Jumat, 05 November 2010

Bothekan (4)

202. Kacang ora ninggal lanjaran (Bs)

Klakuane anak padhatan ora adoh saka klakuane wong tuwane.



203. Kajenanga, kaebora (Pb)

Arep dikapakane ,mangsa bodhoa awit wis dipasrahake.



204. Kakehan gludhug kurang udan (...)

Mung kakehan janji thok, mung omong thok.



205. Kakehan pawon (Pb)

Bola-bali ngalih omah.



206. Kalah cacak menang cacak (...)

Sabarang gawe perlu dijajal utawa dinyatakake luwih dhisik.

(cacak = jajal = coba )



207. Kandel kupinge (Pb)

Ora duwe isin.

(Senajan kupinge krungu tembung ora pantes, meksa ora isin)



208. Kandhang langit kemul mega (Br)

Wong tanpa asal paran ; wong mbambung utawa wong sing mblayangan

mrana-mrana ora duwe papan panggonan.

Tembunge : :omahe ya langit (kolong langit), kemule (yen turu) mega.



209. Kapiran kapirun, gaga ora matun, sapi ora nuntun (Pb)

Kapirun, ora kepanduman apa-apa.



210. Karoban saksi (Pb)

Wis akeh wong sing meruhi, nyekseni panggawe ala.

(karoban = kebyukan akeh)



211. Kasep lalu wong meteng sesuwengan (Bs)

Kasep banget.

(Nalika isih prawan ora suwengan, bareng wis meteng lagi suwengan. Mangka

miturut adat Jawa, wong sing lagi ngandhut ora kena kesangsangan penganggon

saka emas, gelang, kalung, suweng, ali-ali dicopoti kabeh).



212. Kawruhe jero tapak meri (Et)

Kawruhe cethek banget.



213. Kawuk ora weruh marang salirane (Bs)

Nacad marang liyan, ora ngerti menawa awake luwih ala tinimbang

sing diwadoni (sing dicacat).

(kawuk = samubarang kang ala saka wis lawase).



214. Kaya asu karo kucing ( Bs)

Ora bisa rukun.



215. Kaya banyu karo lenga (Pb)

Sedulur sing ora bisa raket.



216. Kaya Cina craki (Bs)

Cethil banget.

(craki = cethil )



217. Kaya dhalang kurang sajen (Pp)

Wong guneman sing semune kurang greget.

( greget = semangat )



218. Kaya jambe sinigar (..)

Padha rupane, kaya wong kembar.



219. Kaya jangkrik mambu kili (Pp)

Tandange wong ngamuk sing waringuten.



220. Kaya kethek ditulup ( Bs)

Lingak-linguk merga bingung, ora ngerti apa sing bakal ditindakake.



221. Kaya kinjeng tanpa soca (Bs)

Blasuran tiondake merga ora ngerti tata.

(soca = mripat ; kaya kinjeng tanpa mripat = nabrak=nabrak)



222. Kaya mimi lan mintuna (Pp)

Tansah reruntungan, rukun banget prasasat ora tau pisah.

(mimi lan mintuna, arane uripuripan lanang-wadon sing urip ana ing

banyu pinggir segara, tansah reruntungan ora tau pisah)



223. Kaya orong-orong kepidak (...)

Cep klakep, meneng dadakan.



224. Kebat kliwat gampang pincang (...)

Tumindak kesusu wusana nemu tinemu salah.



225. Kebanjiran segara madu (Pb).

Oleh kabegjan kang gedhe.



226. Kebo bule mati setra (Bs)

Wong pinter sengsarab uripe,jalaran ora ana wong sing mbutuhake kepinterane.



227. Kebo ilang tombok kandhang (Pb)

Kelangan barang digoleki ora ketemu, malah kelangan wragad

kanggo nggoleki.



228. Kebo kabotan sungu (Bs)

Rekasa uripe jalaran kakehan anak nganti ora bisa ngragadi anak-anake.



229. Kebo lumumpat palang (Bs)

Ngadili perkara sing ora manut undhang-undhange negara.



230. Kebo mlaku dipasangi (...)

Wong sing njaluk digawekake.



231. Kebo mulih menyang kandhange (Bs)

Pangkat sing oncat saka sawijining waris, pamburine pangkat iku bisa bali

menyang waris iku maneh.

Utawa : wong sing nalika isih enom nyambutgawe ing papan adoh,

bareng wis tuwa banjur bali menyang tanah papan klairane, papan

asal-usule.



232. Kebo mutung ing pasangan (Bs)

Nggarap pegaweyan durung rampung, wegah nerusake.



