yen tumindak ( ... )
Senajan kanthi alon, yen terus ditandangi, suwe-suwe mesthi
bakal rampung.

162. Glundhung semprong ( Pb)
Wanita nalika wiwit bebrayan karo priya ora nggawa apa-apa.

163. Giri lusi janma tan kena ingina (Pb)
Cacing wae bisa nggremet tekan pucuk gunung, apamaneh manungsa,
saya ora kena disepelekake.
(giri = gunung ; lusi = suket ; janma = wong ; tan = ora )

164. Golek klimising lambe ( .. )
Golek suguhan.

165. Gong lumaku tinabuh (Bs)
Kumudu-kudu ditakoni.

167. Gong muni sasele (Bs)
Mriksa perkara lagi ngrungokake guneme wong siji, wong
sijine durung ditakoni.
(sasele = sasisih)

168. Greget-greget suruh (...)
Nesu nanging ora kawetu.

169. Gudhang rempelas (...)
Pinter ngapusi.

170. Gumembrang ora adang (... )
Mung anggras thok.
Mung nggetak thok sarana swara.

171. Gupak pulut ora mangan nangkane (Pb)
Melu kangelan ora melu ngrasakake pituwase.
(pituwase = asile )

172 Guru aleman (...)
Seneng dialembana.

173. Guru Bakal (Br)
Samubarang kang isih wujud bakal, durung dadi dandanan. Kayadene :
mas lantakan ; kapuk ; kayu ; wesi lan sapanunggalane.

174. Guru dadi (Br)
Samubarang kang wis dadi dandanan, kayadene : gelang, kalung, jarit, kursi
lan sapanunggalane.

175. Guru lagu (...)
Dhong-dhinge swara ing pungkasane tembang Macapat.
(macapat = tembang cacah 9 , yaiku : kinanthi ; pucung; asmaradana ; mijil ;
maskumambang ; pangkur ; sinom, dhandhanggula ; durma ).

176. Her gung raja manung (Bs)
Sing sugih, sing berbudi.
(her = banyu ; gung = agung )

177. Her mina kata (...)
Nungsung pawarta ; njaluk kabar.
(her = banyu ; mina = iwak ; kata =pangucap, ujar, gunem ).
(Kaya iwak ing banyu sing tansah obah lambene, kaya lambene
wong tetakon).
Yen ing crita pewayangan, sing ajeg takon mengkono iku Dursasana marang
bapa pamane,Harya Sangkuni, patih praja Hastina, sawuse Sangkuni mundur saka
pasewakan ( sawuse ngadhep Ratu). Ing pagelaran njaba ,wis dipapag Dursasana
sakadang Kurawa" ha ha ha ha ha ha....,her mina kata, Man. Nungsung pawartos,
menapa ingkang dipun rembag. Ha ha ha ha..."



178. Holobis kuntul baris (...).
Sengkut gumregut maju bebarengan.

179. Idu didilat maneh (Bs)
Njabel kesaguhan kang wis dijanjekake.

180. Idu geni (Bs)
Klakon saguneme.

181. Ila-ila wong tuwa malati (...)
Ngestokake kandhane wong tuwa.

182. Ilang-ilangan endhog siji (Pb)
Tekad-tekadan kelangan anak siji ora dadi apa,
yen anak iku ora manut wong tuywa.

183. Isih amba jangkahe. (...)
Isih aqkeh sing dijangka ; isih bisa njangka sing muluk-muluk
jalaran umure isih enom.

184. Isih mambu kulit (Pb)
Isih klebu sedulur.

185. Iwak klebu wuwu (Bs)
Kena diapusi kanthi gampoang.
Utawa : nemoni bebaya kang wis ora bisa ngoncati.

186. Jajabang mawinga-winga (Cd)
Raine mengangah abang kaya kembang wora-wari saka banget nesune.
(winga = katon abang mbranang tumrap rai ; mawinga-winga = banget abang ).


187. Janma mati murka (Pb)
Wong cilaka merga saka murkane.

188. Jaran krubuhan empyak (Pb)
Wis kanji banget
(kanji = kapok ; jinja ; trauma )

189. Jati ketlusuban ruyung (Bs)
Golongane wong becik-becik ketlusuban (klebon) wong ala.
(ruyung = rerungkutan bangsane glagah alang-alang luwih gedhe)

190. Jembar dhadhane (Et)
Sabar.

191. Jembar kawruhe (Et)
Akeh ilmune.

192. Jembar kubure (Et)
Mlebu swarga ; diapura kabeh dosane.

193. Jembar segarane (Et)
Sugih pangapura.

194. Jenang dodol tiba wedhi (Bs)
Rembug wis dadi banjur ana sing njalari jugare.
(jugar = buyar ; wurung ; ora sida )

195. Jumambak manak jumebang meteng (Pb)
Wong wadon kang sugih anak.
(Saben rambute anake wayah jumambak , kena dicambak, duwe anak maneh.
Saben anake maneh iku rambute wis jumebeng, wis wiwit weteng maneh.
Jumebeng = wayah ngarepake jumambak ).

196. Jun lokak kocak (Bs)
Wong sing ora akeh kawruhe, sok dhemen umuk.

197. Jurang grawah ora mili (Bs)
Katone loma nanging cethil.

198. Kabegjan kebrayan (...)
Sugih donya, sugih anak.

199. Kadang kadeyan (...)
Sanak sedulur ; kadang warga.

200. Kadang katut (...)
Dadine kadang karo wong liya jalaran ana sedulure sing
dialap bojo dening wong liya mau.

201. Kadang konang (Bs)
Sing diaku sedulur mung sing sugih.

(Ana candhake)