233. Kebo nusu gudel (Bs)

Wong tuwa njaluk warah anak utawa marang wong enom.



234. Kebo sapi dikeluhi, yen wong dikandhani (...).

Manungsa iku cukup diereh nganggo tembung.



235. Kecik-kecik yen wudhu (...)

Ana ing pajagongan, sethithik- sethithik yen melu omong.

kecik = arane isi sawo

wudhu = (melu) tombok yen carane wong main, ngabotohan.

Yen ing pajagongan, ya melu tombok gunem, swara, melu omong.



236. Keduwung nguntal wedhung (Pb)

Nggetuni perkara sing wis mungkur.

(wedhung = saemper pangot utawa peso sing pucuke lancip)



237. Kegedhen empyak kurang cagak ( Bs)

Kegedhen panjangka, kurang kepinteran.



238. Kejugrugan gunung menyan (Bs)

Oleh kabegjan kang gedhe.



239. Kekudhung walulang macan (Pb)

Lumrahe sok diucapake luwih singkat : kudhung lulang macan.

Nganggo aling-aling wong kuwasa supaya kaleksanan sedyane.

(sedyane = karep tujuane)



240. Kelacak kepathak (..)

Ora bisa mukir merga wis kebukten.



241. Kendel ngringkel, dhadhag ora godag (Pb)

Ngakune kendel jebul kuwalahen.



242. Kendhile nggoling (...)

Kecingkrangan ; kurang pangan.



243. Kendhit mimang kadang dewa (Bs)

Kalis ing bebaya.

( mimang = oyot ringin sok dienggo srana panulaking bebaya k anthi

dikendhitake/disabukake ) Maksude : enggone kalis saka bebaya

kaya-kaya wis kendhitan mimang lan ya dadi kadange Dewa.



244. Kepalu ketutu (....)

Kapitunan luwih saka sawarna.

(luwih saka sawarna = luwih saka siji )



245. Kepaten obor (...)

Kelangan lacak aluraning sedulur.



246. Kepaten pasaban (Pb)

Kelangan papan pangupajiwa.



247. Kepergok pager suru (Bs).

Nemu reribed dadakan.



248. Keplok bokong (...)

Nyuraki wong kasangsaran.



249. Keplok ora tombok ( Pb)

Melu seneng-seneng ora melu kelangan wragad.



250. Kere munggah bale ( Bs)

Wong asor didadekake priyayi.



251. Kere nemoni Mulud (Pb).

Memangan kanthi dhokoh ninggal tata.



252. Keri tanpa, pinecut (Pb)

Merga rumangsa nindakake penggawe ala, atine wis sumelang

senajan ora didakwa.



253. Kerubuhan gunung (Pb).

Nemu kesusahan gedhe.



254. Kesandhung ing rata, kebenthus ing tawang (Pb)

Nemu bebaya sing ora dinyana-nyana

(rata = papan kang rata ; tawang = awang-awang )

Ing papan rata kok bisa kesandhung? Ing awang-awang kok

bisa kebenthus?



255. Kesasaban tapih (Pb).

Priya (wong lanang ) sing kalah prabawa karo bojone.

(kesasaban = ketutupan ).

kesasaban saka tembung lingga (kata dhasar) 'sasab' sing uga ateges : menang

kesasaban tapih bisa ditegesi sing menang tapih.

tapih = jarit ; jarik (kain penganggone wanita).





256. Ketepang ngrangsang gunung (...)

Wong sekeng (mlarat) darbe panjangka gedhe.



257. Kethek saranggon ( Sl)

Wong ala sagrombolan.



258. Ketiban awu anget (Bs).

Ora ngerti apa-apa didakwa.



259. Ketiban ndaru (...).

Oleh kabegjan kang gedhe banget.

(ndaru = pulung = wahyu kabegjan )



260. Ketiban tai baya (Bs)

Kena ing dakwa, ditarka (didakwa) nindakake panggawe ala.



(Ana candhake)



Cathetan :

Apa sing takaturake iki olehku nglumpukake saka buku-buku lawas lan buku anyar. Nanging ora mesthi ana ketrangan sing jangkep, klebu paribasan, bebasan, saloka apa liyane. Mulane ing samburine ukara ana sing takkosongi kanthi tandha (...). Iku takpasrahake marang panjenengan, pemaos, kepiye enggone menggalih kanthi wis takaturi cathetan ing ngarep , apa sing disebut Paribasan, Bebasan, Saloka, Sanepa, Panyandra, Pepindhan lan sapanunggalane.(*)